PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w20 Februari hlm. 26-30
  • Éntuk Akèh Berkah saka Yéhuwah Merga Niru Conto sing Apik

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Éntuk Akèh Berkah saka Yéhuwah Merga Niru Conto sing Apik
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • NGERTI CARANÉ BÈN NGINJIL DADI NYENENGKÉ
  • DADI PERINTIS ISTIMÉWA ING QUEBEC CITY
  • DITUGASKÉ DADI PENGAWAS KELILING
  • TAUN SING PENTING
  • NGLAYANI ING WILAYAH LIYA
  • Nggatèkké Wong Liya Berkahé Saklawasé
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Gawéan Nginjil ing Quebec Wis Ora Dilarang
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2019
  • Aku Puas lan Bahagia Nglayani Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
w20 Februari hlm. 26-30

PENGALAMAN

Éntuk Akèh Berkah saka Yéhuwah Merga Niru Conto sing Apik

DICRITAKKÉ KARO LÉONCE CRÉPEAULT

Léonce Crépeault pas isih enom.

PAS isih enom, aku ngrasa nèk gawéan nginjil kuwi angèl kanggo ditindakké. Terus pas wis diwasa, aku ya éntuk tugas sing abot. Aku ngrasa ora mungkin isa nindakké kuwi. Ning, ana wong-wong sing wis mbantu aku ngatasi rasa wediku. Merga bantuané wong-wong kuwi, aku isa éntuk akèh berkah saksuwéné 58 taun nglayani ing dinas sepenuh waktu.

Aku lair ing Quebec City, salah siji kutha ing provinsi Quebec ing Kanada. Wong-wong ing dhaérahku biasané nggunakké basa Prancis. Wong tuwaku jenengé Louis lan Zélia. Wong tuwaku sayang banget karo aku. Bapakku wongé isinan. Dhèwèké hobiné maca. Nèk aku, hobiku nulis, lan aku péngin dadi wartawan.

Wektu umurku 12 taun, Rodolphe Soucy, kanca kerjané bapakku, lan kancané teka ing omahku. Wong loro kuwi Seksi-Seksi Yéhuwah. Aku ora ngerti akèh soal Seksi Yéhuwah lan ora minat karo ajarané. Ning, aku lan wong tuwaku seneng banget karo carané wong loro kuwi nggunakké Alkitab kanggo njawab pitakonan-pitakonan. Mula, aku lan wong tuwaku gelem sinau Alkitab.

Pas kuwi, aku sekolah ing sekolahan Katolik. Aku omong-omongan karo kanca sak kelasku soal apa waé sing wis tak sinaoni saka Alkitab. Ning, aku konangan karo guruku. Guruku kuwi pendéta. Guruku nudhuh aku pembrontak ing ngarepé kanca-kanca sak kelasku. Ning, dhèwèké ora isa mbuktèkké nèk apa sing wis tak sinaoni kuwi salah. Saka peristiwa kuwi, aku malah dadi ngerti nèk ajarané sekolahku ora cocog karo Alkitab. Aku ora gelem sekolah ing kono manèh. Sakwisé éntuk ijin saka wong tuwaku, aku akhiré pindhah ing sekolah liyané.

NGERTI CARANÉ BÈN NGINJIL DADI NYENENGKÉ

Aku terus sinau Alkitab, ning aku angèl maju rohani merga aku wedi nginjil. Pengaruhé Gréja Katolik kuwi gedhé banget, lan Gréja Katolik nentang gawéan nginjil. Gréja kuwi nduwé hubungan politik karo Perdana Menteriné Quebec, yaiku Maurice Duplessis. Merga dhukungané, wong-wong dadi ngrèmèhké lan malah nganti nyerang Seksi Yéhuwah. Kuwi nggawé para Seksi angèl kanggo nginjil.

Ana sedulur sing mbantu aku ngatasi rasa wediku, jenengé John Rae. Dhèwèké lulusan Sekolah Giléad kelas ke-9. Pengalamané John akèh banget. Dhèwèké ya wong sing rendah hati lan ramah. Dhèwèké ora kakèhan ngomong, ning mènèhi conto sing apik kanggo aku. John ora lancar ngomong nganggo basa Prancis. Mula, aku kerep mbantu dhèwèké nginjil nganggo basa Prancis. Merga éntuk pengaruh sing apik saka John, aku mutuské kanggo dadi Seksi Yéhuwah. Aku dibaptis tanggal 26 Mei 1951. Kuwi sepuluh taun sakwisé aku ketemu karo Seksi-Seksi Yéhuwah.

Léonce Crépeault, John Rae, lan kanca-kancané.

John Rae (A) mbantu aku (B) ngatasi rasa wedi kanggo nginjil

Aku nggabung karo jemaat sing ana ing Quebec City. Ing kono, akèh banget perintisé. Para perintis kuwi nyemangati aku kanggo merintis. Akhiré, aku ya dadi perintis. Wektu kuwi, Seksi Yéhuwah ing kono nginjil mung nggunakké Alkitab. Merga ora nggunakké publikasi wektu nginjil, para Seksi kudu sinau carané bèn isa luwih trampil nggunakké Alkitab. Mula, aku sinau carané nggunakké ayat-ayat Alkitab bèn isa tak gunakké wektu nginjil. Ning, akèh sing nolak maca Alkitab sing dudu saka Gréja Katolik.

Taun 1952, aku nikah karo Simone Patry. Dhèwèké sak jemaat karo aku. Aku lan bojoku pindhah ing Montreal. Setaun bar kuwi, anakku wédok sing jenengé Lise lair. Senajan aku mandheg merintis sakwisé nikah, aku lan bojoku ngupaya urip sederhana bèn isa nindakké luwih akèh kegiatan rohani bareng-bareng.

Sepuluh taun bar kuwi, aku mulai mikirké manèh soal merintis. Ing taun 1962, aku mèlu Sekolah kanggo Pinituwa lan Abdiné Jemaat sing suwéné sesasi ing Bètel Kanada. Wektu kuwi, aku sak kamar karo Camille Ouellette. Camille mènèhi conto sing apik kanggo aku. Senajan nikah lan nduwé anak, dhèwèké tetep semangat nginjil. Pas kuwi, ing Quebec, ora ana sedulur sing tetep merintis sakwisé nduwé anak. Ning, kuwi sing diupayakké karo Camille. Camille ngongkon aku mikirké manèh soal kuwi. Pirang-pirang sasi sakwisé kuwi, aku ngrasa sanggup merintis manèh. Ana sing ngomong nèk kuwi keputusan sing ora wicaksana. Ning, aku ora nggagas omongan kuwi. Aku percaya nèk Yéhuwah bakal mberkahi upayaku.

DADI PERINTIS ISTIMÉWA ING QUEBEC CITY

Léonce Crépeault karo para pengawas keliling ing pertemuan kanggo pengawas keliling ing Toronto, Kanada taun 1977.

Taun 1977, aku teka ing pertemuan kanggo pengawas keliling ing Toronto, Kanada

Ing taun 1964, aku lan bojoku ditugaské dadi perintis istiméwa ing Quebec City. Ing kono, aku lan bojoku nglayani nganti pirang-pirang taun. Senajan wektu kuwi keadaané dadi luwih apik, ning tetep isih ana sing nentang.

Ing dina Setu awan, aku dicekel polisi ing Sainte-Marie, kutha cilik sing ora adoh saka Quebec City. Aku digawa ing kantor polisi, terus dilebokké ing penjara merga aku ditudhuh nginjil tanpa ijin. Bar kuwi, aku dikongkon nemoni hakim sing jenengé Baillargeon. Dhèwèké kuwi wongé seneng ngancem. Dhèwèké takon sapa sing bakal dadi pengacaraku ing pengadilan. Aku ngomong nèk pengacaraku kuwi Glen How,a salah siji sedulur sing dadi pengacara. Baillargeon langsung kewedèn merga Sedulur Glen How wis terkenal dadi pengacara sing apik wektu mbéla Seksi-Seksi Yéhuwah. Akhiré, aku ora sida diadili.

Merga dilarang pamréntah, para sedulur ing Quebec dadi kangèlan nyéwa panggonan sing nyaman kanggo ngibadah. Jemaatku mung isa nggunakké garasi tuwa sing adhem banget pas musim dingin. Ning, ana sedulur-sedulur sing nduwé penghangat ruangan. Sakdurungé acara perhimpunan, aku lan para sedulur biasané padha lungguh nglilingi alat kuwi karo crita-crita pengalaman sing nguwatké.

Aku seneng banget isa ndelok hasil apik saka gawéan nginjil pirang-pirang taun iki. Ing taun 1960, Seksi Yéhuwah ing Quebec City, ing dhaérah Côte-Nord, lan ing Semenanjung Gaspé mung ana sithik. Ning saiki, ing dhaérah kuwi wis ana akèh Seksi Yéhuwah lan ya wis ana Balé Ibadahé.

DITUGASKÉ DADI PENGAWAS KELILING

Aku ditugaské dadi pinituwa wilayah taun 1970. Terus, ing taun 1973, aku éntuk tugas dadi pengawas distrik. Aku sinau akèh saka Sedulur Laurier Saumurb lan David Splanec. Rong sedulur kuwi wis suwé nglayani dadi pengawas keliling. Sakwisé kebaktian, aku lan Sedulur David mesthi omong-omongan soal apa sing kudu diupayakké bèn ceramahé dadi luwih apik. Aku éling nèk Sedulur David tau ngomong karo aku, ”Mas Léonce, kotbahmu mau apik banget, ning kétoké kuwi isa dadi telung rangka kotbah lho.” Aku kakèhan nglebokké katrangan ing kotbahku. Aku kudu sinau carané nyampèkké kotbah nganggo cara sing luwih sederhana.

Peta sing nduduhké kutha-kutha ing Kanada sing tau dilayani Léonce Crépeault: Sainte-Marie, Quebec City, Montreal, lan Toronto.

Aku nglayani kutha-kutha ing Kanada bagéan wétan

Tugasé pengawas distrik kuwi nguwatké para pinituwa wilayah. Para sedulur ing Quebec kenal apik karo aku. Mula, pas aku teka, para sedulur kuwi péngin nginjil karo aku. Sakjané aku seneng nginjil karo para sedulur kuwi. Ning, aku dadi ora nduwé akèh wektu kanggo para pinituwa wilayah. Ana pinituwa wilayah sing ngélingké aku, ”Mas, aja lali ya karo aku. Ya ora apa-apa sih, njenengan nginjil karo para sedulur, ning aku ya butuh dikuwatké.” Omongané pinituwa wilayah kuwi mbantu aku isa dadi luwih seimbang.

Taun 1967, ana peristiwa sing nggawé aku sedhih. Bojoku, Simone, lara parah lan akhiré mati. Simone kuwi bener-bener bojo sing apik. Dhèwèké ora égois lan sayang banget karo Yéhuwah. Aku isa ngatasi rasa sedhihku merga tetep sibuk ing gawéan nginjil. Aku ya bersyukur karo Yéhuwah merga wis nguwatké aku ngadhepi keadaan kuwi. Bar kuwi, aku nikah karo Carolyn Elliott. Dhèwèké kuwi perintis sing nggunakké basa Inggris sing pindhah ing Quebec. Carolyn kuwi wongé ramah lan seneng mbantu sedulur liya, khususé sing isinan lan ngrasa kesepian. Dhèwèké bener-bener mbantu aku wektu aku dadi pengawas keliling.

TAUN SING PENTING

Ing Januari 1978, aku ditugaské mandhu Sekolah kanggo Perintis ing Quebec. Aku ngrasa ora sanggup merga dadi siswané waé aku durung tau, apa manèh ndelok bukuné. Ning, aku bersyukur banget merga ana perintis-perintis sing nduwé akèh pengalaman ing kelas iki. Senajan aku sing mandhu, ning aku malah sinau akèh saka para siswané.

Terus, ing taun 1978, ana Kebaktian Internasional sing témané ”Iman yg Berkemenangan” ing Stadion Olimpiade Montreal. Kuwi kebaktian paling gedhé sing tau ana ing Quebec. Ana luwih saka 80.000 wong sing teka. Aku ditugaské ing Departemen Layanan Berita. Aku mènèhi informasi kanggo akèh wartawan, lan aku seneng banget wektu para wartawan kuwi padha nulis berita sing positif soal Seksi Yéhuwah. Totalé ana luwih saka 20 jam sing digunakké karo stasiun TV lan radio kanggo nyiarké berita kuwi. Hasilé, akèh wong dadi ngerti luwih akèh soal Yéhuwah lan umaté.

NGLAYANI ING WILAYAH LIYA

Taun 1996, aku ditugaské nglayani ing distrik basa Inggris ing Toronto. Kuwi perubahan sing gedhé kanggo aku merga kèt aku baptis, aku mung nglayani ing jemaat-jemaat basa Prancis ing Quebec. Aku ngrasa ora sanggup. Aku wedi banget nèk arep kotbah merga aku ora lancar ngomong nganggo basa Inggris. Aku kudu terus ndonga lan ngendelké Yéhuwah.

Awalé, aku ngrasa ora sanggup wektu ditugaské nglayani ing distrik kuwi. Ning, saiki aku ngrasa nèk pelayananku saksuwéné rong taun ing Toronto kuwi nyenengké banget. Carolyn sabar mbantu aku bèn isa luwih trampil ngomong nganggo basa Inggris, lan para sedulur ya ndhukung aku. Aku lan Carolyn dadi nduwé akèh kanca.

Senajan ana akèh kegiatan kanggo nyiapké acara kebaktian wilayah, aku biasané nginjil kira-kira sak jam ing dina Jumat mbengi. Mungkin ana sing mikir, ’Ngapa kok ndadak nginjil sakdurungé kebaktian?’ Ning, aku ngrasa nèk kuwi nggawé aku seneng. Malah nganti saiki, aku nganggep gawéan nginjil kuwi nyenengké banget.

Ing taun 1998, aku lan bojoku éntuk tugas anyar dadi perintis istiméwa ing Montreal. Kanggo pirang-pirang taun, tugasku ing kana klebu ngatur acara nginjil khusus lan mènèhi informasi ing média soal Seksi-Seksi Yéhuwah. Saiki, aku lan bojoku nginjil marang wong asing sing lagi waé pindhah ing Kanada. Wong-wong kuwi biasané gelem sinau Alkitab.

Léonce Crépeault karo Carolyn.

Karo Carolyn

Aku bersyukur banget isa nglayani saksuwéné 68 taun. Aku ya ngrasa seneng banget merga ngerti carané nggawé gawéan nginjil kuwi dadi nyenengké lan akhiré isa mbantu akèh wong ngerti wulangan sing bener. Sakwisé putuku wis gedhé, Lise lan bojoné mulai merintis. Kuwi nggawé aku seneng banget. Aku khususé péngin ngucapké maturnuwun kanggo para sedulur sing wis mbantu aku nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah lan isa nindakké akèh tugas saka organisasi. Aku dadi ngerti nèk ngendelké bantuané Yéhuwah liwat roh suciné, awaké dhéwé isa nindakké tugas apa waé. (Ms. 51:13) Aku terus bersyukur karo Yéhuwah merga mènèhi aku kesempatan isa ngluhurké Dhèwèké.​—Ms. 54:8.

a Deloken pengalamané W. Glen How, ”Ini Bukan Pertempuran Kamu, tetapi Pertempuran Allah” ing Sedarlah! 22 April 2000.

b Deloken pengalamané Laurier Saumur ing The Watchtower 15 November 1976 halaman 690-695.

c David Splane saiki nglayani dadi anggota Pengurus Pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim