PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 23
  • Piyé Nèk Aku Digosipké?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Nèk Aku Digosipké?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Gosip isa nggawé lara ati
  • Kowé ora isa nyegah wong liya nggosipké kowé
  • Nèk digosipké, kowé isa ngatasi kuwi
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 23

PITAKONANÉ CAH ENOM

Piyé Nèk Aku Digosipké?

  • Kuis

  • Gosip isa nggawé lara ati

  • Kowé ora isa nyegah wong liya nggosipké kowé

  • Nèk digosipké, kowé isa ngatasi kuwi

Kuis

  1. Kancamu nyebarké gosip soal kowé. Apa kowé isa ora mikirké soal kuwi?

    • Isa

    • Angèl

    • Ora isa

  2. Kancamu nyebarké gosip soal kowé. Apa kowé isa ngomong apik-apik karo dhèwèké kanggo mbahas masalah kuwi?

    • Isa

    • Angèl

    • Ora isa

  3. Kancamu nyebarké gosip soal kowé, kowé ya ngerti gosip soal dhèwèké. Apa kowé isa ora mbales dhèwèké?

    • Isa

    • Angèl

    • Ora isa

Nèk jawabanmu ”angèl” utawa ”ora isa” kanggo pertanyaan-pertanyaan kuwi, gatèkna saran-saran ing artikel iki.

Gosip isa nggawé lara ati

Ana gosip sing berbahaya, misalé sing ora bener lan isa ngrusak réputasi. Terus, ya ana gosip sing kétoké ora berbahaya tapi tetep isa nggawé lara ati, apamanèh sing nyebarké kuwi kanca cedhakmu dhéwé.​—Mazmur 55:12-​14.

”Ana kancaku sing ngrasani aku. Dhèwèké ngomong nèk aku égois lan ora perduli karo wong liya. Aku lara ati. Kok isa ya dhèwèké ngomong kaya ngono.”​—Ashley.

Faktané: Embuh sapa sing nggosipké, awaké dhéwé mesthi ora seneng nèk ana sing ngomongké èlèk soal awaké dhéwé.

Kowé ora isa nyegah wong liya nggosipké kowé

Ana beberapa alesan ngapa kok wong nggosip, misalé:

Péngin ngerti soal wong liya. Manungsa diciptakké bèn isa saling nggatèkké. Makané wajar nèk awaké dhéwé seneng ngobrol lan seneng ngomongké wong liya. Bahkan ing Alkitab ya ana naséhat nèk awaké dhéwé kudu nggatèkké ”kepentingané wong liya”.​—Filipi 2:4.

”Ngomongké wong liya kuwi seru banget.”​—Bianca.

”Jujur waé aku seneng ngomongké wong liya. Aku ora ngerti ngapa, tapi rasané seneng banget.”​—Katie.

Kurang kerjaan. Pas jamané para rasul, ana wong-wong sing ”seneng nggunakké wektu longgaré mung kanggo nyritakké utawa ngrungokké bab-bab sing anyar”. (Kisah 17:21) Saiki ya padha.

”Kadhang nèk ora ana sing diobrolké, wong-wong nggawé gosip.”​—Joanna.

Minder. Ing Alkitab disebutké nèk aja seneng mbandhing-mbandhingké awaké dhéwé karo wong liya. (Galatia 6:4) Tapi kenyataané merga minder, wong ngèlèk-èlèk lan nggosipké wong liya.

”Wong sing ngèlèk-èlèk lan nggosipké wong liya biasané merga iri karo wong sing digosipké. Wong kuwi ngèlèk-èlèk bèn ngrasa seneng lan péngin nduduhké nèk dhèwèké luwih apik daripada wong sing digosipké.”​—Phil.

Faktané: Wong bakal tetep ngomongké wong liya termasuk kowé.

Nèk digosipké, kowé isa ngatasi kuwi

Kowé ora isa nyegah wong liya nggosipké soal kowé. Tapi kowé isa milih arep nanggepiné piyé. Nèk ngerti ana wong liya sing nggosipké kowé, kowé isa mikirké loro pilihan iki.

PILIHAN 1: Ora usah digagas. Biasané luwih apik diejarké waé apamanèh nèk sing diomongké kuwi mung sepélé. Ing Alkitab disebutké, ”Aja gampang tersinggung, merga sing gampang tersinggung kuwi wong bodho.”​—Pengkhotbah 7:9.

”Aku digosipké pacaran, padahal kenal waé ora. Kaya ngono kuwi sih ora tak gagas.”​—Elise.

”Nèk nduwé réputasi sing apik, kowé ora bakal terlalu terpengaruh gosip kuwi. Meskipun ana sing ngèlèk-èlèk tapi nèk kowé nduwé réputasi sing apik, wong-wong ora bakal percaya karo gosip kuwi. Akhiré wong-wong bakal ngerti sing bener.”​—Allison.

Saran: Tulisen (1) wong-wong nggosipké apa soal kowé, terus (2) piyé perasaanmu. Nèk kowé wis nulis soal perasaanmu, luwih gampang kanggo nglalèkké.​—Mazmur 4:4.

PILIHAN 2: Ajaken ngobrol wong sing mulai nyebarké gosip kuwi. Nèk kowé ngrasa gosipé kuwi berbahaya lan ana dampaké kanggo kowé, kowé isa ngejak ngobrol wong sing mulai nyebarké gosip kuwi.

”Nèk kowé ngejak omong wong sing nggosipké kowé, dhèwèké bakal ngerti nèk jebulé gosipé wis tekan kowé. Kowé isa ngomongké masalahé lan muga-muga masalahé isa rampung.”​—Elise.

Sakdurungé ngejak omong wong sing nggosipké kowé, gatèkna naséhat ing Alkitab berikut iki lan pikirna pertanyaan-pertanyaané.

  • ”Wong sing njawab sakdurungé ngrungokké sing saktenané kuwi wong sing bodho.” (Wulang Bebasan 18:13) ’Apa aku ngerti kabèh faktané? Apa wong sing crita karo aku soal gosip kuwi mung salah paham utawa salah krungu?’

  • ”Saben wong kudu cepet ngrungokké, ora kesusu ngomong, lan ora gampang nesu.” (Yakobus 1:​19) ’Apa saiki wektu sing pas kanggo ngomong karo wong sing nggosipké aku? Apa wis tak pikirké tenanan? Apa apiké aku ngejak omong dhèwèké pas aku wis ora jèngkèl?’

  • ”Apa sing mbok karepké supaya ditindakké wong liya marang kowé, kuwi ya kudu mbok tindakké marang wong kuwi.” (Matius 7:​12) ’Nèk aku dadi dhèwèké, aku pénginé piyé? Kapan wektu sing pas kanggo ngomongké masalahé? Terus carané ngomongké masalahé kuwi piyé?’

Saran: Sakdurungé ngejak omong wong sing nggosipké kowé, tulisen kowé arep ngomong apa waé. Sakwisé seminggu utawa rong minggu, kowé isa maca manèh apa sing mbok tulis mau lan apa ana sing arep mbok ubah. Kowé ya isa crita karo wong tuwamu utawa kancamu sing isa dipercaya, terus kowé isa njaluk saran saka meréka.

Faktané: Kowé ora isa mengendalikan kabèh situasi, termasuk nèk ana sing nggosipké soal kowé. Tapi aja nganti kuwi nggawé kowé dadi strès.

KANDHANÉ KANCA-KANCAMU

”Nèk isiné gosip mung sepélé ya diejarké waé. Tapi nèk gosipé kuwi berbahaya, bahkan isa ngrusak réputasimu, kowé isa ngejak omong wong sing mulai nggosipké kowé.”​—Brianna.

”Nèk ana sing nggosipké kowé, aja mbales nggosipké dhèwèké. Nèk kowé mbales, kowé padha èlèké kaya dhèwèké.”​—Olivia.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim