PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp19 No. 2 hlm. 4-5
  • Wektu Ngalami Bencana Alam

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Wektu Ngalami Bencana Alam
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2019
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • JANJI SING NGUWATKÉ SAKA ALKITAB
  • Apa Njenengan Wis Siap?
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2020
  • Pasrahna Rasa Kuwatir marang Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Piyé Carané Bèn Tetep Tabah Meskipun Lagi Kuwatir?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
  • Saran kanggo Wong Lanang Bèn Ora Strès
    Topik Liyané
Delok Kabèh
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2019
wp19 No. 2 hlm. 4-5
Wong lanang loro lungguh lan ing sekitaré ana bangunan sing hancur

Wektu Ngalami Bencana Alam

”Wektu ndelok kabèh bandhaku ilang merga tanah longsor lan banjir, aku dadi putus asa.”​—Andrew, Sierra Leone.

”Sakwisé badai, aku mulih ing omahku. Kabèh bandhaku entèk ludhes. Kuwi nggawé aku lemes. Anakku wédok nganti nangis merga sedhih banget.”​—David, Kepulauan Virgin.

NÈK tau ngalami bencana alam, awaké dhéwé mesthi isa ngrasakké apa sing dirasakké wong-wong sing slamet saka bencana alam. Wong-wong kuwi biasané dadi trauma, bingung, kuwatir, ngrasa ora trima, lan ngalami mimpi buruk. Akèh sing putus asa nganti ora nduwé semangat urip manèh.

Wektu kélangan kabèh sing diduwèni merga bencana alam, awaké dhéwé isa waé ngrasa kuwatir lan strès. Awaké dhéwé mungkin ngrasa péngin nyerah waé. Ning, Alkitab njelaské apa sebabé awaké dhéwé kudu tetep nduwé semangat urip. Alkitab ya nduduhké nèk awaké dhéwé isa ngrasakké urip sing bahagia ing masa depan.

JANJI SING NGUWATKÉ SAKA ALKITAB

Yakobus 5:11 kandha, ”Kita padha nyebut wong-wong sing tekun kuwi wong-wong sing bungah.” Sakwisé ngalami bencana alam, awaké dhéwé mungkin rumangsa wis ora nduwé harapan manèh. Ning, keadaané isa dadi luwih apik nèk awaké dhéwé ora nyerah.

Alkitab ngramalké nèk ”bakal ora keprungu manèh swaraning tangis lan swaraning pasambat”. (Yésaya 65:19) Ramalan kuwi bakal kelakon wektu Kratoné Allah nggawé bumi dadi firdaus. (Jabur 37:11, 29) Bencana alam bakal ora ana manèh. Awaké dhéwé ya ora bakal kèlingan manèh karo keadaan sing nggawé awaké dhéwé sedhih. Gusti Allah janji, ”Bab-bab kang biyèn ora bakal dièlingi manèh, lan ora bakal tuwuh manèh ing sajroning ati.”​—Yésaya 65:17.

Gusti Allah péngin mènèhi awaké dhéwé ”pangarep-arep kang becik tumrap ing bésuké”, yaiku urip sing bahagia ing pamréntahané Gusti Allah. (Yérémia 29:11) Janji kuwi isa mbantu awaké dhéwé bèn tetep nduwé semangat urip. Sally, sing disebutké ing artikel sakdurungé, kandha, ”Ngrenungké berkahé Kratoné Allah sing bakal kelakon ing masa depan isa mbantu awaké dhéwé tetep tekun wektu ngadhepi masalah lan ora strès manèh.”

Awaké dhéwé perlu sinau luwih akèh soal apa sing bakal ditindakké Kratoné Allah kanggo manungsa. Kuwi bakal nggawé awaké dhéwé tetep nduwé semangat urip lan yakin nèk bencana alam ora bakal ana manèh ing masa depan. Alkitab ya nyedhiakké saran-saran sing isa mbantu awaké dhéwé wektu ngalami bencana alam. Ayo digatèkké conto-contoné.

Ayat Alkitab sing Isa Direnungké

Perlu cukup istirahat.

”Ayo, . . . ngaso sedhéla.”​—Markus 6:31.

Para peneliti kandha nèk keadaané wong sing ngalami trauma isa saya parah nèk dhèwèké kurang turu. Dadi, cukup istirahat kuwi penting.

Critakna perasaanmu.

”Sumelanging ati ndadèkaké wungkuking wong, nanging pitembungan kang becik iku ndadèkaké senengé atiné.”​—Wulang Bebasan 12:25.

Wong sing tau ngalami bencana alam isa ngrasa dikuwatké lan éntuk bantuan sing dibutuhké nèk nyritakké perasaané karo keluarga utawa kanca-kanca.a

Bayangna harapan ing masa depan.

”Ana langit anyar lan bumi anyar sing kita entèni miturut janjiné Gusti Allah, lan ing kana wong-wong bakal tansah nindakké apa sing bener.”​—2 Pétrus 3:13.

a Wong sing terus-terusan ngrasa strès utawa kuwatir mungkin perlu nggolèk perawatan keséhatan.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim