PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 51 hlm. 124-hlm. 125 par. 2
  • Pemimpin Pasukan lan Cah Wédok

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Pemimpin Pasukan lan Cah Wédok
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 51 hlm. 124-hlm. 125 par. 2
Naaman nemoni Èlisa bèn isa séhat manèh

PELAJARAN 51

Pemimpin Pasukan lan Cah Wédok

Ana cah wédok Israèl sing digawa pasukan Siria. Dhèwèké dadi adoh saka keluargané. Ing Siria, cah wédok kuwi dadi pelayané bojoné Naaman. Naaman kuwi pemimpin pasukan Siria. Cah wédok kuwi tetep nyembah Yéhuwah senajan wong-wong ing kono ora.

Wektu kuwi, Naaman lagi kena penyakit kulit sing parah. Dhèwèké ngrasakké lara saben dina. Cah wédok kuwi péngin mbantu majikané. Dhèwèké ngomong karo bojoné Naaman, ’Ing Israèl, ana nabiné Yéhuwah sing jenengé Èlisa. Dhèwèké isa nggawé bojomu séhat manèh.’

Terus, Naaman dikandhani bojoné soal kuwi. Naaman gelem nindakké apa waé bèn isa mari. Dadi, dhèwèké gelem nemoni Èlisa ing Israèl. Naaman ngira nèk Èlisa bakal nampa dhèwèké dadi tamu istiméwa. Tapi, Èlisa ora nemoni dhèwèké langsung. Èlisa malah ngongkon pelayané nemoni Naaman kanggo ngomong, ’Nyemplunga ing Kali Yordan nganti ping pitu. Mengko kowé bakal mari.’

Naaman nesu banget. Dhèwèké ngomong, ’Tak kira nabi iki bakal ngundang Gusti Allahé, terus nggawé mukjijat bèn aku mari. Lha kok aku malah dikon nyemplung ing kaliné Israèl. Kali-kali ing Siria kan luwih apik. Ngapa aku ora dikon nyemplung ing kana waé?’ Terus, Naaman lunga saka omahé Èlisa.

Naaman nyemplung ing Kali Yordan, terus isa séhat manèh

Tapi, para pelayané Naaman ngupaya ngandhani dhèwèké. Pelayané ngomong, ’Njenengan kan ngomong nèk bakal nindakké apa waé bèn isa séhat manèh, ta? Préntahé nabi kuwi gampang banget. Kenapa ora dicoba waé?’ Naaman manut sarané para pelayané. Dhèwèké lunga ing Kali Yordan, terus nyemplung ing kono nganti ping pitu. Bar metu saka banyu, Naaman dadi séhat manèh. Dhèwèké seneng banget. Terus, dhèwèké marani Èlisa manèh kanggo ngucapké maturnuwun. Naaman ngomong, ’Saiki aku ngerti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener.’ Nurutmu, piyé perasaané cah wédok Israèl kuwi wektu ngerti nèk Naaman wis séhat manèh?

”Njenengan nyebabké bocah cilik lan bayi ngucapké pujian.”​—Matius 21:16

Pertanyaan: Nurutmu, apa gampang kanggo cah wédok kuwi ngomong karo bojoné Naaman? Nurutmu, apa sing nggawé cah wédok kuwi kendel?

2 Para Raja 5:1-19; Lukas 4:27

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim