PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 40
  • Piyé Bèn Aku Ora Terlalu Kuwatir?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Bèn Aku Ora Terlalu Kuwatir?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Sing nggawé kuwatir
  • Apa kuwatir kuwi salah?
  • Sing isa mbok tindakké
  • Pasrahna Rasa Kuwatir marang Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Saran kanggo Wong Lanang Bèn Ora Strès
    Topik Liyané
  • Apa Kandhané Alkitab?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • Piyé Carané Bèn Tetep Tabah Meskipun Lagi Kuwatir?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
Delok Kabèh
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 40
Cah lanang lagi kewedèn ing sekolahan

PITAKONANÉ CAH ENOM

Piyé bèn aku ora terlalu kuwatir?

  • Sing nggawé kuwatir

  • Apa kuwatir kuwi salah?

  • Sing isa mbok tindakké

  • Kandhané kanca-kancamu

Sing nggawé kuwatir

Apa kowé tau ngrasa kaya ngéné?

”Aku kepikiran terus, ’Piyé nèk aku kecelakaan mobil? Piyé nèk pesawaté tiba?’ Aku terlalu kuwatir, nganti sing kaya ngono waé tak pikirké terus.”​—Charles.

”Merga terlalu kuwatir, aku dadi strès dhéwé, padahal ora ngapa-ngapa. Rasané kaya hamster sing mlayu ing roda, wis kesel tapi ora tekan ing endi-endi.”​—Anna.

”Wektu ana sing ngomong, ’Kowé ki pénak isih sekolah’, aku mbatin, ’Mbok pikir sekolah kuwi ora strès?’”​—Daniel.

”Aku strès banget. Apa-apa tak kuwatirké.”​—Laura.

Faktané: Ing Alkitab ditulis, ”Keadaané bakal angèl diadhepi lan berbahaya.” (2 Timotius 3:1) Dadi kabèh isa ngrasa kuwatir, termasuk cah enom.

Apa kuwatir kuwi salah?

Ora. Menurut Alkitab, kuwatir kuwi wajar.​—1 Korintus 7:​32-34; 2 Korintus 11:28.

Terus, kuwatir isa nggawé kowé luwih semangat. Misalé, nèk minggu ngarep ana ujian. Merga kowé kuwatir, kowé isa luwih semangat sinau. Hasilé, isa éntuk nilai sing apik.

Rasa kuwatir ya bermanfaat wektu awaké dhéwé nggawé kesalahan. Serena ngomong, ”Bar nggawé kesalahan, aku ngrasa ora tenang. Mulané, aku péngin memperbaiki keadaan.”​—Bandhingna Yakobus 5:14.

Faktané: Rasa kuwatir ana manfaaté.

Tapi, piyé nèk kuwatir terus?

Bapak-bapak sing lagi mbantu cah enom metu saka labirin

Nèk kuwatir terus, kuwi kaya kejebak ing labirin. Mulané, kowé kudu njaluk tulung karo wong liya

Conto: Richard sing umuré 19 taun ngomong, ”Merga mikirké sing èlèk-èlèk terus, aku dadi strès.”

Menurut Alkitab, ”Pikiran sing tenang nggawé awak dadi séhat.” (Wulang Bebasan 14:30) Tapi nèk kuwatir, kuwi isa marahi mumet, lara weteng, lan jantungé berdebar-debar.

Bèn rasa kuwatirmu isa bermanfaat, kowé kudu piyé?

Sing isa mbok tindakké

  • Dipikirké manèh apa perlu dikuwatirké. ”Kaya kapal sing isih ditalèni, mèh nganti kesel didayung ya ora bakal ing endi-endi. Mikirké tanggung jawab kuwi apik. Tapi nèk terlalu kuwatir, kuwi ora ana gunané. Kuwi mung marahi kesel thok.”​—Katherine.

    Ayat: ”Sapa ta ing antaramu sing merga kuwatir isa nggawé umuré rada dawa sithik?”​—Matius 6:27.

    Artiné: Nèk terlalu kuwatir, kuwi mung nambahi masalah thok.

  • Aja terlalu kuwatir karo apa sing durung mesthi kelakon. ”Pikirna, apa sing mbok kuwatirké bakal kelakon sésuk, sasi ngarep, taun ngarep, utawa limang taun manèh?”​—Anthony.

    Ayat: ”Aja nganti kuwatir soal dina sésuk, merga sésuk ana kekuwatirané dhéwé. Saben dina ana masalahé dhéwé-dhéwé.”​—Matius 6:34.

    Artiné: Kuwatir karo sing durung mesthi kelakon kuwi percuma.

  • Nrima kenyataan. ”Ora kabèh sing awaké dhéwé péngini kuwi isa kelakon. Makané kudu belajar nrima kenyataan.”​—Robert.

    Ayat: ”Sing banter ora mesthi menang balapan, . . . sing nduwé pengetahuan ora mesthi suksès, merga wektu lan kedadéan sing ora disangka-sangka dialami kabèh wong kuwi.”​—Pengkhotbah 9:11.

    Artiné: Mémang ana keadaan sing ora isa diubah. Dadi, kudu belajar nrima kenyataané.

  • Mikirké sing penting. ”Nèk kabèh-kabèh tak pikirké, aku isa dadi strès. Mulané, aku kudu ngerti sing luwih penting.”​—Alexis.

    Ayat: ”Mastèkké endi sing luwih penting.”​—Filipi 1:10.

    Artiné: Nèk mikirké sing penting-penting waé, hasilé dadi ora strès.

  • Crita karo wong liya. ”Mbiyèn wektu aku sekolah, aku sering banget strès. Tapi merga aku crita karo wong tuwaku, aku dadi luwih tenang.”​—Marilyn.

    Ayat: ”Rasa kuwatir nggawé wong dadi ora semangat, ning omongan sing apik nggawé wong dadi semangat.”​—Wulang Bebasan 12:25.

    Artiné: Nèk gelem crita karo wong tuwa lan kanca, isa waé awaké dhéwé éntuk saran sing apik.

  • Ndonga. ”Aku ndonga nganggo swara sing banter. Aku nyritakké kabèh rasa kuwatirku karo Yéhuwah. Aku lega merga ngrasa Yéhuwah ngrungokké dongaku.”​—Laura.

    Ayat: ”Kowé kudu masrahké kabèh rasa kuwatirmu marang Gusti Allah merga Dhèwèké perduli karo kowé.”​—1 Pétrus 5:7.

    Artiné: Ndonga ora mung bèn pikirané dadi tenang. Yéhuwah janji, ”Aja kuwatir merga Aku Gusti Allahmu. Aku bakal nyemangati kowé. Aku bakal nulungi kowé.”​—Yésaya 41:10.

Nèk Kerep Ngrasa Kuwatir

Ana cah-cah enom sing menderita gangguan kecemasan. Misalé Jenna. Dhèwèké crita, ”Merga nduwé gangguan kecemasan, aku dadi kerep ngrasa kuwatir. Kuwi nggawé aku mumet lan ora isa fokus. Aku ya ora isa turu, tapi ya tau turu terus berhari-hari. Terus aku ya tau ora doyan mangan, tapi aku ya tau dadi péngin mangan terus. Aku ora isa tenang. Masalah sing cilik dadi kétok abot banget.”

Nèk kowé kerep ngrasa kuwatir, mungkin kowé kudu ing dokter. Sakwisé priksa ing dokter, Jenna ngomong, ”Merga wis priksa, keadaanku saiki dadi luwih apik. Aku wis ora terlalu kuwatir manèh.”

KANDHANÉ KANCA-KANCAMU

Carissa

”Pas aku kuwatir, aku ndonga karo Yéhuwah. Aku nyritakké kabèh perasaanku. Merga wis tak critakké karo Yéhuwah, aku dadi luwih tenang. Akhiré aku isa turu.”​—Carissa.

Samantha

”Aku éling omongané Yésus ing Matius 6:27, nèk terlalu kuwatir kuwi ora ana gunané. Dadi, aku manut waé karo Yéhuwah merga Dhèwèké mesthi nulungi aku.”​—Samantha.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim