SINAU SAKA ALKITAB | WULANG BEBASAN 27-31
Wong Wédok sing Apik Nurut Alkitab
Wulang Bebasan 31 isiné wejangan sing apik kanggo Raja Lemuèl saka ibuké bab golèk bojo sing apik.
Wong wédok sing apik kuwi isa dipercaya
Mènèhi saran sing apik lan ndhukung keputusan-keputusan ing keluarga
Sing lanang percaya nèk bojoné bakal nggawé keputusan sing wicaksana. Dadi sing wédok ora kudu njaluk ijin dhisik saben nggawé keputusan
Wong wédok sing apik kuwi sregep
Urip sedherhana lan ora boros, mula keluargané isa kopèn sarta nganggo sandhangan sing rapi lan pantes
Kerja mempeng lan ngopèni keluargané saka ésuk nganti wengi
Wong wédok sing apik kuwi rohaniné apik
Nduwé hubungan sing cedhak lan manut karo Gusti Allah