PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w21 Juli hlm. 8-13
  • Niru Yéhuwah sing Sabar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Niru Yéhuwah sing Sabar
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • YÉHUWAH SABAR NGADHEPI APA WAÉ?
  • NIRU YÉHUWAH SING SABAR
  • Terusa Kuwat Ngadhepi Masalah Nganti Tuntas
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Terus Setya
    Seneng Nyanyi Muji Yéhuwah
  • Kudu Tetep Setya
    Ayo Nyanyi kanggo Yéhuwah—Lagu Anyar
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
w21 Juli hlm. 8-13

ARTIKEL PELAJARAN 27

Niru Yéhuwah sing Sabar

”Nèk kowé terus setya nganti akhir, kowé bakal slamet.”​—LUK. 21:19.

LAGU 114 ”Kudu Sabar”

ISINÉ ARTIKEL IKIa

1-2. Kenapa Yésaya 65:16, 17 isa nyemangati awaké dhéwé bèn isa tetep sabar?

TÉMA pertemuan gabungan wilayah taun 2017 yaiku ”Jangan Menyerah!” Ing acara kuwi, awaké dhéwé dikandhani bèn tetep sabar wektu ngalami masalah. Saiki wis patang taun kèt pertemuan kuwi, ning awaké dhéwé isih kudu sabar merga ana akèh masalah.

2 Apa njenengan lagi sedhih merga ditinggal mati karo keluarga utawa kanca? Apa njenengan lagi lara parah utawa ngalami masalah merga wis tuwa? Apa njenengan bar kena bencana alam, dadi korban kejahatan, utawa dianiaya karo wong sing ora seneng karo Seksi Yéhuwah? Terus, apa njenengan ya ngalami masalah merga wabah COVID-19? Ing Alkitab ana janji nèk masalah-masalah kuwi bakal ora ana manèh lan ora bakal diéling-éling manèh. Awaké dhéwé mesthi péngin bèn janji-janji kuwi ndang kelakon.​—Wacanen Yésaya 65:16, 17.

3. Awaké dhéwé kudu piyé, lan kenapa?

3 Saiki, uripé awaké dhéwé wis susah. Sukmbèn, awaké dhéwé ya isa waé ngadhepi masalah-masalah sing luwih abot. (Mat. 24:21) Mulané, awaké dhéwé kudu sabar lan ngupaya bèn tetep setya. Kenapa? Yésus ngomong, ”Nèk kowé terus setya nganti akhir, kowé bakal slamet.” (Luk. 21:19) Awaké dhéwé isa tambah sabar nèk sinau saka contoné wong liya sing sabar wektu ngadhepi masalah.

4. Kenapa Yéhuwah kuwi conto sing paling apik soal kesabaran?

4 Conto sing paling apik soal kesabaran kuwi Yéhuwah. Mungkin njenengan ora nyangka nèk Yéhuwah kudu sabar wektu ngadhepi masalah. Tapi, coba pikirna iki. Merga donya iki dikuwasani Sétan, manungsa ngalami akèh masalah. Yéhuwah sakjané isa langsung nyingkirké kabèh masalahé manungsa. Tapi, Yéhuwah ngerti nèk saiki durung wektuné. Mula, Yéhuwah kudu sabar. (Rm. 9:22) Saiki, ayo ngrembug sanga masalah sing diadhepi Yéhuwah lan gatèkna nèk Yéhuwah sabar wektu ngadhepi kuwi kabèh.

YÉHUWAH SABAR NGADHEPI APA WAÉ?

Ula lagi ndeloki Hawa sing mèh mangan buah sing ora éntuk dipangan.

5. Apa buktiné nèk jenengé Yéhuwah wis dièlèk-èlèk, lan piyé perasaané njenengan merga jenengé Yéhuwah wis dièlèk-èlèk?

5 Jenengé dièlèk-èlèk. Yéhuwah nganggep nèk jenengé kuwi penting, lan Dhèwèké péngin bèn kabèh manungsa ngluhurké jenengé. (Yés. 42:8) Tapi nyatané, jenengé Yéhuwah wis dièlèk-èlèk selama 6.000 taun. (Mzm. 74:10, 18, 23) Jenengé Yéhuwah pertama kali dièlèk-èlèk pas Adam karo Hawa isih ing Taman Èden. Wektu kuwi, Iblis (sing artiné ”Tukang Mitnah”) nudhuh nèk Gusti Allah ora péngin Adam karo Hawa uripé bahagia. (PD. 3:1-5) Kèt jamané Adam nganti saiki, Yéhuwah wis bola-bali ditudhuh nèk Dhèwèké ora péngin manungsa urip bahagia. Yésus ya ora seneng nèk jenengé Yéhuwah dièlèk-èlèk. Mulané, dhèwèké ngajari murid-muridé bèn ndonga, ”Bapakku sing ana ing swarga, muga-muga jeneng-Mu disucèkké.”​—Mat. 6:9.

Hawa ngekèki Adam buah kuwi.

6. Kenapa Yéhuwah ngijinké manungsa nggawé pamréntahan dhéwé?

6 Akèh sing ora péngin dipréntah karo Yéhuwah. Yéhuwah sakjané nduwé hak mréntah kabèh ciptaané. Terus, carané Yéhuwah mréntah kuwi ya wis mesthi sing paling apik. (Why. 4:11) Ning, Iblis ngojok-ojoki malaékat lan manungsa bèn mikir nèk Yéhuwah kuwi ora pantes mréntah ciptaané. Bèn isa mbuktèkké nèk Sétan kuwi salah, butuh wektu sing suwé. Mula nganti éwonan taun, Yéhuwah ngijinké manungsa nggawé pamréntahan dhéwé. Hasilé, kabèh manungsa bakal ngerti nèk pamréntahané bakal gagal. (Yér. 10:23) Merga Yéhuwah sabar, ora bakal ana manèh sing wani mikir nèk Yéhuwah ora pantes mréntah kabèh ciptaané. Kabèh bakal ngerti nèk Yéhuwah kuwi penguwasa sing paling apik lan mung Kerajaané sing isa nggawé manungsa bener-bener bahagia.

Sétan karo malaékat-malaékat sing jahat.

7. Sapa waé sing mbrontak karo Yéhuwah, lan sukmbèn kabèh sing mbrontak kuwi bakal diapakké?

7 Ana malaékat lan manungsa sing mbrontak. Yéhuwah nyiptakké malaékat lan manungsa kuwi sampurna. Tapi ana malaékat sing mbrontak karo Yéhuwah, yaiku Sétan (sing artiné ”Penentang”). Merga dipengaruhi karo Sétan, Adam lan Hawa akhiré mèlu mbrontak. Bar kuwi, ana akèh malaékat lan manungsa sing mèlu mbrontak karo Yéhuwah. (Yud. 6) Umat pilihané Yéhuwah, yaiku bangsa Israèl, ya mbrontak lan nyembah allah-allah palsu. (Yés. 63:8, 10) Yéhuwah mesthi sedhih wektu ndelok malaékat lan manungsa sing mbrontak kuwi. Tapi, Yéhuwah kudu sabar merga saiki durung wektuné Yéhuwah nyingkirké kabèh sing mbrontak kuwi. Terus, umaté Yéhuwah ya isih kudu sabar merga ngalami masalah sing disebabké karo kabèh sing mbrontak kuwi. Nèk Yéhuwah wis nyingkirké kabèh sing mbrontak, Yéhuwah lan umaté bakal bahagia.

Sétan nudhuh Ayub. Ayub kena bisul sing parah.

8-9. Yéhuwah ditudhuh apa, lan piyé carané mbuktèkké nèk omongané Sétan klèru?

8 Tudhuhan-tudhuhan palsu saka Sétan. Sétan ngomong nèk Ayub lan kabèh umaté Yéhuwah nglayani Yéhuwah mung merga péngin diberkahi. (Ayb. 1:8-11; 2:3-5) Nganti saiki, Sétan ya isih nudhuh kaya ngono. (Why. 12:10) Awaké dhéwé isa mbuktèkké nèk omongané Sétan kuwi klèru. Carané, awaké dhéwé kudu nglayani Yéhuwah merga sayang karo Yéhuwah. Terus, pas ngadhepi masalah, awaké dhéwé kudu tetep sabar lan ngupaya bèn tetep setya. Hasilé, nèk tetep sabar lan setya kaya Ayub, awaké dhéwé bakal diberkahi.​—Yak. 5:11.

9 Sétan nggunakké para pemimpin agama palsu kanggo ngajarké nèk Gusti Allah kuwi kejem lan nyebabké manungsa menderita. Malah, ana pemimpin agama sing kandha nèk pas ana anak-anak sing mati, kuwi berarti Gusti Allah mbutuhké luwih akèh malaékat ing swarga. Awaké dhéwé ngerti nèk ajaran-ajaran kaya ngono kuwi ora bener. Dadi, nèk pas awaké dhéwé lara utawa ditinggal mati karo wong sing disayangi, awaké dhéwé ora bakal nyalahké Gusti Allah. Awaké dhéwé ya yakin nèk sukmbèn Yéhuwah bakal marèkké kabèh sing lara lan nguripké manèh kabèh sing mati. Terus, awaké dhéwé ya ngandhani wong liya nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing apikan. Nèk awaké dhéwé kaya ngono, Yéhuwah isa njawab Sétan sing wis ngèlèk-èlèk Dhèwèké.​—WB. 27:11.

Wong wédok sing lagi diinfus lan nganggo selang oksigèn.

10. Nurut Mazmur 22:23, 24, piyé perasaané Yéhuwah wektu ndelok umaté menderita?

10 Umaté menderita. Saiki, ana umaté Yéhuwah sing dianiaya, lara, utawa ngadhepi masalah merga ora sampurna. Pas ndelok umaté susah, Yéhuwah sedhih lan ngrasa mesakké. (Wacanen Mazmur 22:23, 24.) Yéhuwah isa ngerti piyé perasaané awaké dhéwé, lan Dhèwèké péngin nyingkirké kabèh sing nggawé awaké dhéwé susah. (Bandhingna karo Pangentasan 3:7, 8; Yésaya 63:9.) Yéhuwah ya janji nèk sukmbèn Dhèwèké ”bakal ngusapi air matané [awaké dhéwé]. Ora bakal ana manèh kesusahan, tangisan, lan rasa lara. Malah, kematian ya ora bakal ana manèh”.​—Why. 21:4.

Suami istri sing lagi nangis ing kuburan.

11. Piyé perasaané Yéhuwah karo para abdiné sing wis mati?

11 Ditinggal mati karo para abdiné. Yéhuwah mesthi kangen banget karo para abdiné sing wis mati. (Ayb. 14:15) Misalé, coba bayangna sepira kangené Yéhuwah karo sahabaté, yaiku Abraham. (Yak. 2:23) Terus, Yéhuwah mesthi ya péngin isa ”omong-omongan” manèh karo Musa kaya mbiyèn. (Pa. 33:11) Sakliyané kuwi, Yéhuwah mesthi péngin ngrungokké manèh nyanyiané Daud lan para penulis Mazmur liyané. (Mzm. 104:33) Meskipun wong-wong kuwi wis mati, ning Yéhuwah ora lali. (Yés. 49:15) Yéhuwah isih kèlingan kabèh soal wong-wong kuwi, termasuk sipat-sipaté. Alkitab kandha nèk ”nurut pandhangané Gusti Allah, kabèh wong kuwi isih urip”. (Luk. 20:38) Sukmbèn, Yéhuwah bakal nguripké manèh wong-wong kuwi. Terus, wong-wong kuwi isa ngibadah manèh karo Yéhuwah. Yéhuwah ya isa ngrungokké manèh donga-dongané wong-wong kuwi. Nèk ana keluarga utawa kancané njenengan sing wis mati, njenengan mesthi terhibur nèk ngrenungké soal kuwi.

Gambar: Akèh manungsa sing jahat. 1. Prajurit sing lagi numpak tank. Ing sekitaré, ana prajurit-prajurit sing lagi mlaku. 2. Seksi Yéhuwah dicekel polisi lan tangané diborgol.

12. Apa sing nggawé Yéhuwah sedhih banget?

12 Akèh manungsa sing jahat. Yéhuwah ngerti nèk sakwisé Adam lan Hawa mbrontak, manungsa bakal dadi saya jahat. Yéhuwah ora seneng wektu ndelok wong-wong saiki sing saya kejem lan jahat. Yéhuwah mesakké karo wong-wong sing lemah lan butuh dilindhungi, termasuk karo wong-wong sing dadi randha lan anak yatim. (Za. 7:9, 10) Yéhuwah ya sedhih banget nèk ana umaté sing dianiaya lan dipenjara. Nèk njenengan ngalami kuwi, njenengan isa yakin nèk Yéhuwah sayang karo njenengan merga njenengan wis sabar kaya Yéhuwah.

Wong-wong sing lagi pésta lan mabuk ing diskotik.

13. Kenapa keadaané manungsa saiki nggawé Yéhuwah ora seneng, lan apa sing bakal dialami karo wong-wong sing ora gelem berubah?

13 Manungsa dadi saya bobrok moralé. Manungsa kuwi diciptakké nurut gambaré Gusti Allah. Tapi, Sétan seneng nèk wong-wong dadi bobrok moralé. Pas jamané Nuh, ”kejahatané manungsa akèh banget”. Wektu ndelok kuwi, ”Yéhuwah gela merga wis nggawé manungsa, lan Dhèwèké lara ati”. (PD. 6:5, 6, ctn., 11) Tapi nganti saiki, keadaané saya parah. Sétan mesthi seneng banget merga saiki hubungan sèks sing ora pantes, contoné homosèksual, wis dianggep lumrah. (Éf. 4:18, 19) Sétan ya mesthi seneng banget nèk ana umaté Yéhuwah sing mèlu-mèlu nindakké hubungan sèks sing ora pantes. Yéhuwah sengit karo wong-wong sing bobrok moralé. Nèk wong-wong kuwi ora gelem berubah, sukmbèn Yéhuwah bakal nyingkirké wong-wong kuwi.

Pabrik-pabrik nyebabké polusi. Ana manuk sing mèh mati merga kena limbah sing dibuwang ing laut.

14. Piyé keadaané bumi saiki?

14 Manungsa ngrusak bumi. Saiki, awaké dhéwé sengsara merga ”manungsa nguwasani manungsa liyané”. (Pkh. 8:9) Ning ora mung kuwi. Awaké dhéwé ya sengsara merga manungsa ngrusak bumi lan ora perduli karo kéwan-kéwan. (PD. 1:28) Para ahli kandha nèk beberapa taun manèh bakal ana kira-kira sakjuta jenis tanduran utawa kéwan sing bakal punah merga manungsa ora perduli karo alam. Merga buminé rusak, akèh wong dadi kuwatir. Ning, Yéhuwah janji nèk ”bakal nyingkirké wong-wong sing lagi ngrusak bumi”. Sukmbèn, Yéhuwah ya bakal ngubah bumi dadi firdaus.​—Why. 11:18; Yés. 35:1.

NIRU YÉHUWAH SING SABAR

15-16. Kenapa awaké dhéwé gelem niru Yéhuwah sing sabar? Wènèhana perumpamaan.

15 Awaké dhéwé wis mbahas ana sanga masalah sing kudu diadhepi Yéhuwah nganti éwonan taun. Ning, Yéhuwah tetep sabar. (Deloken kothak ”Yéhuwah Sabar Ngadhepi Masalah-Masalah Iki”.) Sakjané, Yéhuwah isa langsung nyingkirké kabèh masalah kuwi. Tapi merga Yéhuwah sabar, awaké dhéwé dadi isa ngrasakké nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé. Kuwi isa diumpamakké kaya ngéné. Ana wong lanang sing bojoné lagi meteng. Dokteré kandha nèk anak sing ing njero kandhungan kuwi bakal lair cacad lan uripé ora suwé. Senajan ngono, pas bocah kuwi lair, wong tuwané tetep seneng. Ngrawat bocah kuwi mungkin ora gampang. Tapi merga sayang, wong tuwané tetep ngopèni bocah kuwi.

16 Padha kaya bocah sing lair cacad mau, kabèh keturunané Adam lan Hawa kuwi ora sampurna wektu dilairké, ning Yéhuwah tetep sayang lan perduli karo manungsa. (1 Yoh. 4:19) Terus, coba pikirkna iki. Suami istri sing ana ing perumpamaan mau mungkin ora isa marèkké anaké sing cacad. Tapi, Yéhuwah isa nyingkirké kabèh masalahé manungsa. Yéhuwah ya wis nentokké wektuné kapan kuwi bakal kelakon. (Mat. 24:36) Dadi, merga Yéhuwah wis sayang karo awaké dhéwé, awaké dhéwé mesthi gelem niru Yéhuwah sing sabar.

Yéhuwah Sabar Ngadhepi Masalah-Masalah Iki

  1. Ula lagi ndeloki Hawa sing mèh mangan buah sing ora éntuk dipangan.

    1. Jenengé dièlèk-èlèk

  2. Hawa ngekèki Adam buah kuwi.

    2. Akèh sing ora péngin dipréntah karo Yéhuwah

  3. Sétan karo malaékat-malaékat sing jahat.

    3. Ana malaékat lan manungsa sing mbrontak

  4. Sétan nudhuh Ayub. Ayub kena bisul sing parah.

    4. Tudhuhan-tudhuhan palsu saka Sétan

  5. Wong wédok sing lagi diinfus lan nganggo selang oksigèn.

    5. Umaté menderita

  6. Suami istri sing lagi nangis ing kuburan.

    6. Ditinggal mati karo para abdiné

  7. Collage: Examples of oppression. 1. A soldier rides on a military tank as other soldiers follow on foot. 2. Police officers escort a Witness couple in handcuffs.

    7. Akèh manungsa sing jahat

  8. Wong-wong sing lagi pésta lan mabuk ing diskotik.

    8. Manungsa dadi saya bobrok moralé

  9. Pabrik-pabrik nyebabké polusi. Ana manuk sing mèh mati merga kena limbah sing dibuwang ing laut.

    9. Manungsa ngrusak bumi

17. Kenapa contoné Yésus sing dicathet ing Ibrani 12:2, 3 nyemangati awaké dhéwé bèn tetep sabar?

17 Yéhuwah kuwi conto sing paling sampurna soal kesabaran. Yésus ya niru Bapaké sing sabar. Pas dadi manungsa, Yésus ngalami akèh masalah. Yésus diécé, diisin-isinké, lan dipaku ing cagak hukuman. Tapi, Yésus tetep sabar lan gelem berkorban demi awaké dhéwé. (Wacanen Ibrani 12:2, 3.) Yésus mesthi gelem sabar merga péngin niru Yéhuwah. Contoné Yésus iki mesthi nyemangati awaké dhéwé bèn tetep sabar wektu ngadhepi masalah.

18. Nurut 2 Pétrus 3:9, apa hasilé merga Yéhuwah sabar?

18 Wacanen 2 Pétrus 3:9. Yéhuwah ngerti kapan wektu sing paling cocog kanggo nyingkirké donya sing jahat iki. Merga Yéhuwah sabar, manungsa dadi nduwé kesempatan bèn isa kenal karo Yéhuwah, lan saiki wis ana jutaan wong sing dadi umaté. Yéhuwah sabar ngentèni nganti wong-wong kuwi dilairké, gelem sinau Alkitab, lan akhiré dibaptis. Sukmbèn, Yéhuwah bakal mberkahi umaté sing wis sabar kaya Dhèwèké. Wektu kuwi kelakon, awaké dhéwé bakal ngerti nèk keputusané Yéhuwah kanggo tetep sabar kuwi pancèn bener.

19. Apa tékadé awaké dhéwé, lan apa hasilé?

19 Senajan ngadhepi akèh masalah sing disebabké karo Sétan, Yéhuwah kuwi tetep ”Gusti Allah sing bahagia”. (1 Tim. 1:11) Awaké dhéwé ya isa kaya Yéhuwah. Sukmbèn, Yéhuwah bakal nyucèkké jenengé, mbuktèkké nèk pamréntahané sing paling apik, lan nyingkirké kabèh wong jahat lan masalahé awaké dhéwé. Saiki, kuwi kabèh pancèn durung kelakon. Ning, awaké dhéwé isa tetep bahagia. Ayo awaké dhéwé terus niru Yéhuwah sing sabar. Hasilé, awaké dhéwé bakal ngrasakké janjiné Alkitab iki kelakon, ”Wong sing sabar ngadhepi kesusahan kuwi bakal bahagia, merga wektu Gusti Allah seneng karo wong kuwi, dhèwèké bakal nampa hadiah sing dijanjèkké Yéhuwah marang wong-wong sing terus nresnani Dhèwèké.”​—Yak. 1:12.

APA JAWABANÉ?

  • Saka contoné Yéhuwah soal kesabaran sing dirembug ing artikel iki, njenengan paling seneng sing endi?

  • Merga Yéhuwah sabar, apa pengaruhé kanggo Yésus?

  • Kenapa njenengan gelem tetep sabar?

LAGU 139 Bayangna Kabèh Dadi Anyar

a Pas ngalami masalah sing ora ana jalan keluaré, mungkin awaké dhéwé mung isa sabar. Tapi, sing kudu sabar kuwi ora mung awaké dhéwé thok. Yéhuwah ya sabar wektu ngalami masalah. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug sanga masalah sing diadhepi Yéhuwah. Awaké dhéwé ya bakal ngerti apa manfaaté merga Yéhuwah sabar lan piyé carané niru Yéhuwah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim