Ngapa Kok Gusti Allah Ora Njawab Kabèh Donga?
Gusti Allah Yéhuwah péngin lan seneng ngrungokké dongané awaké dhéwé sing tulus. Tapi, Gusti Allah ora njawab kabèh donga. Apa alesané lan apa sing kudu awaké dhéwé éling-éling wektu ndonga? Gatèkna ana keterangan apa ing Alkitab.
”Wektu ndonga, aja ngucapké kata-kata sing padha lan dibolan-balèni.”—Matius 6:7.
Yéhuwah ora péngin awaké dhéwé mbolan-balèni donga apalan utawa maca saka buku donga. Tapi, Dhèwèké péngin awaké dhéwé ndonga saka ati. Bayangna, njenengan mesthi jèngkèl banget nèk nduwé kanca sing omongané kuwi-kuwi thok. Kanca sing apik kuwi gelem nyritakké apa waé. Nèk nggunakké kata-katané dhéwé wektu ndonga, kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé nganggep Gusti Allah kuwi kanca.
”Wektu kowé njaluk, kowé ora bakal éntuk apa-apa merga kowé péngin nindakké apa sing jahat.”—Yakobus 4:3.
Gusti Allah ora bakal njawab dongané awaké dhéwé nèk apa sing awaké dhéwé jaluk ora sesuai karo kepénginané. Contoné, apa Yéhuwah bakal njawab dongané wong sing njaluk bèn menang judhi? Ora. Yéhuwah ora bakal njawab donga sing kaya ngono. Soalé, Yéhuwah jelas-jelas ngongkon bèn awaké dhéwé ora srakah lan ora percaya karo keberuntungan. (Yésaya 65:11; Lukas 12:15) Bèn dongané awaké dhéwé dijawab karo Gusti Allah, awaké dhéwé kudu mastèkké nèk apa sing dijaluk kuwi sesuai karo kepénginané Yéhuwah sing dicathet ing Alkitab.
”Gusti Allah sengit karo dongané wong sing ora gelem manut karo hukum.”—Wulang Bebasan 28:9.
Ing jaman mbiyèn, Gusti Allah ora njawab dongané wong-wong sing ora manut karo pathokané. (Yésaya 1:15, 16) Nganti saiki Gusti Allah ora berubah. (Maléakhi 3:6) Nèk péngin dongané dijawab karo Gusti Allah, awaké dhéwé kudu manut karo pathokané. Tapi, piyé nèk awaké dhéwé wis tau nggawé kesalahan? Yéhuwah bakal tetep ngrungokké nèk awaké dhéwé gelem bertobat lan ngupaya nyenengké Dhèwèké.—Kisah 3:19.