PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 44 hlm. 108-hlm. 109 par. 3
  • Bait kanggo Yéhuwah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Bait kanggo Yéhuwah
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Intiné Buku 1 Para Raja
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 44 hlm. 108-hlm. 109 par. 3
Geni saka Yéhuwah ngobong persembahan sing ana ing mézbah

PELAJARAN 44

Bait kanggo Yéhuwah

Raja Salomo ndonga

Sakwisé dadi raja Israèl, Salomo ditakoni karo Yéhuwah. Yéhuwah takon, ’Kowé arep njaluk apa?’ Salomo njawab, ’Aku isih enom. Aku ora ngerti apa-apa. Tulung, wènèhana aku kawicaksanan bèn isa mimpin umat-Mu.’ Yéhuwah ngomong, ’Merga kowé njaluk kawicaksanan, kowé bakal dadi wong sing paling wicaksana sak donya. Kowé ya bakal dadi wong sing sugih banget. Nèk terus manut Aku, umurmu bakal dawa.’

Salomo mulai mbangun bait. Salomo nggunakké emas, pérak, kayu, lan watu-watu berharga. Éwonan tukang sing trampil padha mèlu mbangun bait. Pitung taun bar kuwi, baité rampung lan akhiré diresmèkké. Salomo sujud ing ngarepé mézbah. Ing ndhuwuré mézbah kuwi ana persembahan kanggo Yéhuwah. Salomo ndonga, ’Yéhuwah, bait iki pancèn ora pati gedhé utawa megah kanggo Njenengan. Tapi, muga-muga Njenengan gelem nampa ibadah lan dongané bangsa iki.’ Piyé tanggepané Yéhuwah soal bait lan dongané Salomo? Bar Salomo ndonga, Yéhuwah nggawé ana geni saka langit sing ngobong kabèh persembahan sing ana ing mézbah. Kuwi nduduhké nèk Yéhuwah seneng banget karo bait sing wis digawé. Wektu ndelok kuwi, bangsa Israèl seneng banget.

Geni saka Yéhuwah ngobong persembahan sing ana ing mézbah

Kabèh wong Israèl lan wong-wong saka bangsa liya ngerti soal kawicaksanané Raja Salomo. Wektu nduwé masalah, akèh wong teka njaluk bantuané Salomo. Ratu saka Syéba ya teka kanggo mènèhi pitakonan-pitakonan sing angèl. Sakwisé krungu jawabané Salomo, dhèwèké ngomong, ’Mauné aku ora percaya omongané wong-wong soal njenengan. Tapi, saiki aku ngerti nèk njenengan luwih wicaksana ketimbang sing diomongké wong-wong kuwi. Njenengan pancèn diberkahi karo Yéhuwah.’ Wektu kuwi, bangsa Israèl uripé kepénak lan bahagia. Tapi, keadaané bakal berubah.

”Ing kéné, ana wong sing luwih penting timbang Salomo.”​—Matius 12:42

Pertanyaan: Kenapa Yéhuwah nggawé Salomo dadi wong sing paling wicaksana? Apa buktiné Yéhuwah seneng karo bait sing dibangun Salomo?

1 Para Raja 2:12; 3:4-28; 4:29–5:18; 6:37, 38; 7:15–8:66; 10:1-13; 2 Babad 7:1; 9:22

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim