PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w21 Februari hlm. 20-24
  • Yéhuwah Wis ’Nggawé Aku Berhasil’

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Yéhuwah Wis ’Nggawé Aku Berhasil’
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • Subjudhul
  • WONG TUWAKU MBANTU AKU BÈN NGLAYANI YÉHUWAH
  • PERCAYA KARO YÉHUWAH
  • MÈLU SEKOLAH GILÉAD
  • TUGASKU BERUBAH
  • NGUNJUNGI AKÈH DHAÉRAH
  • KEADAANKU BERUBAH
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
w21 Februari hlm. 20-24
Stephen Hardy.

PENGALAMAN

Yéhuwah Wis ’Nggawé Aku Berhasil’

DICRITAKKÉ KARO STEPHEN HARDY

WEKTU kuwi, ana sedulur enom sing takon apa ayat favoritku. Aku langsung njawab, ”Wulang Bebasan 3, ayat 5 lan 6, sing isiné, ’Kowé kudu percaya karo Yéhuwah saktulusé atimu, lan aja ngendelké pengetahuanmu dhéwé. Kowé kudu éling karo Dhèwèké ing saben tumindakmu, lan Dhèwèké bakal nggawé kowé berhasil.’” Yéhuwah pancèn wis nggawé aku berhasil. Ayo tak critani pengalamanku.

WONG TUWAKU MBANTU AKU BÈN NGLAYANI YÉHUWAH

Wong tuwaku mulai sinau Alkitab ing taun 1920-an. Wektu kuwi, wong tuwaku durung nikah. Terus pas taun 1939, aku lair. Pas aku isih cilik, aku lan wong tuwaku manggon ing Inggris. Kèt cilik, aku wis mèlu berhimpun karo wong tuwaku, lan akhiré aku mèlu Sekolah Pelayanan Téokratis. Aku isih kèlingan pas pertama kali nyampèkké tugasku. Wektu kuwi, umurku isih enem taun, lan aku kudu nganggo dhingklik bèn isa tekan ing mimbaré. Aku dheg-dhegan banget merga kabèh sing teka padha ndeloki aku.

Stephen Hardy sing isih cilik nginjil bareng karo wong tuwané lan sedulur-sedulur. Wong-wong kuwi nggawa poster sing isiné judhulé ceramah umum ing kebaktian.

Nginjil karo wong tuwaku

Bèn aku isa nginjil, bapakku nggawèkké cathetan sing diketik ing kertas cilik. Mengko, kertas kuwi bakal tak duduhké marang wong sing tak kabari. Aku pertama kali nginjil dhèwèkan pas umur wolung taun. Ing omah sing pertama, wong sing tak kabari langsung gelem nampa buku ”Karena Allah Itu Benar Adanya” sakwisé maca cathetanku. Saking senengé, aku langsung marani bapakku lan nyritakké soal kuwi. Aku seneng isa mèlu berhimpun lan nginjil, lan kuwi sing nggawé aku dadi kepéngin merintis.

Bapakku mbantu aku bèn aku isa langganan majalah Warta Penting dhéwé. Sakwisé kuwi, aku dadi luwih seneng sinau Alkitab. Mula, saben ana majalah sing anyar, mesthi langsung tak waca. Aku dadi luwih percaya karo Yéhuwah lan péngin dibaptis.

Ing taun 1950, aku lan keluargaku teka ing kebaktian Pertambahan Teokratis ing New York. Téma sing dipilih kanggo dina Kemis tanggal 3 Agustus yaiku ”Dinané Utusan Injil”. Dina kuwi, aku arep dibaptis. Sedulur Carey Barber, sing akhiré nglayani dadi anggota Pengurus Pusat, nyampèkké ceramah baptisan. Ing akhir ceramahé, Sedulur Barber mènèhi loro pitakonan marang sing arep dibaptis dina kuwi. Terus, aku ngadeg lan njawab, ”Ya!” Wektu kuwi, umurku isih 11 taun, ning aku ngerti nèk dibaptis kuwi keputusan sing penting. Tapi, aku wedi nyemplung ing banyu merga aku durung isa renang. Omku ngancani aku tekan ing kolam lan ngandhani aku nèk aku ora bakal kleleb. Ana loro sedulur sing mbantu aku, sing siji mbaptis aku lan sing sijiné langsung ngangkat aku saka kolam. Rasané cepet banget. Kèt dina kuwi, Yéhuwah terus nggawé aku berhasil.

PERCAYA KARO YÉHUWAH

Sakwisé sekolah, sakjané aku péngin merintis. Ning merga dikongkon guruku, akhiré aku nglanjutké kuliah. Sakwisé kuliah, aku dadi ngerti nèk aku kudu milih antara kuliahku utawa nglayani Yéhuwah. Akhiré, aku mutuské ora nglanjutké kuliahku. Aku ndonga marang Yéhuwah lan nulis surat kanggo ngandhani guruku nèk aku bakal mandheg kuliah pas akhir taun. Merga percaya karo Yéhuwah, aku dadi yakin lan akhiré mulai merintis.

Ing sasi Juli 1957, aku mulai merintis lan nglayani ing kutha Wellingborough. Aku takon karo sedulur-sedulur ing Bètel London soal sapa perintis sing isa mbantu aku bèn luwih trampil. Sedulur-sedulur kuwi kandha nèk aku isa kerjasama karo Sedulur Bert Vaisey. Aku sinau akèh saka Sedulur Vaisey. Dhèwèké kuwi semangat banget lan ngajari aku bèn nduwé jadwal sing apik. Sakliyané aku lan Sedulur Vaisey, ing kana mung ana enem sedulur wédok sing wis lansia. Imanku dadi tambah kuwat merga aku persiapan lan aktif ing perhimpunan. Aku ya nduwé kesempatan nyritakké imanku wektu mènèhi koméntar.

Aku tau dipenjara merga ora gelem mèlu wajib militèr, ning ora nganti suwé. Terus, aku ketemu karo perintis istiméwa sing jenengé Barbara. Aku nikah karo Barbara taun 1959. Sakwisé nikah, aku lan Barbara siap ditugaské ing endi waé. Awalé, aku ditugaské ing kutha Lancashire ing Inggris Barat Laut. Ing sasi Januari 1961, aku mèlu Sekolah Pelayanan Kerajaan ing Bètel London sing suwéné sesasi. Aku kagèt banget merga ing akhir sekolah kuwi aku ditugaské dadi pinituwa wilayah. Saksuwéné rong minggu, aku dilatih karo pinituwa wilayah sing wis pengalaman ing kutha Birmingham, lan Barbara ngancani aku. Bar kuwi, aku lan Barbara balik ing dhaérah tugasku yaiku ing Lancashire karo Cheshire.

MÈLU SEKOLAH GILÉAD

Ing Agustus 1962, aku lan Barbara nampa surat saka kantor cabang pas lagi liburan. Ing njeroné surat kuwi, ana formulir Sekolah Giléad. Sakwisé ndonga tenanan marang Yéhuwah, aku lan Barbara ngisi formulir kuwi. Bar kuwi, formuliré tak kirimké manèh ing kantor cabang. Limang sasi sakwisé kuwi, aku lan Barbara mèlu Sekolah Giléad kelas ke-38 ing Brooklyn, New York, sing suwéné sepuluh sasi.

Pas mèlu sekolah kuwi, umurku 24 lan Barbara 23. Ing Sekolah Giléad, aku lan Barbara sinau akèh soal Alkitab lan organisasiné Yéhuwah. Senajan isih enom, aku lan Barbara isa nduwé kesempatan sinau saka sedulur-sedulur sing mèlu sekolah kuwi. Kuwi nyenengké banget. Aku ya seneng merga ing sekolah kuwi aku ditugaské kerja bareng karo salah siji instrukturku, yaiku Sedulur Fred Rusk. Nganti saiki, aku isih kèlingan karo omongané Sedulur Rusk sing kandha nèk aku kudu nggunakké Alkitab wektu mènèhi naséhat. Ing sekolah kuwi ya ana ceramah saka sedulur-sedulur sing wis pengalaman, kaya Sedulur Nathan Knorr, Frederick Franz, lan Karl Klein. Aku lan sedulur-sedulur liyané sing mèlu sekolah kuwi ya isa sinau sipat rendah hati saka Sedulur A. H. Macmillan. Wektu kuwi, dhèwèké mènèhi ceramah sing nyritakké soal piyé carané Yéhuwah mbantu wektu sedulur-sedulur ing organisasi ngalami tantangan ing taun 1914 nganti 1919.

TUGASKU BERUBAH

Ing akhir sekolah kuwi, Sedulur Knorr ngandhani nèk aku lan Barbara bakal ditugaské ing Burundi, Afrika. Aku lan Barbara langsung mlayu ing perpustakaan Bètel lan njupuk Buku Tahunan bèn isa nggolèki jumlah penginjil ing Burundi. Aku lan Barbara kagèt banget merga jebulé durung ana penginjil ing Burundi. Aku lan Barbara dadi kuwatir merga bakal ditugaské ing dhaérah sing durung tau dikabari. Apa manèh, aku lan Barbara ya ora ngerti apa-apa soal Burundi. Ning sakwisé ndonga, aku lan Barbara dadi luwih tenang.

Ing Burundi kuwi cuacané, kebudayaané, lan kebiasaané béda banget karo ing Inggris. Aku lan Barbara kudu sinau basa Prancis. Aku ya durung ngerti arep manggon ing endi. Ning, rong dina sakwisé aku tekan ing Burundi, salah siji kancaku sekolah Giléad, yaiku Harry Arnott, mampir nemoni aku pas dhèwèké arep bali ing dhaérah tugasé ing Zambia. Harry mbantu aku bèn isa éntuk apartemèn. Kuwi dadi omah pertamaku sakwisé aku dadi utusan injil. Sakjané, aku lan Barbara wis mulai menikmati tugasku ing Burundi. Ning ora let suwé, ana petugas imigrasi sing ora ngerti soal Seksi-Seksi Yéhuwah sing kandha nèk aku ora isa terus manggon ing kana. Merga ana masalah ijin tinggal, akhiré aku lan Barbara kudu pindah ing Uganda.

Aku sakjané ya wedi lunga ing Uganda merga durung nduwé ijin tinggal. Ning, aku percaya karo Yéhuwah. Ing Uganda, ana sedulur saka Kanada sing pindhah mrono kanggo mbantu gawéan nginjil. Sedulur kuwi mbantu aku njelaské karo petugas imigrasi. Akhiré, aku lan Barbara diijinké manggon ing Uganda nganti aku isa éntuk ijin tinggal. Iki bener-bener bukti nèk Yéhuwah nulungi aku.

Ora kaya Burundi, ing Uganda kuwi wis ana Seksi Yéhuwah senajan jumlahé mung 28. Aku lan Barbara mulai nginjil ing dhaérah Kampala. Pancèn, ing kono ana akèh sing isa basa Inggris. Ning, bèn isa mbantu wong-wong luwih ngerti soal Alkitab, aku lan Barbara kudu sinau basa asli sing digunakké ing kono. Merga ing Kampala akèh wong nggunakké basa Luganda, mula aku lan Barbara sinau basa kuwi. Pancèn, aku lan Barbara butuh pirang-pirang taun bèn isa lancar ngomong nganggo basa Luganda. Ning, hasilé apik banget. Merga wis ngerti basané, aku dadi ngerti piyé carané isa mbantu wong-wong sing sinau Alkitab karo aku bèn isa nduwé iman sing kuwat. Wong-wong kuwi ya dadi luwih percaya karo aku lan Barbara lan gelem nyritakké perasaané soal apa sing disinaoni.

NGUNJUNGI AKÈH DHAÉRAH

Gambar: 1. Péta Afrika sing nduduhké ning endi waé Stephen Hardy tau nglayani. 2. Stephen lagi lungguh ing samping mobilé. 3. Barbara lagi ngresiki sayuran.

Pas ngunjungi dhaérah-dhaérah ing Uganda

Aku lan Barbara seneng banget merga isa mbantu wong-wong sing rendah hati sing gelem nampa kabar apik. Aku lan Barbara ya tambah seneng wektu éntuk tugas saka Kantor Cabang Kenya. Aku lan Barbara dikongkon ngunjungi dhaérah-dhaérah ing Uganda bèn isa ngerti dhaérah endi sing paling mbutuhké perintis istiméwa. Pas perjalanan kuwi, aku ketemu karo akèh wong sing durung tau ngerti soal Seksi-Seksi Yéhuwah. Ning, wong-wong kuwi ramah lan apikan. Malah, ana sing nganti nyepakké panganan kanggo aku.

Bar kuwi, aku dikongkon ngunjungi Kepulauan Seychelles sing ana ing Samudra Hindia. Saka Kampala, aku numpak sepur nganti rong dina menyang pelabuhan Mombasa sing ana ing Kenya. Saka kono, aku lagi numpak kapal ing Seychelles. Bar kuwi, saka taun 1965 nganti 1972, Barbara ngancani aku pas aku ngunjungi Seychelles manèh. Awalé, ing kono penginjilé mung loro. Ning suwé-suwé, ing kono ana kelompok lan akhiré dadi jemaat. Sakliyané kuwi, aku ya ditugaské ngunjungi sedulur-sedulur sing ana ing Eritrea, Etiopia, lan Sudan.

Sakwisé ana kelompok militèr sing mbrontak nglawan pamréntah, keadaan ing Uganda dadi medèni banget. Aku dadi sadhar pentingé manut pamréntah kaya kandhané Alkitab. (Mrk. 12:17) Wektu kuwi, kabèh wong asing dikongkon lapor ing kantor polisi sing paling cedhak saka omahé. Aku lan Barbara manut. Pirang-pirang dina bar kuwi, ana polisi sing marani aku pas aku ing Kampala. Wektu kuwi, aku lagi numpak mobil bareng utusan injil liyané. Aku lan dhèwèké wedi banget. Merga ditudhuh dadi mata-mata, aku lan sedulur kuwi digawa ing kantor polisi. Aku njelaské nèk aku lan kancaku kuwi utusan injil, dudu mata-mata. Aku ya njelaské nèk aku lan kancaku wis lapor ing kantor polisi. Ning, polisi-polisi sing ana ing kono tetep ora percaya karo aku. Aku lan kancaku ditahan lan digawa menyang kantor polisi sing ana ing cedhak omahé kancaku kuwi. Aku lega merga polisi sing ana ing kono ngerti nèk aku lan kancaku wis lapor sakdurungé. Akhiré, aku lan kancaku dibébaské.

Saksuwéné pembrontakan, aku lan Barbara kerep dicegat karo tentara. Kuwi medèni banget, khususé nèk pas tentarané lagi mabuk. Ning merga ndonga, aku isa ngrasa tenang lan akhiré isa léwat. Sayangé ing taun 1973, kabèh utusan injil dikongkon lunga saka Uganda.

Stephen lagi nyétak bacaan.

Nyétak Pelayanan Kerajaan Kita ing kantor cabang Côte d’Ivoire ing Abidjan

Saka Uganda, aku ditugaské menyang Côte d’Ivoire, Afrika Barat. Aku kudu nggawé penyesuaian manèh, misalé aku kudu nyesuaikké karo kebudayaan sing anyar, nggunakké basa Prancis manèh, lan nyesuaikké dhiri karo kanca-kanca utusan injil sing latar belakangé béda-béda. Senajan ngono, aku isa ngrasakké dhukungané Yéhuwah wektu ndelok wong-wong sing atiné tulus langsung gelem nampa kabar apik. Aku lan Barbara isa ndelok dhéwé nèk awaké dhéwé percaya karo Yéhuwah, Yéhuwah isa nggawé awaké dhéwé berhasil.

KEADAANKU BERUBAH

Aku kagèt banget wektu dikandhani nèk Barbara kena kanker. Sakwisé kuwi, aku kudu bola-bali lunga Eropa kanggo pengobatané Barbara. Ning, ing taun 1983, aku lan Barbara sadhar nèk ora isa nglanjutké tugasku ing Afrika. Aku lan Barbara sedhih banget.

Stephen lan Ann Hardy.

Karo Ann ing ngarep kantor cabang Inggris sing anyar

Pas aku lan Barbara nglayani ing Bètel London, penyakité Barbara tambah parah nganti akhiré dhèwèké mati. Sedulur-sedulur ing Bètel terus ndhukung aku. Misalé, ana suami istri sing mbantu aku bèn aku tetep semangat lan terus percaya karo Yéhuwah. Sakwisé kuwi, aku ketemu karo Ann, sedulur wédok sing dadi rélawan ing Bètel. Ann kuwi tau dadi perintis istiméwa, lan dhèwèké sayang banget karo Yéhuwah. Akhiré, aku nikah karo Ann ing taun 1989 lan terus nglayani ing Bètel London.

Saka taun 1995 tekan 2018, aku nglayani dadi wakil kantor pusat (mbiyèn disebut pengawas zona). Aku wis ngunjungi mèh 60 negara. Pas ngunjungi negara-negara kuwi, aku isa ndelok dhéwé nèk Yéhuwah mesthi mbantu wektu umaté ngadhepi masalah.

Ing taun 2017, aku lan Ann éntuk tugas ngunjungi Afrika. Aku seneng banget isa lunga ing Burundi bareng karo Ann. Mbiyèn pas taun 1964, aku tau ngabar ing salah siji dhaérah ing Burundi. Saiki, ing dhaérah kuwi wis ana Bètel Burundi. Terus, jumlahé penginjil ing Burundi saiki ya dadi saya akèh nganti luwih saka 15.500. Kuwi bener-bener luar biasa.

Aku seneng banget pas nampa daftar negara-negara sing kudu tak kunjungi ing taun 2018. Ing daftar kuwi, ana Côte d’Ivoire. Wektu aku tekan ing kutha sing paling gedhé ing kono, yaiku Abidjan, rasané kaya mulih ing omah. Pas aku ndelok daftar nomer télépon kamar-kamar sing ana ing Bètel, aku dadi ngerti nèk sing manggon ing sebelah kamarku kuwi jenengé Sossou. Tak kira dhèwèké kuwi Sedulur Sossou sing mbiyèn nglayani dadi pengawas kota pas aku isih ing Abidjan. Jebulé, dhèwèké kuwi anaké Sedulur Sossou.

Yéhuwah bener-bener nepati janjiné. Senajan ana akèh masalah, ning nèk terus percaya karo Yéhuwah, Yéhuwah bakal nggawé awaké dhéwé berhasil. Mula, ayo saiki awaké dhéwé terus semangat nglayani Yéhuwah merga sukmbèn Yéhuwah bakal mberkahi umaté ing donya anyar.​—WB. 4:18.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim