PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp22 No. 1 hlm. 6-7
  • 1 | Aja Mbédak-mbédakké

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 1 | Aja Mbédak-mbédakké
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2022
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Naséhat ing Alkitab:
  • Maksudé
  • Ngetrapkéné Piyé?
  • 3 | Aja Mikirké sing Marakké Sengit
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2022
  • Piyé Bèn Ora Terus Nduwé Rasa Sengit?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2022
  • Ngapa Kok Rasa Sengit Ana Terus?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2022
  • Apa Isa Kabèh Wong Ora Sengit Manèh?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2022
Delok Kabèh
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2022
wp22 No. 1 hlm. 6-7
Wong lanang kulit hitam nyekel fotoné wong lanang kulit putih sing lagi ngguyu, terus wong lanang kulit putih nyekel fotoné wong lanang kulit hitam sing lagi ngguyu. Ing mburiné ana gambar wong-wong sing lagi nesu.

PIYÉ BÈN ORA TERUS NDUWÉ RASA SENGIT?

1 | Aja Mbédak-mbédakké

Naséhat ing Alkitab:

”Gusti Allah kuwi ora mbédak-mbédakké. Kabèh wong sing wedi marang Gusti Allah lan nindakké apa sing bener, ora soal asalé saka bangsa endi, bakal ditampa Gusti Allah dadi abdiné.”​—KISAH 10:34, 35.

Maksudé

Yéhuwaha ora mbédak-mbédakké wong menurut bangsané, sukuné, werna kulité, utawa budayané. Sing digatèkké Yéhuwah kuwi sipat-sipaté wong. Ing Alkitab disebutké, ”Manungsa mung ndelok apa sing kétok, ning Yéhuwah ndelok piyé atiné.”​—1 Samuèl 16:7.

Ngetrapkéné Piyé?

Meskipun ora isa ngerti isi atiné wong, ning awaké dhéwé tetep isa niru Gusti Allah sing ora mbédak-mbédakké. Aja ora seneng sik karo wong mung merga wong kuwi saka kelompok tertentu. Tapi kudu berusaha bèn isa kenal wongé. Lha terus, piyé nèk isih nduwé perasaan ora seneng karo wong sing béda suku utawa negara? Isa ndonga njaluk bantuané Gusti Allah bèn ora nduwé perasaan kaya ngono manèh. (Mazmur 139:23, 24) Nèk tenanan ndonga, Yéhuwah mesthi ngrungokké lan mbantu njenengan bèn ora seneng mbédak-mbédakké.​—1 Pétrus 3:12.

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah.​—Mazmur 83:18.

”Aku durung tau isa rukun karo wong kulit putih . . . Saiki, aku nduwé sedulur-sedulur seiman sak donya sing kaya keluarga.”​—TITUS

Pengalaman​—TITUS

Ora Sengit Manèh

Titus.

Mbiyèn, Titus kuwi anggota gèng sing ora seneng karo hukumé pamréntah sing mbédak-mbédakké wong kulit putih karo kulit hitam. Titus ngomong, ”Hotèl, bar, lan panggonan liyané sing wong kulit hitam ora éntuk mrono, malah tak parani karo gèngku. Aku mung péngin golèk gara-gara ing kono.” Titus kaya ngono merga dhèwèké nduwé rasa sengit. Dhèwèké ngomong, ”Nèk aku padu, embuh kuwi karo wong lanang apa wong wédok, sing ngantem sik mesthi aku.”

Tapi sakwisé sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah, sipat-sipaté Titus dadi luwih apik. Dhèwèké seneng banget karo janji ing Alkitab soal masa depan. Terutama sing nyebutké nèk ’ora bakal ana manèh kesusahan, tangisan, lan kematian’.​—Wahyu 21:3, 4.

Awalé, Titus kudu berjuang bèn ora sengit manèh karo wong liya. Dhèwèké crita, ”Angèl banget ngubah sipat-sipatku bèn dadi luwih apik.” Tapi saka ayat ing Kisah 10:34, 35, Titus dadi ngerti nèk Gusti Allah ora mbédak-mbédakké.

Terus akhiré piyé? Titus crita, ”Pas ndelok Seksi Yéhuwah padha sayang karo sedulur seimané padahal béda suku karo werna kulité, aku dadi yakin nèk Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi agama sing bener. Malah sakdurungé aku dibaptis dadi Seksi Yéhuwah, ana sedulur seiman kulit putih sing ngundang aku mangan ing omahé. Rasané kaya ngimpi, soalé aku durung tau isa rukun karo wong kulit putih bahkan sampèk mangan bareng ing omahé. Saiki, aku nduwé sedulur-sedulur seiman sak donya sing kaya keluarga.”

Pengalamané Titus ditulis ing Menara Pengawal 1 Agustus 2009, halaman 28-29.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim