PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 96 hlm. 224-hlm. 225 par. 2
  • Yésus Milih Saul

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Yésus Milih Saul
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kabèh Jemaat ”Ngrasakké Ayem Tentrem”
    ”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap soal Kerajaané Gusti Allah”
  • Daud lan Saul
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Raja Israèl sing Pertama
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Kristus Ana ing Sisih Tengené Gusti Allah
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 96 hlm. 224-hlm. 225 par. 2
Ana cahaya sing padhang banget ing sekitaré Saul

PELAJARAN 96

Yésus Milih Saul

Saul kuwi warga negara Romawi sing lair ing kutha Tarsus. Dhèwèké kuwi wong Farisi sing pinter banget soal Hukum Yahudi. Dhèwèké sengit karo wong Kristen. Dhèwèké nyèrèt wong Kristen saka omah-omahé, lan nglebokké wong-wong kuwi ing penjara. Malah, wektu Stéfanus dibalangi watu karo wong akèh, Saul ya ana ing kono lan ndelok peristiwa kuwi.

Tapi, Saul ora puas nèk mung nangkep wong Kristen sing ana ing Yérusalèm. Mula, dhèwèké njaluk ijin saka imam agung bèn isa nangkep wong Kristen ing kutha Damaskus. Pas wis arep tekan kutha kuwi, ana cahaya sing padhang banget ing sekitaré Saul. Saul langsung tiba ing tanah. Terus, ana swara sing ngomong, ’Saul, ngapa kok kowé nganiaya aku?’ Saul takon, ’Njenengan sapa?’ Swara mau njawab, ’Aku Yésus. Lungaa ing Damaskus. Mengko kowé bakal ngerti apa sing kudu mbok tindakké.’ Saul langsung dadi wuta. Dhèwèké kudu dituntun bèn isa mlebu ing kutha kuwi.

Ing Damaskus, ana wong Kristen sing setya sing jenengé Ananias. Yésus ngandhani Ananias liwat penglihatan, ’Lungaa ing omahé Yudas ing Dalan Lurus. Golèkana wong sing jenengé Saul.’ Ananias ngomong, ’Gusti, aku wis krungu soal dhèwèké. Dhèwèké sing nglebokké murid-muridmu ing penjara.’ Tapi, Yésus ngomong, ’Lungaa nemoni dhèwèké. Aku wis milih Saul kanggo nginjil ing akèh bangsa.’

Bar ndelok cahaya sing padhang banget, Saul dadi wuta

Mula, Ananias nemoni Saul. Ananias ngomong, ’Saul, sedulurku, Yésus wis ngongkon aku kanggo marèkké mripatmu.’ Saul langsung isa ndelok manèh. Bar kuwi, dhèwèké sinau soal Yésus lan dadi pengikuté. Bar dibaptis, Saul mulai nginjil ing sinagogé karo wong Kristen liyané. Wong-wong mesthi kagèt wektu ndelok Saul mulangké soal Yésus. Apa kowé isa mbayangké kuwi? Wong-wong kuwi ngomong, ’Wong iki kan sing seneng nganiaya murid-muridé Yésus, ta?’

Saul nginjil ing Damaskus nganti telung taun. Wong Yahudi ora seneng karo Saul lan nggawé rencana kanggo matèni dhèwèké. Tapi, para sedulur ngerti soal rencana kuwi. Para sedulur mbantu Saul bèn isa metu saka kutha kuwi. Saul diedhunké nganggo kranjang gedhé liwat bolongan ing témbok kutha kuwi.

Saul lunga ing Yérusalèm. Dhèwèké péngin nggabung karo para sedulur ing kana. Tapi, para sedulur kuwi wedi. Terus, ana murid sing apikan sing jenengé Barnabas ngejak Saul nemoni para rasul. Barnabas njelaské nèk Saul wis berubah. Saul mulai semangat nginjil bareng sedulur-sedulur ing Yérusalèm. Akhiré, dhèwèké disebut Paulus.

”Kristus Yésus teka menyang donya iki kanggo nylametké wong-wong sing dosa. Ing antarané wong-wong kuwi, aku sing paling dosa.”​—1 Timotius 1:15

Pertanyaan: Kenapa wong Kristen wedi karo Saul? Piyé critané Saul akhiré berubah?

Kisah 7:54–8:3; 9:1-28; 13:9; 21:40–22:15; Roma 1:1; Galatia 1:11-18

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim