URIPÉ WONG KRISTEN
Sumbangan kanggo Yéhuwah
Piyé kita isa mènèhi kanggo Yéhuwah? (1Bb 29:5, 9, 14) Iki cara-cara kanggo mènèhi sumbangan kanggo ndhukung gawéané Seksi-Seksi Yéhuwah ing jemaaté dhéwé lan sakdonya.
SUMBANGAN ONLINE UTAWA LIWAT KOTHAK SUMBANGAN KANGGO NDHUKUNG:
GAWÉAN SAKDONYA
pembangunan lan keperluan fasilitas cabang uga kantor penerjemahan
sekolah-sekolah téokratis
para pelayan sepenuh-waktu khusus
bantuan kanggo sing kena bencana
percétakan, nggawé video, lan publikasi digital
KEPERLUANÉ JEMAATÉ DHÉWÉ
keperluan jemaat, contoné kanggo peralatan lan perawatan Balé Ibadah
keputusané jemaat kanggo nyumbang menyang kantor cabang kanggo:
pembangunan Balé Ibadah lan Balé Kebaktian sakdonya
Penyelenggaraan Bantuan Global
kegiatan-kegiatan sakdonya liyané
KEBAKTIAN-KEBAKTIAN
Sumbangan-sumbangan ing kebaktian gabungan wilayah dilebokké ing sumbangan kanggo gawéan sakdonya. Dadi, biaya kanggo kebaktian istiméwa, gabungan wilayah, lan internasional dijupuk saka sumbangan kanggo gawéan sakdonya.
Sumbangan wilayah digunakké kanggo nyéwa, ngatur, lan ngrawat panggonan kanggo kebaktian wilayah lan kanggo pengeluaran wilayah liyané. Jemaat-jemaat sak wilayah isa nggawé keputusan kanggo nyumbangké dhuwit turahané kanggo gawéan sakdonya.