PENGALAMAN
Ngrasa Aman Merga Percaya Yéhuwah
NÈK pas crita soal pengalamanku, aku kerep ngandhani wong-wong, ”Aku iki koperé Yéhuwah.” Maksudé, kaya koperku sing tak gawa ing endi-endi, aku ya gelem diarahké Yéhuwah karo organisasiné kanggo nglayani kapan waé lan ing endi waé. Aku tau nampa tugas sing abot lan kadhang-kadhang ya bahaya. Tapi saka kuwi aku malah dadi ngerti, nèk percaya Yéhuwah aku bakal ngrasa aman.
AWAL AKU KENAL LAN PERCAYA KARO YÉHUWAH
Aku lair taun 1948 ing désa cilik ing barat daya Nigeria. Wektu kuwi, paklikku sing jenengé Moustapha karo masku sing jenengé Wahabi, dibaptis dadi Seksi-Seksi Yéhuwah. Pas aku umur 9, bapakku mati. Aku sedhih banget. Masku ngomong nèk aku isa ketemu Bapak pas dhèwèké diuripké manèh. Merga ngerti harapan kuwi, aku dadi péngin sinau Alkitab. Aku baptis taun 1963. Masku loro karo adhiku siji ya mèlu dibaptis.
Taun 1965, aku mèlu masku sing jenengé Wilson ing Lagos. Ing kana, aku menikmati pergaulan sing akrab karo para perintis biasa ing Jemaat Igbobi. Merga ketularan semangaté, akhiré Januari 1968 aku mulai dadi perintis biasa.
Ana sedulur sing jenengé Albert Olugbebi. Dhèwèké kuwi wong Bètel. Dhèwèké nglumpukké cah-cah enom, terus ngandhani nèk ing Nigeria utara lagi butuh perintis istiméwa. Aku isih éling banget Sedulur Olugbebi ngomong ngéné, ”Ana akèh banget gawéan ing kana. Mumpung kalian isih enom, gunakna wektu lan tenagamu kanggo Yéhuwah.” Aku péngin kaya Nabi Yésaya, gelem lunga ing endi waé kanggo nglayani Yéhuwah. Mulané, aku ndaftar dadi perintis istiméwa.—Yés. 6:8.
Sasi Mei 1968, aku éntuk tugas dadi perintis istiméwa ing kutha Kano, Nigeria utara. Tapi, wektu kuwi ing kana lagi ana Perang Biafra (1967-1970). Ana akèh banget sing sengsara lan mati merga perang kuwi. Mauné, perang kuwi ana ing Nigeria utara, tapi bar kuwi nganti tekan Nigeria timur. Ana sedulur sing niaté apik ngandhani aku bèn ora usah mangkat waé ing Nigeria utara. Tapi aku terus ngomong ngéné, ”Maturnuwun kepeduliané. Nèk mémang Yéhuwah péngin aku nglayani ing kana, Yéhuwah mesthi ngancani aku.”
NGRASA AMAN MESKIPUN ING DHAÉRAH PERANG
Keadaan ing kutha Kano kuwi mesakké banget. Kuthané hancur merga perang. Pas lagi nginjil, kadhang aku ndelok mayat pating glimpang. Sakjané, ing Kano kuwi ana beberapa jemaat. Tapi akèh-akèhé sedulur wis padha mlayu. Sing isih ana ing kono ora nganti 15 sedulur. Para sedulur kuwi kewedèn lan putus asa. Mulané, pas ana perintis istiméwa enem teka ing kutha Kano, para sedulur kuwi seneng banget. Kami nyemangati lan mbantu meréka bèn ngibadah lan nginjil manèh. Kami ya mbantu bèn meréka mulai ngirim laporan dinas manèh lan pesen publikasi ing kantor cabang.
Kami, para perintis istiméwa, ya mulai belajar basa Hausa. Merga nginjilé nganggo basa Hausa, wong-wong ing kono padha seneng ngrungokké. Tapi, anggota agama mayoritas ing kono padha ora seneng. Dadi, kami nginjilé kudu ngati-ati banget. Pas nginjil, aku karo kancaku tau dioyak wong lanang sing nggawa pisau. Untungé, kami mlayuné luwih cepet timbang wong lanang kuwi, mulané ora ketangkep. Meskipun ana akèh bahaya, Yéhuwah ”sing nggawé aku ngrasa aman”. Jumlahé penginjil ing kono ya tambah akèh. (Mzm. 4:8) Saiki, ing Kano ana luwih saka 500 penginjil ing 11 jemaat.
NGADHEPI TANTANGAN ING NIGER
Dadi perintis istiméwa ing Niamey, Niger
Sakwisé beberapa bulan ing Kano, pas bulan Agustus 1968, aku bareng karo loro perintis istiméwa liyané ditugaské ing Niamey, ibukota Republik Niger. Niger ing Afrika Barat kuwi panggonané panas banget. Sakliyané kudu adaptasi ing dhaérah sing panas, kami ya isih kudu belajar basa Prancis. Tapi meskipun ngono, kami terus percaya karo Yéhuwah. Kami mulai nginjil ing ibukota karo sedulur-sedulur ing kana. Mung sedhéla waé, mèh kabèh wong ing Niamey wis nampa buku Kebenaran yang Membimbing kepada Hidup yang Kekal. Sing liyané bahkan ya padha nggolèki kami bèn isa éntuk buku kuwi.
Jebulé, pamréntah ora seneng karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Pas sasi Juli 1969, ana pertemuan wilayah pertama kali ing negara kuwi. Sing teka ana 20, lan sing arep dibaptis ana loro. Tapi pas dina pertama pertemuan, ana polisi sing teka lan ngendhegké acarané. Kabèh perintis istiméwa lan pinituwa wilayah digawa ing kantor polisi. Bar diinterogasi, kami dikon bali mrono manèh sésuké. Bèn ora ana masalah, akhiré ceramah baptisané ing omah waé. Terus, baptisé meneng-meneng ing kali.
Beberapa minggu bar kuwi, pamréntah ngusir aku karo lima perintis istiméwa liyané. Kami dikèki wektu 48 jam kanggo lunga saka Niger. Kami dikon ngurus kabèh dhéwé. Kami manut, terus langsung lunga ing kantor cabang Nigeria. Ing kana kami éntuk tugas anyar.
Aku ditugaské ing désa Orisunbare, ing Nigeria. Ing kana, mung ana beberapa penginjil. Tapi aku menikmati, soalé nginjilé nyenengké. Terus, aku ya isa mandhu sinau Alkitab. Enem sasi bar kuwi, kantor cabang ngongkon aku bali manèh dhèwèkan ing Niger. Awalé aku kagèt lan kuwatir. Tapi, aku ya péngin ndang ketemu karo sedulur-sedulur ing Niger.
Sedina bar aku tekan ing Niamey, aku ketemu karo pengusaha Nigeria. Dhèwèké ngerti nèk aku Seksi Yéhuwah. Terus, dhèwèké mulai takon-takon soal Alkitab. Dhèwèké belajar Alkitab karo aku. Bar dhèwèké ora ngrokok lan ora mabuk-mabukan manèh, dhèwèké dibaptis. Aku seneng nginjil karo para sedulur ing akèh dhaérah ing Niger. Aku ya seneng isa ndelok dhéwé saya akèh wong sing dadi Seksi Yéhuwah. Pas pertama kali aku ing Niger, mung ana Seksi Yéhuwah 31 ing negara kuwi. Tapi pas tak tinggal taun 1977, jumlahé ana 69.
”KAMI ORA NGERTI AKÈH SOAL KEGIATAN NGINJILÉ PARA SEDULUR ING GUINEA”
Desember 1977, aku balik ing Nigeria kanggo nampa pelatihan selama telung minggu. Pas dina terakhir pelatihan kuwi, Sedulur Malcolm Vigo, sing dadi koordinator Panitia Cabang wektu kuwi, ngongkon aku maca surat saka cabang Sierra Leone. Kantor cabang Sierra Leone lagi butuh sedulur lanang perintis, sing séhat, durung nikah, lan isa basa Inggris karo Prancis kanggo dadi pinituwa wilayah ing Guinea. Sedulur Vigo ngandhani aku nèk sakjané pelatihan telung minggu wingi kuwi nyiapké aku kanggo tugas sing anyar iki. Dhèwèké njelaské nèk iki dudu tugas sing gampang. Dhèwèké ngomong, ”Pikirna tenanan sik sakdurungé nampa tugas iki.” Tapi tak jawab, ”Merga Yéhuwah sing ngongkon, aku bakal mangkat.”
Akhiré aku tekan Sierra Leone lan ketemu karo sedulur-sedulur ing kantor cabang. Ana Panitia Cabang sing ngandhani aku, ”Kami ora ngerti akèh soal kegiatan nginjilé para sedulur ing Guinea.” Meskipun kantor cabang Sierra Leone ngawasi kegiatan nginjil ing Guinea, tapi meréka ora isa komunikasi soalé ing Guinea lagi ana masalah politik. Meskipun wis nyoba bola-bali ana sedulur sing dikirim mrana, tapi ora tau berhasil. Mulané, aku dikon lunga ing Conakry, ibukotané Guinea, bèn isa éntuk ijin tinggal.
”Merga Yéhuwah sing ngongkon, aku bakal mangkat”
Pas tekan Conakry, aku ing kedutaan Nigeria, terus ketemu karo duta besaré. Aku ngandhani dhèwèké nèk arep nginjil ing Guinea. Dhèwèké nglarang, soalé mengko aku isa ditangkep utawa dianiaya. Dhèwèké ngomong, ”Wis kowé balia lan nginjil ing Nigeria waé.” Terus aku njawab, ”Ora, aku arep tetep ing kéné.” Bar kuwi, duta besar mau nulis surat kanggo Menteri Dalam Negeri Guinea kanggo mbantu aku. Akhiré, menteri kuwi mbantu aku bèn éntuk ijin tinggal.
Ora suwé bar kuwi, aku bali ing kantor cabang ing Sierra Leone lan ngandhani sedulur-sedulur ing kana nèk aku wis éntuk ijin tinggal. Para sedulur seneng banget merga ngerti nèk Yéhuwah wis mberkahi aku.
Dadi pinituwa wilayah ing Sierra Leone
Saka taun 1978 nganti 1989, aku dadi pinituwa wilayah ing Guinea, Sierra Leone, lan dadi pinituwa wilayah pengganti ing Liberia. Awalé, aku kerep lara. Malah kadhang larané pas aku lagi ing dhaérah terpencil. Tapi, para sedulur selalu berupaya bèn aku digawa ing rumah sakit.
Aku tau lara parah. Aku kena malaria karo cacingen. Bar wis mari, aku lagi ngerti nèk ternyata pas kuwi sedulur-sedulur ngira nèk aku arep mati, bahkan wis mikirké aku arep dikubur ing endi. Meskipun ngalami kaya ngono kuwi, aku ora tau kepikiran babar blas kanggo ninggalké tugasku. Aku wis ngrasakké dhéwé nèk mung Yéhuwah sing isa nggawé aku ngrasa aman. Meskipun aku mati, Dhèwèké isa nguripké aku manèh.
AKU KARO BOJOKU TERUS PERCAYA YÉHUWAH
Pas aku nikah taun 1988
Taun 1988, aku ketemu Dorkas. Dhèwèké perintis sing sayang Yéhuwah lan rendah hati banget. Kami nikah, terus dhèwèké ngancani aku ing tugas keliling. Dorkas terbukti dadi istri sing réla berkorban lan isa dijak kerja sama. Pernah bar nglayani ing siji jemaat, kami kudu mlaku 25 kilomèter karo nggawa barang-barang kanggo menuju jemaat berikuté. Kanggo jemaat sing luwih adoh, kami numpak transportasi apa waé sing ana bèn isa tekan tujuan. Perjalanané kudu ngliwati dalan sing berlumpur lan akèh lubangé.
Dorkas kendel banget. Kadhang-kadhang ing perjalanan kami kudu ngliwati kali sing akèh bayané. Kami pernah ditugaské ing dhaérah. Perjalanané limang dina. Nah, pas arep nyebrang kali, ternyata jembatané rusak. Kami numpak prau cilik. Pas arep mudhun saka prau, Dorkas kecemplung kali. Kami ora isa renang, terus ing kali kuwi ya akèh bayané. Untungé, ana mas-mas sing nulungi Dorkas. Nganti beberapa waktu, kami isih kewedèn nèk kèlingan peristiwa kuwi. Tapi, kami tetep nglanjutké tugas.
Anak-anakku, Jahgift lan Erik. Meréka hadiah saka Yéhuwah.
Awal taun 1992, Dorkas hamil. Kami kagèt banget. Terus ya mikir apa arep tetep lanjut dadi perintis istiméwa apa ora. Tapi kami mikir, ”Anak iki hadiah saka Yéhuwah.” Mulané, anakku wédok kuwi tak jenengi Jahgift (ing basa Inggris artiné ”Hadiah saka Yéhuwah”). Patang taun bar kuwi, aku nduwé anak manèh. Tak jenengi Erik. Anak-anakku kuwi hadiah saka Yéhuwah. Selama beberapa waktu, Jahgift nglayani ing kantor penerjemahan ing Conakry, lan Erik dadi abdiné jemaat.
Dorkas ora dadi perintis istiméwa manèh. Tapi, dhèwèké tetep dadi perintis biasa karo ngurusi anak-anak. Nèk aku, aku tetep dadi perintis istiméwa. Bar anak-anak wis gedhé, Dorkas dadi perintis istiméwa manèh. Saiki, aku karo Dorkas dadi utusan injil ing Conakry.
YÉHUWAH SELALU NGLINDHUNGI KAMI
Ing endi waé Yéhuwah ngarahké aku, aku selalu manut. Aku karo bojoku wis kerep banget ngrasakké dilindhungi lan diberkahi Yéhuwah. Merga percaya Yéhuwah, aku dadi ora strès lan ora terlalu kuwatir. Aku karo Dorkas wis mbuktèkké dhéwé nèk Yéhuwah kuwi ”Gusti Allah keslametanku”. (1 Bb. 16:35) Aku yakin nèk ’Yéhuwah bakal nglindhungi nyawané wong-wong sing percaya karo Dhèwèké kaya nglindhungi barang berharga sing dibungkus ing kanthong’.—1 Sam. 25:29.