PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 23
  • Saran kanggo Wong Lanang Bèn Ora Strès

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Saran kanggo Wong Lanang Bèn Ora Strès
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Saran-Saran ing Alkitab
  • Ora Bakal Ana sing Ngrasa Strès Manèh
  • Pasrahna Rasa Kuwatir marang Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Piyé Bèn Aku Ora Terlalu Kuwatir?
    Pitakonané Cah Enom
  • Apa Kandhané Alkitab?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • Piyé Carané Bèn Tetep Tabah Meskipun Lagi Kuwatir?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
Delok Kabèh
Topik Liyané
mrt artikel 23
Gambar: 1. Wong lanang lagi strès. 2. Dhèwèké lagi télpon karo nesu-nesu. 3. Dhèwèké ngombé-ngombé.

Saran kanggo Wong Lanang Bèn Ora Strès

Wong sing strèsa kuwi biasané wedi banget nganti ora isa ngapa-ngapa, males tangi, lan terus-terusan ngomongké sing dikuwatirké.

Tapi menurut para peneliti, sakjané ora kabèh kaya ngono, khususé wong lanang. Ana laporan, ”Nèk lagi strès, biasané wong lanang ngombé-ngombé lan malah ana sing nganggo narkoba. Dadi, nèk wong lanang kecanduan alkohol, mungkin merga dhèwèké lagi strès. Terus, meréka ya dadi gampang nesu.”

Mémang, ora kabèh wong lanang kaya ngono. Tapi merga ”ing akhir jaman, keadaané bakal angèl diadhepi”, tambah akèh wong sing strès. (2 Timotius 3:1) Nèk njenengan lagi strès, ing Alkitab ana saran-saran sing apik sing isa mbantu njenengan.

Saran-Saran ing Alkitab

Ing Alkitab ana akèh saran sing isa mbantu njenengan ora strès manèh. Gatèkna ayat-ayat iki:

  1. 1. ”Aja nganti kuwatir soal dina sésuk, merga sésuk ana kekuwatirané dhéwé. Saben dina ana masalahé dhéwé-dhéwé.”​—Matius 6:34.

    Artiné: Aja terlalu nguwatirké apa sing durung kelakon. Seringé, sing dikuwatirké malah ora kelakon. Kadhang-kadhang situasiné malah isa luwih apik.

    Saran: Coba pikirna, apa njenengan tau terlalu kuwatir padahal akhiré kuwi ora kelakon? Terus, coba pikirna masalah sing lagi dipikirké saiki, kira-kira apa masalahé bener-bener gedhé banget.

  2. 2. ”Wong sing mbantu kancané dadi luwih apik kuwi kaya wesi sing nglandhepké wesi.”​—Wulang Bebasan 27:17.

    Artiné: Awaké dhéwé isa njaluk bantuané wong liya. Wong liya mungkin wis tau kaya awaké dhéwé, dadi isa ngekèki saran. Kadhang-kadhang, wong liya sing isa ngerti solusiné.

    Saran: Njaluk saran karo wong liya sing wis tau ngalami masalah sing padha kaya awaké dhéwé.

  3. 3. ”Kowé kudu masrahké kabèh rasa kuwatirmu marang Gusti Allah merga Dhèwèké perduli karo kowé.”​—1 Pétrus 5:7.

    Artiné: Gusti Allah perduli karo wong-wong sing lagi susah. Dhèwèké péngin awaké dhéwé ndonga, nyritakké kabèh masalahé awaké dhéwé.

    Saran: Tulisen apa waé sing lagi njenengan kuwatirké. Terus, njenengan isa ndongakké soal kuwi.

Ora Bakal Ana sing Ngrasa Strès Manèh

Ing Alkitab ora mung ana saran-saran bèn awaké dhéwé ora strès. Tapi, ya ana janji nèk mengko ora bakal ana sing ngrasa strès. Kok isa?

Kerajaané Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh sing isa nggawé awaké dhéwé strès. (Wahyu 21:4) Malah, awaké dhéwé ora bakal kèlingan masalah sing nggawé awaké dhéwé kuwatir lan strès.​—Yésaya 65:17.

Kuwi janjiné ”Gusti Allah sing nggawé [awaké dhéwé] ayem”. (Roma 16:20) Gusti Allah ngomong, ”Aku ngerti tenan apa sing péngin Tak tindakké marang kowé. Aku péngin mènèhi kowé kedamaian, dudu bencana, bèn kowé isa nduwé masa depan lan harapan.”​—Yérémia 29:11.

a Sing dimaksud strès ing artikel iki strès merga ngadhepi masalah. Kuwi dudu penyakit kaya gangguan méntal, merga nèk kaya ngono kudu lunga dokter.​—Lukas 5:31.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim