ARTIKEL PELAJARAN 20
LAGU 67 Wartakna Kabar Apik
Sing Marakké Awaké Dhéwé Terus Semangat Nginjil
”Sakliyané kuwi, kabar apik kudu diumumké dhisik marang kabèh bangsa.”—MRK. 13:10.
INTI
Semangat lan sepenuh hati wektu nginjil merga seneng karo isiné Alkitab lan nduwé rasa sayang.
1. Pas pertemuan tahunan 2023, ana hal menarik apa waé?
ING pertemuan tahunan 2023,a ana pemahaman sing diperjelas. Misalé, sukmbèn ana wong-wong sing isih nduwé kesempatan nglayani Yéhuwah bahkan sakwisé Babilon Gedhé dihancurké. Terus ya ana pengumuman soal kegiatan nginjil. Mulai November 2023, para penginjil wis ora perlu nglaporké jam dinasé manèh. Apa kuwi berarti saiki kegiatan nginjil wis ora patia penting lan ora mendesak? Ora ngono.
2. Ngapa kok saya suwé kegiatan nginjil kuwi dadi saya penting? (Markus 13:10)
2 Sakjané, saya suwé, kegiatan nginjil malah saya penting. Soalé, wektuné tinggal sedhéla manèh. Gatèkna ramalané Yésus soal kegiatan nginjil ing akhir jaman. (Wacanen Markus 13:10.) Matius ya nyebutké nèk Yésus ngomong kabar apik bakal diwartakké ing sak donya sakdurungé ”akhir” kuwi teka. (Mat. 24:14) ”Akhir” kuwi maksudé akhir saka jaman utawa keadaan sing dikuwasani Sétan. Yéhuwah wis nentokké ”dina lan jamé” kapan kuwi bakal kelakon. (Mat. 24:36; 25:13; Kis. 1:7) Wektuné saya suwé saya cedhak. (Rm. 13:11) Makané, awaké dhéwé kudu terus nginjil nganti akhir kuwi teka.
3. Apa alesané awaké dhéwé nginjil?
3 Soal nginjil, ana pertanyaan penting sing isa dipikirké: Apa alesané awaké dhéwé nginjil? Singkaté, merga seneng karo isiné Alkitab lan nduwé rasa sayang. Awaké dhéwé nginjil merga seneng karo sing dipelajari saka Alkitab, sayang karo wong liya, lan sing terutama, sayang karo Yéhuwah lan menghormati jenengé. Ayo mbahas kuwi siji-siji.
NGINJIL MERGA SENENG KARO ISINÉ ALKITAB
4. Piyé tanggepané njenengan nèk éntuk kabar sing nyenengké?
4 Piyé rasané nèk bar éntuk kabar sing nyenengké? Misalé, mungkin ana keluargané njenengan sing bar nduwé bayi, utawa njenengan éntuk gawéan sing bener-bener njenengan butuhké. Njenengan mesthi seneng banget lan langsung péngin ngandhani kanca-kanca lan keluarga. Apa kuwi sing njenengan rasakké wektu pertama kali krungu kabar sing paling nyenengké, yaiku kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah?
5. Piyé perasaané njenengan pas pertama kali ngerti sing bener saka Alkitab? (Deloken gambar.)
5 Éling-élingen manèh piyé pas njenengan pertama kali ngerti sing bener saka Alkitab. Njenengan akhiré ngerti nèk Yéhuwah sayang karo njenengan lan péngin njenengan dadi keluargané. Dhèwèké ya janji nèk sukmbèn njenengan ora bakal susah manèh, terus ing donya anyar bakal ketemu karo kanca lan keluarga sing disayangi sing wis mati. (Mrk. 10:29, 30; Yoh. 5:28, 29; Rm. 8:38, 39; Why. 21:3, 4) Kuwi kabèh mesthi marakké njenengan seneng banget. (Luk. 24:32) Merga seneng banget karo sing wis njenengan pelajari, njenengan dadi péngin ngandhani wong liya.—Bandhingna Yérémia 20:9.
Pas pertama ngerti ajaran sing bener ing Alkitab, awaké dhéwé seneng banget lan péngin ngandhani wong liya (Deloken paragraf 5)
6. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Ernest karo Rose?
6 Gatèkna pengalamané Sedulur Ernest.b Wektu Ernest umur sepuluh taun, bapaké mati. Ernest crita, ”Wektu kuwi aku mikir, ’Apa Bapak saiki ing swarga ya? Apa aku isa ketemu manèh karo Bapak?’ Aku iri karo bocah-bocah sing isih nduwé bapak.” Mèh saben dina Ernest lunga ing kuburan. Karo sujud, dhèwèké ndonga, ”Gusti Allah, aku péngin ngerti Bapakku ing endi.” Kira-kira 17 taun bar bapaké mati, Ernest mulai sinau Alkitab. Dhèwèké seneng banget pas ngerti nèk wong mati ora ngerti apa-apa, kaya lagi turu. Dhèwèké ya seneng merga ing Alkitab ana janji nèk wong mati bakal diuripké manèh. (Pkh. 9:5, 10; Kis. 24:15) Akhiré dhèwèké éntuk jawaban saka pertanyaan sing dhèwèké pikirké selama bertaun-taun. Ernest seneng banget karo sing wis dhèwèké pelajari saka Alkitab. Rose bojoné akhiré ya mèlu sinau lan seneng karo sing dipelajari. Taun 1978 meréka dibaptis. Meréka semangat banget nyritakké sing dipelajari saka Alkitab karo kanca, keluarga, lan wong liya. Hasilé, Ernest karo Rose isa mbantu luwih saka wong 70 nganti dibaptis.
7. Menurut Lukas 6:45, nèk seneng karo sing dipelajari saka Alkitab, awaké dhéwé dadi piyé?
7 Nèk seneng karo sing dipelajari ing Alkitab, awaké dhéwé mesthi dadi péngin ngandhani wong liya soal kuwi. (Wacanen Lukas 6:45.) Rasané mungkin kaya sing diomongké murid-muridé Yésus, ”Aku ora isa mandheg ngomongké soal kabèh sing wis tak delok lan tak rungokké.” (Kis. 4:20) Saking senengé karo sing dipelajari saka Alkitab, awaké dhéwé dadi péngin nyritakké kuwi karo sak akèh-akèhé wong.
NGINJIL MERGA SAYANG WONG LIYA
8. Apa sing marakké awaké dhéwé péngin ngandhani wong-wong soal kabar apik? (Deloken kothak ”Sayang Kabèh Wong Kunci Ndadèkké Murid”.) (Deloken gambar.)
8 Kaya Yéhuwah lan Yésus, awaké dhéwé sayang karo wong liya. (WB. 8:31; Yoh. 3:16) Awaké dhéwé ngrasa mesakké karo wong-wong sing ”ora nduwé harapan lan ora kenal karo Gusti Allah”. (Éf. 2:12) Meréka ngadhepi akèh banget masalah. Tapi awaké dhéwé nduwé solusi sing meréka butuhké, yaiku kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah. Merga sayang lan ngrasa mesakké, awaké dhéwé dadi tergerak ngupayakké sing paling apik kanggo ngandhani meréka kabar apik kuwi. Nèk ngerti kabar apik kuwi, bahkan saiki meréka isa nduwé harapan lan bahagia. Terus sukmbèn, meréka isa menikmati ”urip sing saktenané”, yaiku urip saklawasé ing donya anyar.—1 Tim. 6:19.
Merga sayang lan ngrasa mesakké, awaké dhéwé dadi tergerak ngupayakké sing paling apik kanggo ngandhani wong-wong soal kabar apik (Deloken paragraf 8)
9. Awaké dhéwé péngin ngélikké wong-wong soal apa, lan ngapa kok awaké dhéwé péngin ngélikké? (Yèhèzkièl 33:7, 8)
9 Merga sayang, awaké dhéwé ya dadi péngin ngélikké wong-wong nèk donya iki sedhéla manèh arep diakhiri. (Wacanen Yèhèzkièl 33:7, 8.) Awaké dhéwé ngrasa mesakké karo kabèh wong, termasuk anggota keluarga sing durung nyembah Yéhuwah. Meréka ora ngerti nèk sedhéla manèh ”bakal ana sengsara gedhé sing durung tau kelakon kèt permulaan donya nganti saiki, lan kuwi ora bakal kelakon manèh”. (Mat. 24:21) Awaké dhéwé péngin ngandhani nèk pas Gusti Allah ngadili manungsa, agama palsu bakal dihancurké. Terus, wong-wong sing jahat ya bakal disingkirké pas Armagédon. (Why. 16:14, 16; 17:16, 17; 19:11, 19, 20) Awaké dhéwé ndongakké bèn sak akèh-akèhé wong gelem ngrungokké lan akhiré gelem nglayani Yéhuwah bareng umaté. Tapi piyé nèk saiki ana wong-wong, termasuk keluargané awaké dhéwé, sing durung gelem ngrungokké?
10. Ngapa kok tugas kanggo ngélikké wong-wong saiki dadi luwih mendesak?
10 Kaya sing dijelaské ing artikel sakdurungé, Yéhuwah mungkin bakal nylametké wong-wong sing mulai beriman pas Babilon Gedhé dihancurké. Kuwi sebabé, tugas kanggo ngélikké wong-wong kuwi saiki malah dadi semakin mendesak. Sapa ngerti, wong-wong kuwi sukmbèn isa kèlingan sing awaké dhéwé omongké saiki. (Bandhingna Yèhèzkièl 33:33.) Nèk kèlingan, mungkin meréka dadi tergerak nglayani Yéhuwah mumpung isih ana wektu. Ana pengalamané penjaga penjara ing Filipi sing akhiré gelem ngrungokké Paulus sakwisé ”ana gempa sing gedhé”. (Kis. 16:25-34) Nah, kaya penjaga penjara kuwi, mungkin saiki ana wong-wong sing ora gelem nanggepi, tapi mengko bar ndelok Babilon Gedhé dihancurké, meréka dadi gelem ngrungokké.
NGINJIL MERGA SAYANG YÉHUWAH LAN MENGHORMATI JENENGÉ
11. Awaké dhéwé ngekèkké kemuliaan, kehormatan, lan kuwasa karo Yéhuwah kuwi pas piyé? (Wahyu 4:11) (Deloken gambar.)
11 Alesan sing paling penting awaké dhéwé nginjil kuwi merga sayang Yéhuwah lan menghormati jenengé. Nginjil kuwi carané awaké dhéwé muji Yéhuwah. (Wacanen Wahyu 4:11.) Awaké dhéwé mesthi setuju nèk Yéhuwah ”pantes nampa kemuliaan, kehormatan, lan kuwasa”. Wektu nyritakké nèk Yéhuwah ”sing nyiptakké kabèh” lan awaké dhéwé isa urip merga Dhèwèké, sakjané awaké dhéwé lagi ngekèkké ”kemuliaan” lan ”kehormatan” kanggo Yéhuwah. Terus pas awaké dhéwé nggunakké wektu, tenaga, lan sumber daya kanggo nginjil, kuwi sakjané awaké dhéwé ngekèkké ’kuwasané’ awaké dhéwé kanggo Yéhuwah. (Mat. 6:33; Luk. 13:24; Kol. 3:23) Intiné, awaké dhéwé seneng crita soal Yéhuwah merga sayang karo Dhèwèké. Kuwi ya sing marakké awaké dhéwé péngin nyritakké soal jeneng Yéhuwah lan sifat-sifaté. Ayo ngrembug soal kuwi.
Nèk nggunakké wektu, tenaga, lan sumber daya kanggo nginjil, kuwi sakjané awaké dhéwé ngekèkké ’kuwasané’ awaké dhéwé kanggo Yéhuwah (Deloken paragraf 11)
12. Apa waé carané nyucèkké jeneng Yéhuwah pas nginjil?
12 Merga sayang Yéhuwah, awaké dhéwé péngin nyucèkké jenengé. (Mat. 6:9) Kuwi berarti péngin ngandhani wong-wong nèk tudhuhané Sétan soal Yéhuwah kuwi ora bener. (PD. 3:1-5; Ayb. 2:4; Yoh. 8:44) Wektu nginjil, awaké dhéwé seneng nyritakké soal Yéhuwah karo sapa waé sing gelem ngrungokké. Awaké dhéwé péngin nyritakké nèk sifaté Yéhuwah sing paling menonjol kuwi katresnan, carané Dhèwèké mréntah kuwi mesthi bener lan adil, lan ora suwé manèh Kerajaané bakal nyingkirké kabèh masalah lan nggawé manungsa isa bahagia. (Mzm. 37:10, 11, 29; 1 Yoh. 4:8) Wektu nyritakké kuwi kabèh pas nginjil, sakjané awaké dhéwé lagi nyucèkké jeneng Yéhuwah. Awaké dhéwé ya isa bahagia merga mbuktèkké nèk bener-bener dadi seksi kanggo Yéhuwah. Ngapa kok kuwi marakké bahagia?
13. Ngapa kok awaké dhéwé bangga dadi Seksi-Seksi Yéhuwah? (Yésaya 43:10-12)
13 Yéhuwah wis milih awaké dhéwé dadi ”seksi-seksiné”. (Wacanen Yésaya 43:10-12.) Ana suraté Pengurus Pusat sing tau nyebutké ngéné: ”Isa dadi Seksi Yéhuwah kuwi kehormatan sing paling luar biasa.”c Lha ngapa? Perumpamaané ngéné: Nèk njenengan butuh seksi ing pengadilan, njenengan mesthi milih wong sing njenengan kenal, isa dipercaya, lan réputasiné apik, bèn wong liya ya percaya kesaksiané. Nah, Yéhuwah wis milih awaké dhéwé dadi Seksiné. Kuwi bukti nèk Yéhuwah kenal banget karo awaké dhéwé lan percaya awaké dhéwé bakal ngandhani wong-wong nèk Dhèwèké kuwi Gusti Allah sing bener. Merga bangga dadi Seksiné, awaké dhéwé péngin selalu golèk kesempatan ngandhani wong-wong soal Yéhuwah lan mbuktèkké nèk fitnahé Sétan soal Yéhuwah kuwi ora bener. Nèk melakukan kuwi kabèh, awaké dhéwé terbukti dadi Seksi-seksiné Yéhuwah.—Mzm. 83:18; Rm. 10:13-15.
TERUS NGINJIL NGANTI RAMPUNG
14. Hal-hal nyenengké apa sing sedhéla manèh isa waé kelakon?
14 Nyenengké banget isa ngerti sing bakal kelakon sedhéla manèh. Muga-muga sakdurungé sengsara gedhé dimulai, ana akèh sing akhiré gelem nglayani Yéhuwah. Terus awaké dhéwé ya berharap nèk pas masa sing paling sulit, yaiku sengsara gedhé kuwi, bakal ana luwih akèh wong manèh sing gelem mihak Yéhuwah, dudu Sétan.—Kis. 13:48.
15-16. Awaké dhéwé nduwé tugas penting apa, lan nganti kapan kuwi kudu dilakukan?
15 Saiki, awaké dhéwé nduwé tugas sing penting lan mendesak, yaiku martakké kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah ing sak donya. Tugas iki sukmbèn ora bakal ana manèh. Tapi selain martakké kabar apik, awaké dhéwé ya kudu ngélikké wong-wong nèk jaman sing dikuwasani Sétan iki sedhéla manèh bakal berakhir. Wong-wong kudu ngerti soal kuwi, bèn mengko pas Gusti Allah ngadili, meréka ngerti nèk berita sing awaké dhéwé sampèkké kuwi saka Yéhuwah.—Yèh. 38:23.
16 Dadi, apa tékadé awaké dhéwé saiki? Merga seneng karo sing dipelajari saka Alkitab, sayang karo wong liya, lan sing terutama, sayang karo Yéhuwah lan menghormati jenengé, awaké dhéwé bertékad péngin terus semangat lan rajin nginjil nganti Yéhuwah ngomong, ”Gawéan iki wis rampung.”
LAGU 54 ”Iki Dalané”
a Pertemuan tahunané kuwi tanggal 7 Oktober 2023, ing Balai Pertemuan Seksi-Seksi Yéhuwah Newburgh ing New York, Amerika Serikat. Kabèh isiné acara kuwi ana ing JW Broadcasting®. Bagéan 1 rilis sasi November 2023 lan Bagéan 2 rilis sasi Januari 2024.
b Deloken artikel ”Alkitab Mengubah Kehidupan—Terkesan oleh Jawaban Alkitab yang Masuk Akal” ing Menara Pengawal 1 Februari 2015.