PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • km 4/15 hlm. 4
  • Nyebar Undangan Kebaktian

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nyebar Undangan Kebaktian
  • Kagiyatané Abdiné Allah—2015
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Mbagi Undangan Kebaktian
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2016
Kagiyatané Abdiné Allah—2015
km 4/15 hlm. 4

Nyebar Undangan Kebaktian

1. Kapan mulainé nyebar undangan kebaktian bareng-bareng?

1 Nèk panjenengan arep nganakké pésta kanggo kluarga utawa kanca mesthiné butuh upaya lan dhuwit. Merga wis ngupaya, mesthiné panjenengan semangat anggoné ngundang bèn padha teka, ta? Semono uga, kanggo nyepakké wulangan Alkitab sing dirembug ing kebaktian gabungan wilayah (kebaktian regional) sésuké ya butuh upaya sing tenanan. Telung minggu sadurungé kebaktian, Yéhuwah maringi awaké dhéwé kaurmatan sing gedhé kanggo ngundang wong-wong bèn teka ing kebaktian. Apa sing isa nggawé awaké dhéwé mempeng anggoné nyebar undangan kebaktian?

2. Apa sing isa nggawé awaké dhéwé mempeng nyebar undangan kebaktian?

2 Awaké dhéwé isa mempeng nyebar undangan kebaktian, nèk mikirké dhisik paédah saka wulangan Alkitab sing dirembug ing saben kebaktian. (Yé. 65:13, 14) Awaké dhéwé uga isa ngéling-éling nèk nyebar undangan kebaktian saben tauné iku ana gunané. (Deloken kothak ”Nyebar Undangan Kebaktian Ana Gunané”.) Ana wong-wong sing bakal teka bareng karo awaké dhéwé, ning liyané isa teka dhéwé. Ning, akèh apa orané sing teka, upayané awaké dhéwé iku isa ngluhurké asmané Yéhuwah lan mbantu wong ngerti nèk Yéhuwah kuwi apikan banget.​—Ms. 145:3, 7; Wy. 22:17.

3. Piyé carané nyebar undangan kebaktian?

3 Saben kumpulan pinituwa jemaat (badan penatua) isa ngatur carané nyebar undangan kebaktian, klebu apa isa ninggal undangan ing omah sing lagi kosong, utawa nawakké wektu nginjil ing panggonan umum ing dhaérahé dhéwé-dhéwé. Pas dina Setu utawa Minggu, nèk cocog, isa waé nawakké majalah sisan karo undangané. Bar rampung nyebar undangan, awaké dhéwé mesthi seneng banget merga wis mempeng nyebar undangan kebaktian sak akèh-akèhé, bèn wong-wong padha teka ing kebaktian.

Panjenengan Isa Ngomong Ngéné

”Aku lan kanca-kanca sak donya lagi nyebar undangan kanggo acara sing penting banget. Wektu lan panggonanané wis ana ing undangan iki.”

Nyebar Undangan Kebaktian Ana Gunané

  • Pirang-pirang taun kepungkur, ana sedulur wadon sing mèlu nyebar undangan rumangsa nèk upayané ora ana gunané. Dhèwèké mikir-mikir, ’Apa wong-wong bakal nampa undangan lan gelem teka ing kebaktian, ya?’ Wektu kebaktian Setu ésuk, sedulur wadon iki ndeleng ana wong lanang saka golongan Sikh lagi lungguh ora adoh saka lungguhané, mula dhèwèké banjur kenalan karo wong lanang iki. Jebulé wong lanang iki teka merga nampa undangan kebaktian. Wong lanang kuwi nduwé akèh pitakonan sing isa dijawab karo sedulur wadon iki. Wong lanang kuwi ngakoni nèk dhèwèké seneng banget isa teka. Dhèwèké gumun karo sandhangan lan kelakuan sing apik saka para sedulur sing teka. Ing dina iku, sedulur wadon kuwi uga omong-omongan karo wong lanang-wedok sing lungguh ing cedhaké. Wong loro kuwi uga nampa undangan lan mangkat ing kebaktian numpak bis. Wong loro kuwi seneng banget isa teka, lan péngin teka manèh ing dina Mingguné. Akhiré, sedulur wadon iki ngerti nèk upaya kanggo nyebar undangan saben taun kuwi ana gunané.

  • Ing kebaktian sing wingi, ana perintis biasa karo bojoné kenalan karo wong lanang-wedok sing wis tuwa, sing lagi sepisanan mèlu kebaktian. Perintis iki takon, ”Panjenengan éntuk undangan saka sapa?” Wong mau crita, ”Pas bali ing omah, ana undangan sing dilebokké ing ngisor lawang”. Undangan kuwi banjur diwaca lan kupon ing kaca mburiné diisi. Sedulur liyané mbagi panganané karo wong loro mau. Wong loro kuwi seneng banget isa teka lan péngin teka manèh sésuké. Akhiré wong loro kuwi gelem diparani ing omahé.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim