URIPÉ WONG KRISTEN
”Nyisihké Dhuwit”
Awaké dhéwé isa nggawé rencana kanggo mènèhi sumbangan secara teratur, ora mung pas ana turahan dhuwit thok. Mula, sesuai karo naséhaté Rasul Paulus, perlu ”nyisihké dhuwit”. (1Kor 16:2) Hasilé, isa ndhukung organisasiné Yéhuwah lan isa bahagia. Awaké dhéwé mungkin ngrasa nèk nyumbangé mung sithik, tapi Yéhuwah menghargai banget merga awaké dhéwé péngin mènèhké sing diduwèni kanggo ngluhurké Yéhuwah.—WB 3:9.
DELOKEN VIDÉO MATURNUWUN MERGA WIS NYISIHKÉ DHUWIT, TERUS JAWABEN PERTANYAAN IKI:
Apa manfaaté nèk nggawé rencana sik bèn isa nyumbang?
Piyé carané sedulur-sedulur ing vidéo kuwi ”nyisihké dhuwit”?