PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w15 1/10 hlm. 3
  • Apa Sebabé Wong-Wong Ndonga?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Sebabé Wong-Wong Ndonga?
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2015
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kaurmatan Gedhé kanggo Donga
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Ndonga karo Gusti Allah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Piyé Carané Bèn Dongané Awaké Dhéwé Dirungokké Gusti Allah?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
  • Apa Yéhuwah Ngrungokké Donga?
    Rungokna Gusti Allah Bèn Urip Saklawasé
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2015
w15 1/10 hlm. 3

SING UTAMA DIREMBUG | APA NDONGA KUWI ANA GUNANÉ?

Apa Sebabé Wong-Wong Ndonga?

”Aku seneng banget maén judhi. Aku ndonga bèn menang. Ning, nyatané ora tau menang.”​—Samuèl,a Kenya.

”Ing sekolahan murid-murid dikon ngapalké donga sing diwulangké.”​—Térésia, Filipina.

”Aku ndonga pas ana masalah. Aku ndonga njaluk ngapura, lan bèn dadi wong sing luwih apik ibadahé.”​—Magdaléna, Ghana.

1. Wong lanang ndonga ing méja judhi; 2. Cah wédok ndonga ing kelas; 3. Wong wédok ndonga

Pengalamané Samuèl, Térésia, lan Magdaléna nduduhké nèk akèh alesané wong-wong ndonga. Alesané ana sing mutu lan ana sing ora. Ana sing ndonga saktulusing ati, ning ana mung sing merga kebiyasaan waé. Akèh wong ndonga merga péngin lulus ujian, menang jagoan olahragané, njaluk tuntunané Gusti Allah bèn keluargané ayem, utawa alesan liyané. Kuwi bukti nèk wong-wong rumangsa perlu ndonga. Sakwisé diteliti, wong-wong sing ora nduwé agama jebulé iya kerep ndonga.

Apa panjenengan kerep ndonga? Kanggo apa panjenengan ndonga? Senajan kerep ndonga apa ora, panjenengan mbokmenawa takon: ’Apa éntuk-éntukané nèk awaké dhéwé ndonga? Apa ana sing ngrungokké?’ Ana sing nulis nèk ndonga kuwi mung ”bèn ora judheg . . . kaya dolanan karo iwak ingon-ingoné.” Wong-wong sing kerjané ing bidang keséhatan kandha nèk ndonga kuwi kanggo ngobati strès. Dadi, apa pancèn wong-wong ndonga mung merga kebiyasaan waé, utawa mung kanggo nentremké pikiran?

Alkitab mulang nèk ndonga kuwi ora mung kanggo nentremké pikiran. Sakjané, ana sing ngrungokké dongané awaké dhéwé nèk cara lan isiné bener. Apa bener kaya ngono? Ayo didelok buktiné.

a Jeneng-jeneng ing kéné wis diganti.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim