Pas Nginjil Gunakna lan Wacakna Alkitab sing Gedhé Kwasané
Pas ketemu wong sing gelem ngrungokké kabar apik, awaké dhéwé kudu mbuktèkké nèk Alkitab kuwi gedhé kwasané. Carané yaiku macakké langsung saka Alkitab. Bab iki diterangké tenanan ing kebaktian istiméwa taun wingi. Intiné ceramahé pinituwané wilayah (pengawas wilayah) wektu kuwi, yaiku ”Pas Nginjil Gunakna lan Wacakna Alkitab sing Gedhé Kwasané”. Apa panjenengan isih kélingan bab-bab sing penting saka ceramah kuwi?
Apa sebabé pangandikané Yéhuwah luwih gedhé kwasané timbang omongané awaké dhéwé?—2 Tm. 3:16, 17.
Piyé carané Alkitab isa nrenyuhké ati, nggawé pikirané awaké dhéwé padha karo pikirané Yéhuwah, nggawé niyat dadi apik, lan ngowahi kelakuan?—Deloken Menara Pengawal, 15 Juni 2012, kaca 27, par. 7.
Pas macakké Alkitab, awaké dhéwé ngomong apa bèn wong sing diwacakké mau gelem nggatèkké lan ngajèni Alkitab?—Deloken buku Sekolah Pelayanan, kaca 148, par. 3-4 lan Pelayanan Kerajaan Kita Maret 2013, kaca 6, par. 8.
Apa sebabé ayat sing diwaca perlu diterangké lan dirembug, lan piyé carané?—PR. 17:2, 3; deloken buku Sekolah Pelayanan, kaca 154, par. 4 tekan kaca 156, par. 5.