URIPÉ WONG KRISTEN
Kapan Aku Isa Mulai Dadi Perintis Èkstra?
Yéheskièl éntuk wahyu, banjur isa ndelok baité Yéhuwah. Apa sing didelok kuwi nduduhké nèk umaté Yéhuwah bakal lila ngabdi. Piyé carané aku isa nggawé pangurbanan kanggo ngabdi?—Ib 13:15, 16.
Salah siji cara sing apik yaiku dadi perintis èkstra. Ing taun dinas 2018, ana pirang-pirang sasi sing dina Setu lan Mingguné ana lima. Kuwi mesthi isa migunani kanggo para sedulur sing nyambut gawé lan isané nginjil mung dina Setu utawa Minggu. Sakliyané kuwi, para penginjil isa milih arep nggunakké 30 utawa 50 jam ing sasi Maret, April, lan wektu ana kunjungané pinituwa wilayah.
Piyé nèk awaké dhéwé ora isa dadi perintis èkstra? Kita tetep kudu ngupaya bèn luwih trampil nginjil lan nggunakké wektu luwih akèh kanggo nginjil. Apa waé kahanané, kita isa nduduhké katresnan marang Yéhuwah nèk ngupaya nginjil nganggo cara sing paling apik ing taun dinas 2018.—Hs 14:3.
Piyé carané aku isa niru semangaté Sabina Hernández?
DELOKEN VIDÉO AKU ISA MERGA YÉHUWAH, LAN JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:
Apa sebabé Sabina péngin tumindak luwih akèh kanggo ngabdi marang Yéhuwah?
Apa pengaruhé tuladhané Sabina kanggo panjenengan?
Panjenengan péngin merintis èkstra ing sasi apa waé ing taun dinas 2018?