PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 115
  • Piyé Bèn Aku Ora Sedhih Terus?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Bèn Aku Ora Sedhih Terus?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Piyé nèk aku sedhih terus?
  • Carané bèn ora sedhih terus
  • Bèn Ora Sedhih Terus—Carané Piyé?
    Gatèkna!—2018
  • ”Nangisa karo Wong sing Lagi Nangis”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
  • Sing Mungkin Dirasakké
    Gatèkna!—2018
  • Apa Salah Nèk Sedhih?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2016
Delok Kabèh
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 115
Cah wédok lagi nangis karo ndeloki fotoné dhèwèké karo mbahé.

PITAKONANÉ CAH ENOM

Piyé Bèn Aku Ora Sedhih Terus?

Apa kowé bar ditinggal mati kanca utawa keluargamu? Nèk iya, artikel iki isa bermanfaat kanggo kowé.

Ing artikel iki bakal dibahas:

  • Piyé nèk aku sedhih terus?

  • Carané bèn ora sedhih terus

  • Kandhané kanca-kancamu

Piyé nèk aku sedhih terus?

Ana wong-wong sing sedhihé isa nganti suwé.

”Wis rong taun mbahku mati. Tapi, saben dina aku isih kèlingan karo dhèwèké. Wektu nyritakké soal dhèwèké, aku mesthi nangis.”​—Olivia.

”Biasané, mbahku sing nyemangati aku bèn cita-citaku kelakon. Tapi dhèwèké mati. Dadi pas cita-citaku kelakon, aku sedhih merga dhèwèké wis ora ana.”​—Alison.

Sing dirasakké wong sing ditinggal mati kuwi béda-béda. Misalé:

”Wektu omku mati, aku kagèt banget. Lagi iki aku ngrasakké ditinggal mati karo wong sing cedhak karo aku. Dadi, aku butuh wektu bèn isa nrima kenyataané.”​—Nadine.

”Wektu mbahku mati, aku nesu. Aku malah nyalahké dhèwèké soalé ora jaga keséhatan padahal wis dikandhani.”​—Carlos.

”Aku nyesel banget. Pas mbahku mati, aku karo mbakyuku ora ana ing kono. Padahal sak keluarga ana ing kono kabèh.”​—Adriana.

”Kancaku karo bojoné mati merga kecelakaan. Sejak kuwi, nèk ana keluargaku sing mèh lunga, aku dadi wedi nèk meréka kecelakaan terus mati.”​—Jared.

”Mbahku wis mati telung taun. Aku gela banget, merga pas dhèwèké isih urip, aku ora kerep ngobrol karo dhèwèké.”​—Julianna.

Kagèt, nesu, nyesel, wedi, lan gela kuwi wajar. Tapi aja kuwatir. Perasaan kaya ngono suwé-suwé isa berkurang. Piyé carané bèn kowé ora sedhih terus?

Carané bèn ora sedhih terus

Crita karo kanca. Ing Alkitab ditulis nèk kanca sejati kuwi ”isa diendelké wektu ana kesusahan”. (Wulang Bebasan 17:17) Nèk kowé nyritakké sing mbok rasakké, kancamu isa mbantu kowé.

”Ngrasa sedhih kuwi wajar. Mémang kadhang kowé pénginé dhèwèkan, tapi aja ngono terus. Kowé kudu crita karo kancamu.”​—Yvette.

Aja lali karo dhèwèké. Ing Alkitab ditulis, ”Sing ana ing atiné [wong apik] mung apa sing apik.” (Lukas 6:45) Kowé isa nulis kenanganmu karo dhèwèké utawa nglumpukké foto-fotomu karo dhèwèké.

”Bar sahabatku mati, aku nulis sipat-sipat apiké sing isa tak tiru. Hasilé aku dadi ora sedhih terus.”​—Jeffrey.

Cah wédok lagi nulis.

Jaga keséhatan. Menurut Alkitab, olahraga kuwi ana manfaaté. (1 Timotius 4:8) Kowé kudu mangan panganan sing bergizi, olahraga, lan istirahat sing cukup.

”Biasané, pas lagi sedhih dadi ora kèlingan mangan, ora isa turu. Tapi kowé aja ngono terus. Kowé kudu tetep jaga keséhatan.”​—Maria.

Cah lanang lagi mlayu.

Mbantu wong liya. Menurut Alkitab, ”Mènèhi kuwi luwih bahagia timbang diwènèhi.”​—Kisah 20:35.

”Kowé isa nyoba mbantu wong liya, khususé sing ya lagi berduka. Mengko kowé isa ngrasakké nèk kowé ora dhèwèkan.”​—Carlos.

Cah wédok ngajari mbah-mbah carané nganggo tablèt.

Ndonga. Menurut Alkitab, Yéhuwah kuwi ”sing ngrungokké donga”. (Mazmur 65:2) Ing Alkitab ya ditulis nèk Yéhuwah ”nambani wong sing lara ati. Luka-lukané wong kuwi diperban”.​—Mazmur 147:3.

”Kowé isa ndonga njaluk bèn Yéhuwah mbantu kowé isa tabah. Kadhang mungkin kowé ngrasa kaya wis ora kuwat manèh. Tapi, Yéhuwah mesthi mbantu kowé.”​—Jeanette.

Ora apa-apa nèk butuh wektu bèn ora sedhih terus. Carané wong berduka kuwi béda-béda. Ing Alkitab dicritakké nèk Yakub ora gelem dihibur pas krungu nèk anaké mati. (Purwaning Dumadi 37:35) Dadi, wajar nèk kowé sedhih terus.

”Mbahku wis mati 15 taun. Tapi kadhang-kadhang aku isih kèlingan karo dhèwèké.”​—Taylor.

Bayangna nèk sikilmu ceklèk. Rasané mesthi lara banget lan butuh wektu bèn isa mari. Dokter mungkin ya ngandhani kowé kudu piyé bèn kowé isa cepet mari.

Cah lanang sing sikilé ceklèk lagi ndeloki wong sepédhaan.

Padha kaya ngono, kowé ya butuh wektu bèn sedhihmu isa berkurang. Kowé isa nyoba saran sing cocog ing artikel iki.

Kandhané kanca-kancamu

Isabelle.

”Kowé ora kudu nglalèkké wongé bèn kowé ora sedhih terus. Malah, apik nèk kowé ngéling-éling dhèwèké. Kuwi berarti kowé sayang karo dhèwèké.”​—Isabelle.

Jordan.

”Aja merasa bersalah nèk kowé wis ora sedhih. Kuwi ora berarti nèk kowé ora sayang manèh karo wong kuwi. Kuwi malah apik. Wong sing mbok sayangi kuwi mesthi ya ora péngin kowé sedhih terus.”​—Jordan.

Kesimpulan: Piyé bèn aku ora sedhih terus?

  • Crita karo kanca. Nèk kowé nyritakké sing mbok rasakké, kancamu isa mbantu kowé.

  • Aja lali karo dhèwèké. Kowé isa tetep ngéling-éling kenangan sing nyenengké karo dhèwèké. Kenangané kuwi isa ditulis.

  • Jaga keséhatan. Kowé kudu mangan panganan sing bergizi, olahraga, lan istirahat sing cukup.

  • Mbantu wong liya. Kowé isa nyoba mbantu wong liya, khususé sing ya lagi berduka.

  • Ndonga. Kowé isa ndonga njaluk bèn Yéhuwah mbantu kowé isa tabah.

  • Ora apa-apa nèk butuh wektu bèn ora sedhih terus. Carané wong berduka kuwi béda-béda.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim