PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 27
  • Kenapa Aku Ora Nduwé Kanca?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Kenapa Aku Ora Nduwé Kanca?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kuis
  • Faktané
  • Carané ngatasi kesepian
  • Berupaya Nduwé Kanca Bèn Ora Kesepian
    Topik Liyané
  • Yéhuwah Ora Bakal Ninggalké Njenengan
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 27
Cah wédok sing ngrasa kesepian

PITAKONANÉ CAH ENOM

Kenapa Aku Ora Nduwé Kanca?

Kowé ndelok postingan fotoné kanca-kancamu sing lagi pésta. Kabèh kancamu ana ing kono lan meréka kétok seneng. Tapi, kowé ora ana ing foto kuwi.

Kowé mungkin mikir, ’Kok aku ora dijak ya.’

Awalé mungkin kowé penasaran, tapi akhiré kowé jèngkèl. Kowé mungkin ngrasa kecéwa merga ora dijak lan ora dianggep kanca. Kowé dadi ngrasa kesepian lan mikir, ’Ngapa ya kok aku ora nduwé kanca?’

  • Kuis

  • Faktané

  • Carané ngatasi kesepian

  • Kandhané kanca-kancamu

  • Kudu piyé bèn isa nduwé kanca?

Kuis

Bener utawa Salah

  1. Nèk kowé nduwé akèh kanca, kowé ora bakal kesepian.

  2. Nèk kowé nduwé média sosial, kowé ora bakal kesepian.

  3. Nèk kowé kerep chatting-an, kowé ora bakal kesepian.

  4. Nèk kowé apikan karo wong liya, kowé ora bakal kesepian.

Kabèh jawabané salah.

Lha ngapa?

Faktané

  • Nèk nduwé akèh kanca, ora berarti kowé ora bakal kesepian.

    ”Aku perduli karo kanca-kancaku tapi kadhang kanca-kancaku ora perduli karo aku. Meskipun kowé nduwé akèh kanca, tapi kowé isa ngrasa kesepian nèk meréka ora sayang lan ora perduli karo kowé.”​—Anne.

  • Nduwé média sosial ora berarti kowé ora bakal kesepian.

    ”Ana wong-wong sing nggolèk kanca sak akèh-akèhé kaya ngolèksi dolanan. Nèk kowé kaya ngono, kowé ora bakal ngrasa disayangi. Nèk kowé ora nduwé sahabat sejati, kanca-kancamu ing média sosial mung kaya dolananmu thok.”​—Elaine.

  • Nèk kowé kerep chatting-an, ora berarti kowé ora bakal kesepian.

    ”Kadhang pas kowé ngrasa kesepian, kowé dadi kerep ngecèk HP-mu kanggo ndelok kancamu nge-chat kowé apa ora. Nèk ternyata ora ana sing nge-chat kowé, kowé dadi tambah kesepian.”​—Serena.

  • Apikan karo wong liya ora berarti kowé ora bakal kesepian.

    ”Aku wis apikan karo kanca-kancaku tapi meréka ora kaya ngono karo aku. Aku ora menyesal wis apikan karo meréka, tapi anèh waé mosok meréka ora tau apikan karo aku.”​—Richard.

Intiné: Ngrasa kesepian utawa ora kuwi bergantung pikiranmu. Cah wédok sing jenengé Jeanette ngomong, ”Ngrasa kesepian kuwi mung perasaanmu dhéwé, dudu merga wong liya.”

Kowé kudu piyé nèk ngrasa ora nduwé kanca lan kesepian?

Carané ngatasi kesepian

Cah wédok sing kétok minder

Berupaya percaya diri.

”Nèk kowé minder, kuwi isa nggawé kesepian. Kowé bakal kangèlan éntuk kanca nèk kowé ngrasa kowé ora menarik.”​—Jeanette.

Ing Alkitab disebutké, ”Kowé kudu nresnani wong liya kaya kowé nresnani awakmu dhéwé.” (Galatia 5:⁠14) Bèn kowé isa nduwé lan dadi kanca sing apik, kowé kudu menghargai awakmu dhéwé tapi aja nganti mung mikirké awakmu thok.​—Galatia 6:⁠3, 4.

Cah lanang sing mung mikirké awaké dhéwé

Aja mung mikirké awakmu dhéwé.

”Ngrasa kesepian kuwi kaya lumpur isap. Nèk kowé terus-terusan ngrasa kesepian, kowé bakal terjebak ing kono. Nèk kowé terus-terusan kaya ngono, wong-wong ora gelem dadi kancamu. Kowé bakal kesepian tenan.”​—Erin.

Ing Alkitab disebutké, ”Wong sing nduwé katresnan . . . ora mung mikirké kepentingané dhéwé.” (1 Korintus 13:​4, 5) Wong sing mung mikirké kepentingané dhéwé ora perduli karo wong liya lan kuwi nggawé wong liya ora seneng. (2 Korintus 12:15) Bèn ora terus-terusan ngrasa kesepian, aja nganti kebahagiaanmu bergantung karo wong liya. Nèk kowé mikir, ’Ora ana sing nélpon aku’ lan ’Ora ana sing ngejak aku’, kuwi padha waé kebahagiaanmu bergantung karo wong liya.

Cah lanang nolak dijak ngrokok

Aja sembarangan milih kanca.

”Wong sing kesepian biasané péngin digatèkké, tapi kadhang meréka ora perduli éntuk perhatiané saka sapa. Meréka ya péngin dianggep. Mungkin ana wong-wong sing kétoké perduli tapi sakjané mung mèh memanfaatkan kowé thok. Akhiré kowé dadi tambah kesepian.”​—Brianne.

Ing Alkitab disebutké, ”Wong sing bergaul karo wong sing wicaksana bakal dadi wicaksana, ning wong sing dadi kancané wong bodho bakal cilaka.” (Wulang Bebasan 13:20) Biasané wong sing luwé ki apa waé dipangan. Nah, wong sing butuh kanca isa waé dadi sembarangan milih kanca. Wong-wong sing kesepian kuwi gampang diapusi, merga meréka butuh kanca dadi ya ora masalah nèk meréka dimanfaatké karo kanca-kancané.

Kesimpulan: Kabèh wong tau ngrasa kesepian tapi ana sing tau ngrasa luwih kesepian timbang liyané. Meskipun perasaan kesepian nggawé kowé sedhih tapi sakjané kuwi mung perasaanmu thok. Sing mbok rasakké kuwi ya asalé saka pikiranmu lan kowé isa ngendhalèni pikiranmu bèn ora mikirké hal-hal sing nggawé kowé kesepian.

Aja terlalu berharap karo wong liya. Jeanette ngomong, ”Ora kabèh wong isa dadi sahabatmu, tapi mesthi tetep ana wong-wong sing perduli karo kowé. Kuwi isa nggawé kowé ora kesepian.”

Keterangan tambahan: Wacanen ”Kudu Piyé Bèn Isa Nduwé Kanca?” Kowé ya isa download PDF ”Mengatasi Kesepian”.

KANDHANÉ KANCA-KANCAMU

Vanessa

”Nèk kowé ngrasa kesepian, critaa karo wong liya. Aja dipendhem. Mungkin ana wong-wong sing mbok kenal sing ya ngrasa kaya kowé. Kadhang siji kanca thok wis cukup bèn kowé ora ngrasa kesepian.”​—Vanessa.

Taylor

”Kowé ora isa nyalahké wong liya nèk kowé ngrasa kesepian. Soalé kadhang kowé dhéwé sing ora gelem berupaya kanggo bergaul karo wong liya. Kowé kudu berubah lan berupaya nggolèk kanca sing anyar sing mungkin durung tau mbok cedhaki.”​—Taylor.

Kudu piyé bèn isa nduwé kanca?

”Aku nduwé kanca sing ngrasa kesepian banget. Meskipun ing sekitaré ana wong-wong sing perduli karo dhèwèké, dhèwèké tetep ngrasa ora dianggep lan ngrasa ora disayangi. Dhèwèké kuwi minder, tapi bèn wong liya ora ngerti, dhèwèké dadi wong sing cuèk. Tapi sakjané kuwi malah nggawé dhèwèké dadi ora nduwé kanca, soalé wong-wong ngertiné dhèwèké kuwi ora gelem bergaul lan cuèk. Dadi meréka wegah cedhak-cedhak dhèwèké.

”Kancaku ya wedi nèk dhèwèké bakal lara ati. Dadi pas ana sing nyedhaki utawa péngin kancanan karo dhèwèké, dhèwèké mikir nèk wong kuwi mung péngin memanfaatkan thok utawa mikir nèk kancanané ora bakal awèt. Dhèwèké péngin digatèkké tapi dhèwèké ora gelem crita karo wong liya, dadi ya tambah kesepian.

”Bèn isa nduwé sahabat, awaké dhéwé kudu padha-padha gelem crita lan saling memahami. Aku berharap kancaku isa berusaha bèn ora kesepian manèh lan gelem dicedhaki.”​—Elaine.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim