PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp16 No. 3 hlm. 5-6
  • Ngadhepi Rasa Sedhih

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ngadhepi Rasa Sedhih
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2016
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Sing Mungkin Dirasakké
    Gatèkna!—2018
  • ”Nangisa karo Wong sing Lagi Nangis”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
  • Wektu Ditinggal Mati Wong sing Disayangi
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2019
  • Piyé Bèn Aku Ora Sedhih Terus?
    Pitakonané Cah Enom
Delok Kabèh
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2016
wp16 No. 3 hlm. 5-6

SING UTAMA DIREMBUG | WEKTU SING DITRESNANI MATI

Ngadhepi Rasa Sedhih

Ana akèh cara kanggo ngadhepi rasa sedhih. Ning, ora kabèh ana gunané. Contoné, mbokmenawa ana sing ngandhani aja nangis, ning ana sing malah ngongkon nangis nggero-nggero. Alkitab ngandhani nèk awaké dhéwé kudu seimbang. Kuwi hasil penelitian sing paling anyar.

Ana kebiasaan sing kandha nèk wong lanang kuwi saru nèk nangis. Ning, apa pancèn nèk nangis ing ngarepé wong akèh kuwi saru? Ahli keséhatan pikiran kandha nèk nangis merga ditinggal mati kuwi lumrah. Nangis isa mbantu ngilangké rasa kélangan sing gedhé banget. Nèk nahan nangis, kuwi mbebayani. Alkitab ora ndhukung gagasan nèk wong lanang ora éntuk nangis. Gatèkna contoné Yésus. Senajan nduwé kwasa nguripké wong mati, dhèwèké nangis ing ngarepé wong akèh wektu kancané sing ditresnani, Lazarus, mati.​—Yokanan 11:33-​35.

Nèk ujug-ujug ditinggal mati, kadhang kala ana rasa nesu. Rasa nesu kuwi isa ana, merga wong liya ngomong karo sing ditinggal mati tanpa dipikir lan omongané ora mutu, senajan sing ngomong kuwi wong sing diajèni. Mike, saka Afrika Selatan, kandha, ”Bapakku mati pas umurku 14. Wektu bapakku dikubur, pemimpin agama geréja Anglikan kandha nèk Gusti Allah butuh wong-wong sing apik banjur digawé cepet mati.a Aku nesu merga aku lan keluargaku isih butuh bapakku. Aku isih kelara-lara nèk kèlingan omongan kuwi, senajan wis 63 taun kepungkur.”

Nèk ujug-ujug ditinggal mati, isa uga nduwé rasa salah. Kok isa? Mbokmenawa awaké dhéwé mikir, ’Nèk aku ngéné apa ngono, mbokmenawa dhèwèké ora bakal mati’. Uga isa rumangsa salah merga padu karo wong kuwi sakdurungé dhèwèké mati. Kuwi marahi tambah rumangsa salah.

Nèk panjenengan rumangsa salah lan nesu, kuwi aja ditahan. Panjenengan isa crita karo kanca sing gelem ngrungokké, lan gelem ngerti nèk perasaan panjenengan kuwi lumrah. Alkitab ngélingké, ”Mitra iku ing samangsa-mangsa ajeg baé katresnané, lan dadi sadulur ing sajroning kasusahan.”​—Wulang Bebasan 17:17.

Kanca sing paling apik kanggo sing ditinggal mati kuwi, Allah Yéhuwah. Critakna isi ati panjenengan liwat donga, merga ”Panjenengané kang ngopèni kowé kabèh”. (1 Pétrus 5:7) Yéhuwah janji nèk bakal mènèhi ”tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah, kang ngungkuli saliring budi” ing ati lan pikiran. (Filipi 4:​6, 7) Awaké dhéwé uga isa nampa bantuané Gusti Allah liwat Alkitab. Tulisen ayat-ayat sing nggedhèkké ati. (Deloken kothak ngisor.) Ayat-ayat kuwi isa diéling-éling. Cara-cara mau isa dipikirké tenanan, bèn ana gunané wektu panjenengan krasa dhèwèkan lan ora isa turu.​—Yésaya 57:15.

Durung suwé iki, Jack sing umuré 40 taun, ditinggal mati bojoné merga kanker. Wektu krasa dhèwèkan, donga isa mbantu Jack. Dhèwèké kandha, ”Wektu aku ndonga, aku ora krasa dhèwèkan manèh. Aku kerep tangi mbengi-mbengi lan ora isa turu. Ning, bar maca lan mikirké ayat-ayat Alkitab lan ndonga ngomongké isiné atiku, aku krasa tentrem lan pasrah, banjur isa turu.”

Wong wédok sing jenengé Vanessa ditinggal mati ibuké merga lara. Dhèwèké ngrasakké kwasané donga. Dhèwèké kandha, ”Wektu aku sedhih, aku ngundang jenengé Gusti Allah lan nangis. Yéhuwah ngrungokké dongaku lan terus nguwatké aku.”

Para ahli sing mbantu wong sing ditinggal mati kandha, nèk rasa sedhih ditinggal mati kuwi isa diadhepi nèk sibuk mbantu wong liya ing masyarakat. Kuwi isa nggawé bungah, lan ora patia sedhih manèh. (Lelakoné Para Rasul 20:35) Para Seksi Yéhuwah ngakoni nèk mbantu wong liya isa dadi sumber rasa bungah kanggo ngadhepi rasa sedhih.​—2 Korinta 1:​3, 4.

a Kuwi dudu wulangané Alkitab. Alkitab nerangké nèk sing nyebabké manungsa mati kuwi ana telu.​—Kohèlèt 9:​11; Yokanan 8:​44; Rum 5:​12.

AYAT-AYAT SING NGGEDHÈKKÉ ATI

  • Gusti Allah ngrasakké rasa sedhih panjenengan.​—Jabur 55:23; 1 Pétrus 5:7.

  • Gusti Allah sabar ngrungokké dongané para abdiné.​—Jabur 86:5; 1 Tésalonika 5:17.

  • Gusti Allah kangen karo sing wis mati.​—Ayub 14:13-15.

  • Gusti Allah janji arep nguripké sing wis mati.​—Yésaya 26:19; Yokanan 5:28, 29.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim