Piyé Carané Bèn Dongané Awaké Dhéwé Dirungokké Gusti Allah?
Gusti Allah Yéhuwah kuwi sing ”ngrungokké donga”. (Mazmur 65:2) Awaké dhéwé isa ndonga ing endi waé lan kapan waé. Awaké dhéwé ya isa ndonga ing njero ati utawa nganggo swara. Yéhuwah péngin awaké dhéwé nyebut Dhèwèké ’Bapak’, lan Yéhuwah pancèn Bapak sing paling apik. (Matius 6:9) Yéhuwah mulang carané bèn dongané awaké dhéwé dirungokké karo Dhèwèké.
NDONGA KARO YÉHUWAH LIWAT JENENGÉ YÉSUS
”Kabèh sing mbok jaluk marang Bapak nganggo jenengku kuwi bakal dituruti.”—Yohanes 16:23.
Kata-katané Yésus kuwi nduduhké nèk Yéhuwah ora péngin awaké dhéwé ndonga liwat patung, santo, malaékat, utawa wong mati. Awaké dhéwé kudu ndonga liwat jenengé Yésus merga Yésus wis nggawé akèh pengorbanan kanggo awaké dhéwé. Yésus ngomong, ”Ora ana wong sing isa marani Bapak nèk ora liwat aku.”—Yohanes 14:6.
NDONGA SING TULUS SAKA ATI
”Critakna kabèh perasaanmu marang Dhèwèké.”—Mazmur 62:8.
Wektu ndonga karo Yéhuwah, awaké dhéwé kudu ngomong kaya karo bapaké dhéwé. Wektu ndonga aja maca saka buku utawa mbolan-balèni apa sing wis diapalké. Awaké dhéwé kudu ngajèni Gusti Allah lan ndonga sing tulus saka ati.
DONGA SING COCOG KARO KEPÉNGINANÉ GUSTI ALLAH
”Nèk awaké dhéwé njaluk apa waé sing sesuai karo karepé Gusti Allah, Gusti Allah ngrungokké awaké dhéwé.”—1 Yohanes 5:14.
Ing Alkitab, Yéhuwah ngandhani soal kepénginané lan awaké dhéwé kudu piyé karo Dhèwèké. Bèn isa ditampa, dongané awaké dhéwé kudu ”sesuai karo karepé Gusti Allah”. Mula, awaké dhéwé kudu sinau Alkitab bèn isa ngerti kepénginané Gusti Allah. Nèk ngupayakké kuwi kabèh, donga-dongané awaké dhéwé bakal nyenengké Gusti Allah.
AWAKÉ DHÉWÉ ISA NDONGAKKÉ APA?
Ndonga Bèn Kebutuhané Dicukupi. Awaké dhéwé isa njaluk bèn Gusti Allah nyukupi kebutuhané awaké dhéwé, misalé panganan, pakaian, lan tempat tinggal. Awaké dhéwé ya ndonga bèn isa nggawé keputusan sing bener lan bèn kuwat ngadhepi masalah. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé isa ndonga njaluk ngapura, njaluk bantuan, lan njaluk bèn nduwé iman sing kuwat karo Gusti Allah.—Lukas 11:3, 4, 13; Yakobus 1:5, 17.
Ndongakké Liyané. Wong tuwa mesthi seneng nèk anak-anaké nggatèkké wong liya. Yéhuwah ya péngin awaké dhéwé nggatèkké wong liya. Awaké dhéwé isa ndongakké bojo, anak, keluarga, lan kanca-kanca. Rasul Yakobus nulis nèk awaké dhéwé kudu ”ndongakké liyané”.—Yakobus 5:16.
Ngucap Syukur. Ing Alkitab disebutké, ”Gusti Allah . . . nindakké apa sing apik, misalé mènèhi kowé udan lan musim panèn. Gusti Allah ya wis mènèhi kowé panganan sing akèh lan nggawé atimu seneng.” (Kisah 14:17) Mikirké kabèh berkahé Gusti Allah sing ditampa nggawé awaké dhéwé péngin ngucap syukur karo Gusti Allah liwat donga. Perbuatané awaké dhéwé saben dina ya kudu nduduhké nèk awaké dhéwé bersyukur karo Gusti Allah.—Kolose 3:15.
SABAR LAN TERUS NDONGA
Kadhang, awaké dhéwé mungkin ngrasa kecéwa merga ora langsung dijawab padahal wis tulus ndonga. Apa kuwi berarti Gusti Allah ora perduli karo awaké dhéwé? Ora ngono. Gatèkna pengalaman-pengalaman iki sing nduduhké pentingé terus ndonga.
Misalé pengalamané Eko sing dicritakké ing artikel pertama. Sakwisé sinau Alkitab, Eko dadi ngerti nèk dhèwèké kudu terus ndonga. Eko ngakoni, ”Nèk aku ora terus ndonga, aku mesthi wis putus asa.” Eko ya ngomong, ”Aku bersyukur banget merga Gusti Allah wis ndhukung aku liwat kanca-kancaku. Saiki, aku ngrasa bahagia banget.”
Sri sing ngrasa nèk dongané ora pantes dirungokké Gusti Allah ngomong, ”Wektu aku ngrasa ora ana gunané, aku takon karo Gusti Allah ngapa aku ngrasa kaya ngéné.” Apa hasilé? ”Merga ndonga karo Gusti Allah, aku dadi ngerti piyé pandhangané Gusti Allah soal aku. Aku dadi ngerti nèk Gusti Allah nganggep aku berharga lan ora ngéling-éling kesalahanku. Kuwi sing nggawé aku ora nyerah wektu ngrasa cilik ati. Saiki, aku dadi ngerti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah, Bapak, lan Kanca sing perduli karo aku. Nèk aku terus manut Gusti Allah, Dhèwèké ya bakal terus mbantu aku.”
”Aku yakin Yéhuwah njawab dongaku nganggo cara sing paling apik.” Kuwi omongané Isabel wektu ndelok anaké sing jenengé Gerard isa bahagia meskipun cacad.
Gatèkna pengalamané Isabel. Wektu dhèwèké hamil, dokteré ngomong nèk mengko anaké bakal cacad. Isabel ngrasa sedhih banget. Malah, ana sing nyaranké bèn aborsi waé. Dhèwèké ngomong, ”Rasané péngin mati waé.” Tapi, bar kuwi dhèwèké kandha, ”Aku terus-terusan ndonga njaluk bantuané Gusti Allah.” Akhiré, anaké sing jenengé Gerard lair, lan dhèwèké cacad. Isabel ngrasa nèk dongané dijawab karo Gusti Allah. Isabel ngomong, ”Anakku saiki umuré wis 14 taun. Meskipun cacad, anakku isa tetep bahagia. Anakku kuwi berkah sing paling berharga saka Yéhuwah. Pas ndelok anakku, aku yakin Yéhuwah njawab dongaku nganggo cara sing paling apik.”
Pengalaman-pengalaman kuwi nduduhké nèk kata-katané sing nulis buku Mazmur iki bener, ”Oh Yéhuwah, Njenengan bakal ngrungokké dongané wong sing wataké alus. Njenengan bakal nggawé wong-wong kuwi kendel lan nggatèkké wong-wong kuwi.” (Mazmur 10:17) Kuwi sing nggawé awaké dhéwé péngin terus ndonga karo Gusti Allah.
Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti donga-dongané Yésus. Sing paling terkenal kuwi donga sing diwulangké Yésus karo murid-muridé. Apa sing isa dipelajari saka donga kuwi?