LAGU 128
Setya Nganti Akhir
Vèrsi Tercétak
1. Janjiné Yah ing Alkitab
isa dipercaya.
Kudu yakin nèk Yéhuwah
mbantu abdiné setya.
Kudu percaya Yéhuwah
wektu ana masalah.
Nèk berhasil diatasi,
Imanmu tambah kuwat.
2. Aja nganti ’ra semangat
pas ana masalah.
Wong sing setya lan percaya
mesthi dibantu Huwah.
Wong-wong sing sayang Yéhuwah
bakal t’rus dilindhungi,
Mesthi bakal dikuwatké
lan terus diberkahi.
3. Wong sing setya nganti akhir
bakal dislametké.
Yéhuwah ’ra bakal lali
wong sing kuwat tékadé.
Terus kuwatna imanmu,
Setya dadi abdiné.
Uripmu bakal nyenengké,
Lan Yah seneng atiné.
(Deloken Ibr. 6:19; Yak. 1:4; 2 Ptr. 3:12; Why. 2:4.)