Pengantar Bagian 8
Salomo diwènèhi Yéhuwah kawicaksanan lan dikon mbangun bait. Tapi, suwé-suwé Salomo dadi ora manut Yéhuwah. Nèk nduwé anak, jelasna karo dhèwèké nèk sing nyebabké Salomo dadi ora manut kuwi merga nduwé kanca-kanca sing ora nyembah Yéhuwah. Kerajaané kebagi dadi loro, lan raja-raja sing jahat nggawé bangsa Israèl dadi murtad lan nyembah brahala. Wektu kuwi, ana akèh nabiné Yéhuwah sing disiksa lan dipatèni. Ratu Izebèl nggawé kerajaan utara dadi tambah murtad. Ing jaman kuwi, keadaané bener-bener kacau. Tapi, isih ana akèh wong sing nyembah Yéhuwah ing antarané bangsa Israèl. Contoné yaiku Raja Yéhosyafat lan Nabi Èlia.