ARTIKEL PELAJARAN 11
LAGU 57 Ora Perlu Pilih-Pilih
Niru Semangaté Yésus kanggo Nginjil
’Yésus ngongkon wong-wong kuwi lunga loro-loro ndhisiki dhèwèké menyang saben kutha lan panggonan sing arep diparani.’—LUK. 10:1.
INTI
Niru papat hal sing dilakukan Yésus sing marakké dhèwèké semangat nginjil.
1. Apa salah siji hal sing marakké Seksi-Seksi Yéhuwah béda karo wong-wong sing ngaku Kristen?
SALAH siji hal sing marakké Seksi-Seksi Yéhuwah béda karo wong-wong sing ngaku Kristen kuwi semangaté kanggo nginjil. (Tit. 2:14) Tapi, kanggo bèn isa terus semangat kuwi kadhang ora gampang. Malah, ana siji pinituwa sing tau ngomong, ”Kadhang, aku babar blas ora nduwé kepénginan kanggo nginjil.” Apa njenengan ya tau ngrasa kaya ngono?
2. Apa sing kadhang marakké ora semangat kanggo nginjil?
2 Isa waé, awaké dhéwé luwih semangat wektu dikon ngerjakké tugas-tugas liya saka organisasi timbang nèk dikon nginjil. Lha ngapa? Wektu mbangun Balai Ibadah, mbantu para sedulur sing kena bencana, utawa nguwatké para sedulur sing susah, hasilé isa langsung kétok. Terus, wektu kerjasama karo para sedulur, awaké dhéwé isa ngrasa disayangi lan dihargai kerja kerasé. Tapi nèk nginjil, hasilé ora langsung kétok. Mungkin awaké dhéwé wis nginjil ing dhaérah sing padha selama bertaun-taun, tapi mung sithik sing gelem ngrungokké. Malah, kadhang ana sing sikapé kasar. Saya suwé ya tambah saya akèh sing ora seneng karo berita sing awaké dhéwé sampèkké. (Mat. 10:22) Nah, piyé bèn awaké dhéwé isa tetep semangat lan malah luwih semangat manèh kanggo nginjil?
3. Saka perumpamaan ing Lukas 13:6-9, awaké dhéwé isa ngerti apa soal semangaté Yésus?
3 Yésus dadi conto sing apik banget soal nduwé semangat nginjil. Selama pelayanané ing bumi, semangaté ora tau kendho. Malah saya suwé, Yésus tambah semangat nginjil. (Wacanen Lukas 13:6-9.) Ing salah siji perumpamaané, Yésus madhakké upayané kanggo nginjil kaya upayané tukang kebon sing nggali lan ngekèki pupuk ing sak ubengé wit ara meskipun wit kuwi wis telung taun ora ngetokké hasil. Yésus ya kaya ngono. Selama telung taun nginjil ing wong Yahudi, akèh-akèhé wong Yahudi ora gelem dadi muridé. Tapi Yésus pantang menyerah. Yésus malah luwih berupaya manèh bèn wong Yahudi gelem nampa kabar apik.
4. Papat hal apa sing isa dipelajari saka Yésus?
4 Ing artikel iki bakal dibahas piyé Yésus nduduhké semangaté kanggo nginjil, terutama selama enem sasi terakhir pelayanané ing bumi. (Deloken keterangan tambahan ”Belakangan” ing Lukas 10:1 Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru Edisi Pelajaran.) Sing marakké Yésus terus semangat nginjil kuwi ana papat: (1) Fokus karo karepé Yéhuwah, (2) paham ramalan ing Alkitab, (3) percaya nèk Yéhuwah ndhukung dhèwèké, lan (4) yakin nèk mesthi bakal ana sing ngrungokké. Nèk mempelajari lan ngetrapké papat hal kuwi, awaké dhéwé ya isa tetep semangat nginjil.
YÉSUS FOKUS KARO KAREPÉ YÉHUWAH
5. Apa buktiné nèk fokusé Yésus kuwi ngutamakké karepé Yéhuwah?
5 Yésus ngerti nèk karepé Yéhuwah kuwi bèn dhèwèké martakké ”kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah”. Makané, Yésus semangat melakukan kuwi. (Luk. 4:43) Malah, kuwi dadi hal sing paling penting ing uripé. Pas bulan-bulan terakhir sakdurungé mati, Yésus nginjil ing ”kutha-kutha lan désa-désa” kanggo mulang wong-wong. (Luk. 13:22) Yésus ya nglatih luwih akèh murid kanggo nginjil bareng dhèwèké.—Luk. 10:1.
6. Apa kaitané gawéan nginjil karo tugas-tugas liyané ing organisasi? (Deloken gambar.)
6 Saiki ya padha. Karepé Yéhuwah karo Yésus kuwi bèn awaké dhéwé ngutamakké gawéan nginjil. (Mat. 24:14; 28:19, 20) Tugas-tugas liyané ing organisasi sakjané berkaitan karo gawéan nginjil. Misalé, mbangun Balai Ibadah kuwi sakjané dilakukan bèn wong-wong sing nampa kabar apik mengko isa ngumpul kanggo ngibadah. Terus, gawéan sing dilakukan ing Bètel utawa fasilitas liyané ing organisasi kuwi dilakukan kanggo ndhukung gawéan nginjil. Bahkan ngekèki bantuan kemanusiaan tujuané ora mung kanggo ngekèki bantuan, tapi bèn para sedulur sing kena bencana isa ndang langsung ngibadah lan nginjil manèh. Nah, nèk ngerti gawéan nginjil iki gawéan sing paling penting sing dikarepké Yéhuwah, awaké dhéwé bakal berupaya sak isa-isané kanggo rajin lan teratur nginjil. János, pinituwa ing Hongaria ngomong, ”Aku péngin terus éling nèk tugas sing paling penting kuwi nginjil. Tugas-tugas liya saka organisasi ora isa nggantèni tugas kuwi.”
Karepé Yéhuwah lan Yésus kuwi awaké dhéwé saiki ngutamakké gawéan nginjil (Deloken paragraf 6)
7. Ngapa kok Yéhuwah péngin awaké dhéwé terus nginjil? (1 Timotius 2:3, 4)
7 Yéhuwah pénginé sak akèh-akèhé wong krungu kabar apik lan ngerti ajaran sing bener. Nèk nduwé kepénginan kaya ngono, awaké dhéwé ya bakal dadi luwih semangat nginjilé. (Wacanen 1 Timotius 2:3, 4.) Merga ngerti nèk gawéan iki isa marakké wong-wong dislametké, Yéhuwah nglatih umaté bèn luwih trampil nginjil. Misalé, nganggo brosur Sayang Kabèh Wong Kunci Ndadèkké Murid, awaké dhéwé diajari carané mulai omong-omongan bèn wong-wong akhiré gelem belajar Alkitab. Bahkan nèk saiki ora ana sing nanggepi, paling ora meréka wis dikèki kesempatan. Sapa ngerti sukmbèn sakdurungé akhir sengsara gedhé, meréka kèlingan berita sing awaké dhéwé sampèkké lan akhiré gelem nglayani Yéhuwah. Kuwi kabèh mung bakal isa kelakon nèk awaké dhéwé terus nginjil.
YÉSUS PAHAM RAMALAN ING ALKITAB
8. Merga paham ramalan ing Alkitab, Yésus dadi piyé?
8 Yésus ngerti piyé ramalan-ramalan ing Alkitab bakal digenepi. Termasuk, dhèwèké ngerti nèk pelayanané ing bumi kuwi mung telung taun setengah. (Dan. 9:26, 27) Yésus ya ngerti kapan dhèwèké bakalé mati lan matiné piyé. (Luk. 18:31-34) Merga ngerti ramalan-ramalan ing Alkitab, Yésus memanfaatkan tenan wektuné ing bumi. Yésus tambah semangat nginjil merga péngin ngrampungké tugas saka Bapaké.
9. Nèk paham ramalan ing Alkitab, ngapa kok awaké dhéwé dadi semangat nginjil?
9 Nèk ngrenungké ramalan-ramalan ing Alkitab sing saiki lagi kelakon lan sedhéla manèh bakal kelakon, awaké dhéwé bakal tambah semangat nginjilé. Akhir saka donya iki mung tinggal sedhéla. Apa njenengan nggatèkké nèk peristiwa lan sifaté wong-wong saiki sesuai karo ramalan ing Alkitab soal akhir jaman? Apa njenengan ya nggatèkké nèk persaingan antara Inggris-Amerika karo Rusia lan para pendhukungé nggenepi ramalan soal raja lor lan raja kidul ”ing akhir jaman”? (Dan. 11:40) Apa njenengan ya nggatèkké nèk sikil bagian ngisor patung sing disebutké ing Danièl 2:43-45 nggambarké pamréntahan sing paling kuwat saiki yaiku Inggris-Amerika? Saka ramalan kuwi, awaké dhéwé dadi ngerti nèk sedhéla manèh Kerajaané Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh pamréntahan manungsa. Kabèh ramalan sing wis disebutké mau mbuktèkké nèk saiki wektuné mung bener-bener tinggal sithik. Makané, wektu sing isih ana saiki kudu dimanfaatké tenan kanggo nginjil.
10. Apa manèh manfaaté nèk paham ramalan ing Alkitab?
10 Saka ramalan-ramalan ing Alkitab, awaké dhéwé dadi ngerti kabar apik. Sedulur Carrie ing Republik Dominika crita, ”Aku dadi tergerak kanggo nyritani wong-wong bar aku ngrenungké janjiné Yéhuwah sing luar biasa kanggo masa depan. Terus, wektu ndelok wong-wong padha susah, aku ya dadi ngerti nèk meréka ya butuh dikandhani soal janjiné Yéhuwah kuwi.” Saka ramalan ing Alkitab, awaké dhéwé ya dadi péngin terus nginjil soalé ngerti nèk gawéan iki ya dibantu Yéhuwah. Sedulur Leila ing Hongaria ngomong, ”Ing Yésaya 11:6-9 diduduhké nèk Yéhuwah isa mbantu sapa waé bèn sifaté berubah dadi luwih apik. Kuwi marakké aku dadi gelem martakké kabar apik, bahkan karo wong sing kétoké ora gelem ngrungokké.” Terus, Sedulur Christopher saka Zambia ngomong, ”Ing Markus 13:10 diramalké nèk kabar apik bakal diwartakké ing sak donya. Kanggoku, iki kehormatan banget isa mèlu ndhukung bèn ramalan kuwi tergenap.” Ramalan apa ing Alkitab sing marakké njenengan dadi péngin terus nginjil?
YÉSUS PERCAYA NÈK YÉHUWAH NDHUKUNG
11. Bèn isa terus semangat nginjil, ngapa kok Yésus kudu percaya karo dhukungané Yéhuwah? (Lukas 12:49, 53)
11 Yésus isa terus semangat nginjil merga percaya nèk Yéhuwah ndhukung dhèwèké. Meskipun Yésus wis ngati-ati lan ora sembrana wektu nyampèkké kabar apik, tetep waé ana wong-wong sing ora seneng lan malah nentang dhèwèké. (Wacanen Lukas 12:49, 53.) Malah, para pemimpin agama ping bola-bali péngin matèni Yésus. (Yoh. 8:59; 10:31, 39) Tapi, Yésus terus nginjil merga ngerti nèk Yéhuwah ndhukung dhèwèké. Yésus ngomong, ’Aku ora dhéwé, ning bareng karo Bapak sing ngutus aku. Dhèwèké ora tau ninggalké aku dhèwèkan, merga aku mesthi nindakké kabèh sing nggawé Dhèwèké seneng.’—Yoh. 8:16, 29.
12. Bèn murid-muridé isa terus semangat nginjil meskipun ditentang, Yésus ngekèki naséhat apa waé?
12 Yésus péngin murid-muridé percaya nèk Yéhuwah ndhukung meréka. Yésus bola-bali ngandhani nèk Yéhuwah bakal mbantu meréka bahkan wektu meréka dianiaya. (Mat. 10:18-20; Luk. 12:11, 12) Tapi, Yésus ya ngélikké nèk meréka kudu ngati-ati. (Mat. 10:16; Luk. 10:3) Nèk ana sing ora gelem, ya aja dipeksa. (Luk. 10:10, 11) Terus nèk meréka dianiaya, Yésus ngomong meréka kudu lunga saka kono. (Mat. 10:23) Yésus dhéwé ya kaya ngono. Meskipun semangat lan percaya karo dhukungané Yéhuwah, Yésus tetep ngati-ati lan ora nékad.—Yoh. 11:53, 54.
13. Apa sing marakké njenengan yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal ndhukung njenengan?
13 Bèn isa tetep semangat nginjil meskipun ditentang, awaké dhéwé butuh dhukungané Yéhuwah. (Why. 12:17) Yéhuwah mesthi bakal ndhukung njenengan. Apa buktiné? Ing Yohanes bab 17, Yésus ndonga njaluk Yéhuwah nglindhungi para rasul. Yéhuwah njawab donga kuwi. Ing buku Kisah dicritakké piyé Yéhuwah ndhukung para rasul bèn meréka isa terus semangat nginjil meskipun dianiaya. Ing dongané kuwi, Yésus ya njaluk bèn Yéhuwah nglindhungi wong-wong sing beriman karo kabar apik lan akhiré dadi muridé Yésus, termasuk njenengan. Yéhuwah isih terus njawab dongané Yésus kuwi nganti saiki. Kaya Dhèwèké wis nulungi para rasul, Yéhuwah ya mesthi bakal nulungi njenengan.—Yoh. 17:11, 15, 20.
14. Apa sing marakké njenengan yakin nèk isa terus semangat nginjil meskipun keadaané angèl? (Deloken gambar.)
14 Saya suwé, keadaan bakal saya angèl kanggo nginjil. Tapi, Yésus mastèkké para pengikuté éntuk bantuan apa waé sing dibutuhké bèn isa tetep semangat nginjil. (Luk. 21:12-15) Kaya Yésus lan murid-muridé, awaké dhéwé ora bakal meksa wong nampa kabar apik lan ya ora ngejak debat. Bahkan ing negara-negara sing kegiatané Seksi-Seksi Yéhuwah dilarang, para sedulur isa tetep semangat nginjil merga percaya karo dhukungané Yéhuwah. Kaya pas jamané para rasul, Yéhuwah ya bakal ngekèki awaké dhéwé roh suci bèn ”gawéan martakké kuwi isa bener-bener dirampungké” sesuai sing dikarepké Yéhuwah. (2 Tim. 4:17) Dadi, nèk terus percaya karo dhukungané Yéhuwah, njenengan bakal isa terus semangat nginjil.
Meskipun kegiatané Seksi-Seksi Yéhuwah dilarang, para sedulur sing semangat nggolèk cara bèn isa tetep nginjil (Deloken paragraf 14)a
YÉSUS YAKIN NÈK MESTHI BAKAL ANA SING GELEM NGRUNGOKKÉ
15. Apa buktiné nèk Yésus selalu yakin mesthi bakal ana wong-wong sing gelem ngrungokké kabar apik?
15 Ana hal liyané manèh sing marakké Yésus tetep semangat nginjil. Kuwi diduduhké liwat omongané. Kira-kira akhir taun 30 M, wektu ndelok nèk ana akèh sing gelem ngrungokké kabar apik, Yésus madhakké wong-wong kuwi kaya ladhang sing siap dipanèn. (Yoh. 4:35) Kira-kira setaun bar kuwi, dhèwèké ngomong karo para rasulé, ”Panènané pancèn akèh.” (Mat. 9:37, 38) Yésus nandheské omongané kuwi manèh, ”Panènané pancèn akèh. . . . Mula, njaluka marang Sing Nduwé panènan supaya ngutus luwih akèh wong kanggo nglumpukké panènané.” (Luk. 10:2) Dadi, Yésus selalu yakin nèk mesthi bakal ana wong-wong sing gelem ngrungokké kabar apik, lan kuwi marakké dhèwèké bahagia.—Luk. 10:21.
16. Bèn murid-muridé yakin nèk berita sing meréka sampèkké mesthi ana hasilé, Yésus ngapa? (Lukas 13:18-21) (Deloken gambar.)
16 Bèn murid-muridé ya yakin nèk berita sing meréka sampèkké mesthi bakal ana hasilé, Yésus nyritakké loro perumpamaan. (Wacanen Lukas 13:18-21.) Ing perumpamaan sing pertama, Yésus madhakké kabar apik kaya biji sing cilik banget sing akhiré thukul dadi wit sing gedhé. Kaya pertumbuhané wit sing ora isa dialang-alangi, jumlahé wong sing nampa kabar apik ya bakal terus nambah. Ing perumpamaané sing keloro, Yésus madhakké kabar apik kaya ragi sing nyebar ing adonan. Kuwi maksudé kabar apik bakal diwartakké ing sak donya. Terus, kuwi ya isa marakké sifaté wong-wong sing nampa kabar apik dadi berubah luwih apik, meskipun perubahané mungkin ora langsung kétok.
Kaya Yésus, awaké dhéwé yakin nèk mesthi bakal ana sing gelem ngrungokké kabar apik (Deloken paragraf 16)
17. Apa waé sing marakké awaké dhéwé yakin nèk kegiatan nginjil iki mesthi bakal ana hasilé?
17 Bèn isa terus semangat nginjil, awaké dhéwé isa mikirké hasil-hasil sing dicapai saiki merga kegiatan nginjil. Misalé, saben taun ana jutaan sing mèlu teka ing acara Peringatan lan gelem sinau Alkitab. Terus, ana atusan èwu sing dibaptis lan akhiré ya mèlu martakké kabar apik. Mémang, awaké dhéwé ora ngerti sepira akèhé sing bakal nampa kabar apik, tapi awaké dhéwé ngerti nèk saiki Yéhuwah lagi nglumpukké akèh banget wong sing bakal slamet ngliwati sengsara gedhé. (Why. 7:9, 14) Ayo terus semangat nginjil, soalé Yéhuwah sing nduwé panènan waé yakin nèk bakalé ana akèh sing gelem nampa kabar apik.
18. Apa tékadé awaké dhéwé?
18 Murid-muridé Yésus dikenal merga semangaté meréka kanggo nginjil. Wektu ndelok para rasul kendel lan semangat banget nginjil, wong-wong ”dadi sadhar nèk [meréka] kuwi wong sing mbiyèn bareng karo Yésus”. (Kis. 4:13) Ayo bertékad kanggo terus semangat nginjil bèn wong-wong isa ndelok nèk awaké dhéwé niru semangaté Yésus kanggo nginjil.
LAGU 58 Nggolèki sing Péngin Rukun karo Gusti
a PENJELASAN GAMBAR: Sedulur lanang ngati-ati pas nginjil karo wong lanang ing pom bènsin.