PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwfq artikel 12
  • Biaya Kegiatané Seksi-Seksi Yéhuwah Kuwi saka Endi?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Biaya Kegiatané Seksi-Seksi Yéhuwah Kuwi saka Endi?
  • Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Carané Nyumbang
  • Sumbangan kanggo Yéhuwah
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
  • Dhuwit Rècèh Loro sing Berharga Banget
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2020
  • Yéhuwah Sayang karo Wong sing Seneng Mènèhi
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2019
  • Kepriyé Carané Gawéané Seksi-Seksi Yéhuwah Sadonya Diragadi?
    Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
Delok Kabèh
Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
ijwfq artikel 12
Wong wédok sing lagi nglebokké dhuwit saka kothak sumbangan.

Biaya Kegiatané Seksi-Seksi Yéhuwah Kuwi saka Endi?

Kabèh kegiatané Seksi Yéhuwah dibiayai nganggo sumbangan sukaréla saka Seksi Yéhuwah sak donya.a Nyumbangé isa ing kothak sumbangan sing ana ing tempat ibadahé Seksi Yéhuwah. Cara liyané isa ndelok ing situs wèbé Seksi Yéhuwah ing bagéan Sumbangan. Sing arep nyumbang isa milih arep nyumbang kanggo jemaat, kanggo gawéan nginjil sak donya, utawa loro-loroné.

Seksi Yéhuwah ora dikon ngekèki perpuluhan utawa nyumbang pirang persèn saka penghasilané. (2 Korintus 9:7) Pas ngibadah ya ora dijaluki kolèkte. Nèk ana acara baptisan, pemakaman, pernikahan, utawa acara liyané, ora dikon mbayar. Seksi Yéhuwah ya ora dodolan kué, bukak bazar, nggawé karnaval, utawa nggawé kegiatan liyané kanggo njaluk sumbangan. Jenengé sing nyumbang ya ora diumumké. (Matius 6:2-4) Ing situs wèb lan buku-bukuné Seksi Yéhuwah ya ora ana iklané.

Ing kabèh jemaaté Seksi-Seksi Yéhuwah, laporan keuangané saben sasi bakal diwacakké pas pertemuan ibadah. Laporan keuangan kuwi dipriksa bèn isa ngerti sumbangané dienggo apa waé.​—2 Korintus 8:20, 21.

Carané Nyumbang

  • Kothak sumbangan: Njenengan isa nglebokké dhuwit utawa cèk ing kothak sumbangan sing ana ing Balai Ibadah utawa Balai Pertemuané Seksi-Seksi Yéhuwah.

  • Nyumbang online: Ing beberapa negara, njenengan isa nyumbang nganggo kartu krédit, kartu débit, transfer, utawa nganggo cara liyané. Deloken ing bagéan ”Mènèhi Sumbangan kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah”.b Njenengan ya isa ngatur bèn sumbangané njenengan saben sasi isa langsung dipotong saka tabungané njenengan.​—1 Korintus 16:2.

    Wong lanang sing lagi ndelok carané nyumbang ing situs wèb jw.org.
  • Sumbangan sing direncanakké: Ana sumbangan sing kudu direncanakké utawa butuh bantuané penaséhat hukum. Nèk direncanakké sik, isa waé njenengan éntuk potongan pajeg utawa malah ora perlu mbayar pajeg. Nèk wis direncanakké sakdurungé, mesthi ana manfaaté. Njenengan isa takon karo kantor cabang Seksi-Seksi Yéhuwah ing negarané njenengan nèk péngin nyumbangké:

    • rèkening bank

    • asuransi lan dana pènsiun

    • tanah lan bangunan

    • saham lan obligasi

    • wasiat lan perwalian

Nèk péngin ngerti carané nyumbang, bukaken ”Mènèhi Sumbangan kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah”.

a Tapi ya ana sing dudu Seksi Yéhuwah sing mèlu nyumbang.

b Deloken vidéo Nyumbang Nganggo Cara Elektronik.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim