PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp19 No. 2 hlm. 10-11
  • Wektu Lara Parah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Wektu Lara Parah
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2019
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SARAN-SARAN SING ISA MBANTU
  • Njenengan Berharga kanggo Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
  • Manfaaté Donga kanggo Njenengan
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
  • Saran kanggo sing Lagi Lara
    Topik Liyané
  • Apa Saran ing Alkitab kanggo Wong sing Lara Parah?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2019
wp19 No. 2 hlm. 10-11

Wektu Lara Parah

”Aku kagèt banget pas dikandhani dokter nèk aku kena kanker paru-paru lan usus. Sakwisé tekan omah, aku mikir, ’Iki pancèn dudu sing tak karepké. Ning, aku ora éntuk nyerah.’”​—Linda, 71 taun.

”Aku lara gangguan syaraf ing bagéan wajah sebelah kiwa. Kadhang kala, rasané lara banget nganti nggawé aku dadi strès. Aku kerep rumangsa nèk ora ana sing perduli karo aku. Aku dadi péngin bunuh diri waé.”​—Elise, 49 taun.

Wong sing lagi lara lungguh ing kursi roda lan dikelilingi keluargané

AWAKÉ DHÉWÉ mesthi sedhih banget wektu ngerti nèk awaké dhéwé utawa wong sing awaké dhéwé sayangi kena penyakit sing parah. Wektu ngadhepi situasi kaya ngono, isa waé awaké dhéwé dadi gampang nesu utawa kuwatir. Awaké dhéwé ya isa dadi tambah wedi lan kuwatir wektu arep ketemu dokter, ora isa nemokké perawatan sing cocog, ora nduwé dhuwit kanggo berobat, utawa ngrasakké èfèk samping saka perawatan sing ditindakké. Kuwi kabèh isa nggawé awaké dhéwé saya strès.

Apa sing isa mbantu awaké dhéwé ngadhepi situasi kaya ngono? Akèh wong ngrasa dikuwatké merga ndonga lan maca Alkitab. Anggota keluarga lan kanca-kanca ya isa nguwatké awaké dhéwé.

SARAN-SARAN SING ISA MBANTU

Robert, sing umuré 58 taun, kandha, ”Awaké dhéwé perlu ngendelké Gusti Allah. Dhèwèké bakal mbantu awaké dhéwé ngadhepi penyakité awaké dhéwé. Wektu ndonga, critakna apa sing lagi awaké dhéwé adhepi. Awaké dhéwé isa njaluk Yéhuwah mbantu awaké dhéwé bèn nduwé pikiran sing positif lan tetep tenang. Terus, awaké dhéwé ya isa njaluk Yéhuwah kanggo nguwatké keluargané awaké dhéwé.”

Robert ya kandha, ”Dhukungan saka keluarga kuwi pengaruhé gedhé banget. Saben dina, aku ditélépon lan ditakoni kabarku. Kanca-kancaku ya nguwatké aku. Aku ngrasa dihibur. Kuwi mbantu aku bèn ora nyerah.”

Wektu niliki wong sing lagi lara, awaké dhéwé isa ngéling-éling apa sing diomongké Linda. Dhèwèké kandha, ”Wong sing lara biasané ora péngin dianggep lara lan ora péngin ngomongké soal penyakité. Mula, luwih apik nèk awaké dhéwé ngomongké liyané.”

Dadi, nèk ngendelké Gusti Allah, maca Alkitab, lan didhukung karo keluarga lan kanca-kanca, awaké dhéwé isa tetep nduwé semangat urip senajan lagi lara parah.

Ayat Alkitab sing Isa Direnungké

Ngendelké Gusti Allah.

”Aku wus ngupaya Pangéran Yéhuwah, banjur diparingi wangsulan, sarta diluwari saka sabarang kang marakaké girisku. Wong kang katindhes iki asesambat, nuli dipiyarsakaké déning Sang Yéhuwah.”​—Jabur 34:5, 7.

Linda, sing wis disebutké mau, kandha, ”Wektu ndonga, aku ora njaluk bèn laraku mari. Ning, aku njaluk bèn Gusti Allah nguwatké aku lan mbantu aku ngadhepi penyakitku.”

Maca Alkitab.

”Ora ana wong siji-sijia kang bakal celathu ana ing kono: ’Aku lara.’”​—Yésaya 33:24.

Awaké dhéwé isa dikuwatké nèk ngrenungké janjiné Gusti Allah ing masa depan.

Nampa bantuan saka kanca-kanca lan keluarga.

”Mitra iku ing samangsa-mangsa ajeg baé katresnané, lan dadi sadulur ing sajroning kasusahan.”​—Wulang Bebasan 17:17.

Elise, sing wis disebutké mau, kandha, ”Mungkin njenengan ngrasa kesepian lan nganggep nèk Gusti Allah ora perduli. Ning, njenengan kudu tetep kumpul karo kanca-kancané njenengan. Wènèhana kancané njenengan kesempatan kanggo mbantu.”

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim