Carané Nawakké Wacan
Kabar Apik saka Gusti Allah!
”Bu, aku seneng isa ketemu panjenengan. Aku péngin ngrembug nèk jan-jané awaké dhéwé isa ngerti kersané Gusti Allah kanggo manungsa. Apa panjenengan tau mikirké jawaban saka pitakonan, ’Apa Gusti Allah bakal nyingkirké kasusahané manungsa?’ [Rungokna jawabané.] Ing buku iki ana jawaban saka Alkitab [Bukuné dikèkké, lan wacakna bab 1 paragraf 1, uga wacakna Yérémia 29:11.] Saka ayat iki, awaké dhéwé ngerti nèk Gusti Allah kuwi péngin manungsa urip pénak. Piyé nurut panjenengan? [Rungokna jawabané.] Nèk péngin, panjenengan isa nduwèni buku iki. Nèk panjenengan gelem, liya dina awaké dhéwé isa ngrembug pitakonan ing paragraf 2, ’Piyé carané Gusti Allah nyingkirké kabèh sing nyebabké manungsa urip susah?’ Nèk sing nduwé omah ora répot, awaké dhéwé isa ngrembug paragraf 2 lan ayat-ayaté. Takonana kapan isa ketemu manèh kanggo ngrembug pitakonan nomer 2.”