SINAU SAKA ALKITAB | YÉRÉMIA 51-52
Pangandikané Yéhuwah Kelakon Kabèh
Yéhuwah ngramalké kanthi rinci apa sing bakal kelakon sukmbèn
Pemanah saka kerajaan Pèrsia
”Panahé padha lancipana”
Wong-wong Média lan Pèrsia kuwi ahli panah. Busur panah kuwi dadi senjata utamané. Anak panahé digosok bèn luwih lancip lan isa nancep luwih jero
”Para prawiraning Babil wus padha lèrèn anggoné perang”
Tawarikh Nabonidus kandha, ”Pasukané Korès nyerbu kutha Babil tanpa perlawanan.” Iki cocog karo ramalané Yérémia
Tawarikh Nabonidus
”Babil bakal dadi tumpukan gempuran [lan] pejah ing salami-laminipun”
Ing wiwitané taun 539 SM, kamulyané kutha Babil wis arep sirna. Alèksander Agung sakjané péngin nggawé kutha Babil dadi ibu kota, ning ujug-ujug dhèwèké mati. Ing abad kapisan, isih ana wong-wong Yahudi sing manggon ing kono, mula rasul Pétrus marani kutha Babil. Ning, ing abad kapapat M, kutha kuwi ancur lan dadi punah