PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp20 No. 3 hlm. 10
  • Donga sing Ditampa Gusti Allah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Donga sing Ditampa Gusti Allah
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • NDONGA SING TULUS SAKA ATI
  • NDONGA NGGUNAKKÉ JENENGÉ GUSTI ALLAH
  • NDONGA NGANGGO BASANÉ NJENENGAN
  • Kaurmatan Gedhé kanggo Donga
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Ndonga karo Gusti Allah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Piyé Carané Bèn Dongané Awaké Dhéwé Dirungokké Gusti Allah?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
  • Apa Yéhuwah Ngrungokké Donga?
    Rungokna Gusti Allah Bèn Urip Saklawasé
Delok Kabèh
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
wp20 No. 3 hlm. 10
Wong lanang sing lagi ndonga.

Gusti Allah sing ”midhangetaken pandonga”, seneng ngrungokké dongané awaké dhéwé.​—JABUR 65:3

Donga sing Ditampa Gusti Allah

Gusti Allah mènèhi manungsa kemampuan bèn isa komunikasi karo Dhèwèké liwat donga. Nabi Daud tau ndonga, ”Paduka ingkang midhangetaken pandonga. Sadaya ingkang gesang sowan wonten ing ngarsa Paduka.” (Jabur 65:3) Ning, piyé bèn dongané awaké dhéwé isa dirungokké lan ditampa Gusti Allah?

NDONGA SING TULUS SAKA ATI

Wektu ndonga, njenengan isa nyritakké kabèh sing njenengan rasakké. Kitab Suci kandha, ”isining atimu sokna kabèh ing ngarsané [Gusti Allah].” (Jabur 62:9) Gusti Allah seneng karo donga sing tulus saka ati.

NDONGA NGGUNAKKÉ JENENGÉ GUSTI ALLAH

Senajan Gusti Allah nduwé akèh gelar, ning jenengé mung siji. ”Ingsun iki Yehuwah, yaiku asmaningSun.” (Yésaya 42:8) Jenengé Gusti Allah muncul ing Kitab Suci kira-kira ping 7.000. Para nabi ya nggunakké jenengé Gusti Allah wektu ndonga. Contoné, Abraham ngomong, ”Yéhuwah, tulung . . . Aku péngin takon manèh.” (Purwaning Dumadi 18:30, Terjemahan Dunia Baru) Dadi, wektu ndonga awaké dhéwé ya kudu nggunakké jenengé Gusti Allah, yaiku Yéhuwah.

NDONGA NGANGGO BASANÉ NJENENGAN

Ora masalah basa apa sing digunakké wektu ndonga, Gusti Allah tetep ngerti pikiran lan perasaané awaké dhéwé. Kitab Suci kandha, ”Gusti Allah ora mbédak-mbédakké wong, nanging kabèh wong saka bangsa ngendi waé sing wedi marang Gusti Allah lan nindakké apa sing bener ditampa Panjenengané.”​—Kisah 10:34, 35.

Bèn éntuk berkah saka Gusti Allah, ora cukup nèk mung ndonga. Ing artikel sakbanjuré awaké dhéwé bakal ngrembug apa sing kudu ditindakké.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim