Yudas
1 Surat saka Yudas, yaiku budhaké Yésus Kristus lan seduluré Yakobus.+ Surat iki kanggo wong-wong sing dipilih+ lan ditresnani Gusti Allah, Bapaké awaké dhéwé, lan sing dilindhungi merga bersatu karo Yésus Kristus:+
2 Aku ndonga bèn Gusti Allah saya nresnani kowé, mesakké kowé, lan nggawé kowé ayem.
3 Sedulur-sedulur sing tak sayangi, mauné aku péngin banget nulis soal carané Gusti Allah nylametké awaké dhéwé.+ Ning, saiki aku ngrasa kudu mènèhi naséhat marang kowé bèn kowé ngupaya tenanan mbéla iman+ sing wis diwènèhké marang wong-wong suci ping pisan kanggo saklawasé. 4 Aku mènèhi naséhat merga ana wong-wong sing meneng-meneng mlebu ing antaramu. Kèt mbiyèn Kitab Suci wis ngramalké nèk wong-wong kuwi bakal dihukum. Wong-wong kuwi ora ngajèni Gusti Allah. Sifaté Gusti Allah sing apikan banget didadèkké alesan bèn wong-wong kuwi isa tumindak kurang ajar.*+ Wong-wong kuwi ora setya marang Yésus Kristus,+ siji-sijiné majikan lan Gustiné awaké dhéwé.
5 Senajan kowé wis ngerti soal iki, ning aku péngin ngélingké kowé nèk sakwisé Yéhuwah* nylametké umaté saka Mesir,+ Dhèwèké matèni wong sing ora nduwé iman.+ 6 Gusti Allah ya ngranté para malaékat sing ninggalké tugasé lan panggonané.*+ Para malaékat kuwi diranté saklawasé ing petengan lan bakal dihukum ing dinané Gusti Allah.+ 7 Kuwi kaya Sodom lan Gomora, lan kutha-kutha ing sekitaré. Wong-wong ing kono nindakké hubungan sèks sing ora pantes* lan bejat.+ Wong-wong kuwi ya nindakké hubungan sèks sing ora wajar. Wong-wong kuwi dihukum nganggo geni sing murub terus*+ bèn dadi pangéling-éling kanggo awaké dhéwé.
8 Wong-wong sing meneng-meneng mlebu ing antaramu kuwi ya mung mbayangké apa sing jahat, nggawé badan dadi najis, ngrèmèhké wewenang, lan ngèlèk-èlèk wong-wong sing nampa kemuliaan saka Gusti Allah.*+ 9 Wektu Mikhaèl+ pemimpiné para malaékat+ padu karo Iblis soal mayaté Musa,+ dhèwèké ora wani ngadili Iblis nganggo omongan sing ngrèmèhké.+ Dhèwèké malah kandha, ”Muga-muga Yéhuwah* ngadili kowé.”+ 10 Ning, wong-wong kuwi ngrèmèhké apa waé sing ora dipahami wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi kaya kéwan sing mung nuruti naluri+ lan ora isa mikir. Wong-wong kuwi ngrusak uripé dhéwé.
11 Cilaka tenan wong-wong kuwi, merga wong-wong kuwi niru tumindaké Kain+ lan cepet-cepet niru tumindaké Biléam+ sing salah merga péngin nggolèk upah. Wong-wong kuwi disingkirké merga omongané nglawan wong-wong sing nduwé wewenang,+ kaya sing ditindakké Korah.+ 12 Wektu wong-wong kuwi ana bareng kowé ing pésta-péstamu,*+ wong-wong kuwi kaya watu sing berbahaya ing njero banyu, kaya gembala sing mung mikirké kepentingané dhéwé,*+ kaya méga sing kena angin tapi ora dadi udan,+ lan kaya wit sing ora metu buahé pas musimé, sing wis bener-bener mati* lan akaré dicabut. 13 Wong-wong kuwi kaya ombak gedhé ing laut sing nggawa regedan ing pantai, lan kuwi kuduné nggawé wong-wong mau isin.+ Wong-wong mau ya kaya bintang sing ora ana jaluré, sing didèlèhké ing petengan kanggo saklawasé.+
14 Hénokh,+ keturunan sing kepitu saka Adam, ya wis ngramalké soal wong-wong kuwi, ”Yéhuwah* teka bareng karo puluhan èwu malaékat sing suci+ 15 kanggo ngadili kabèh wong+ lan nduduhké kesalahané kabèh wong dosa sing ora ngajèni Dhèwèké, merga wong-wong kuwi wis tumindak jahat lan ngrèmèhké Dhèwèké.”+
16 Wong-wong kuwi seneng sambat+ soal uripé, nuruti kepénginané dhéwé,+ sombong, lan nyanjung-nyanjung wong liya bèn éntuk untung.+
17 Sedulur-sedulur sing tak sayangi, kowé kudu éling karo sing wis tau diomongké* karo para rasulé Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé, 18 sing mbiyèn tau kandha, ”Ing akhir jaman, bakal ana wong-wong sing seneng ngécé, sing nuruti kepénginané sing jahat.”+ 19 Wong-wong kuwi nggawé jemaat ora rukun,+ tumindaké kaya kéwan, lan ora dituntun roh suci. 20 Sedulur-sedulur sing tak sayangi, kuwatna awakmu liwat imanmu sing paling suci, lan kowé kudu ndonga nganggo tuntunané roh suci,+ 21 bèn kowé tetep dadi wong sing ditresnani Gusti Allah+ karo ngentèni Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé mesakké awaké dhéwé, merga kuwi isa nggawé awaké dhéwé urip saklawasé.+ 22 Sakliyané kuwi, kowé kudu terus mesakké+ karo wong-wong sing ragu-ragu.+ 23 Kowé kudu narik wong-wong kuwi saka geni bèn isa nylametké wong-wong kuwi.+ Terusa mesakké wong liya. Ning, kowé kudu ngati-ati lan sengit karo tumindaké sing reged merga dosa.*+
24 Gusti Allah isa njaga kowé bèn kowé ora nindakké dosa. Dhèwèké isa nggawé kowé tetep resik+ lan bahagia ing ngarepé Gusti Allahé awaké dhéwé sing mulya. 25 Siji-sijiné Gusti Allah wis nylametké awaké dhéwé liwat Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé. Dhèwèké mulya, luhur, kuwat, lan nduwé kuwasa kèt mbiyèn nganti saiki lan nganti saklawasé. Amin.