ARTIKEL PELAJARAN 28
LAGU 123 Manut Arahané Yéhuwah
Apa Njenengan Isa Nitèni Bédané sing Bener karo sing Salah?
’Kowé kudu terus nganggo sabuk yaiku apa sing bener.’—ÉF. 6:14.
INTI
Sing isa diupayakké bèn isa paham bédané apa sing bener saka Yéhuwah lan apa sing ora bener saka Sétan lan bala-balané.
1. Piyé perasaané njenengan bar ngerti apa sing bener saka Alkitab?
UMATÉ Yéhuwah percaya ajaran sing bener ing Alkitab, lan kuwi sing dadi dhasar imané. (Rm. 10:17) Meréka ya percaya nèk jemaaté Yéhuwah kuwi ”sing ndhukung lan mbéla apa sing bener”. (1 Tim. 3:15) Meréka ya manut karo ”wong-wong sing mimpin” merga wong-wong kuwi ngajarké sing bener saka Alkitab lan ngekèki arahan sing sesuai karo karepé Gusti Allah.—Ibr. 13:17.
2. Menurut Yakobus 5:19, meskipun wis ngerti sing bener, awaké dhéwé isa waé dadi piyé?
2 Tapi, Sétan berupaya bèn awaké dhéwé ora percaya manèh karo sing diajarké ing Alkitab utawa arahan saka organisasi. (Éf. 4:14) Dadi, meskipun wis ngerti nèk sing diajarké ing Alkitab kuwi bener, lan wis selalu manut arahan organisasi, awaké dhéwé isa waé dadi ragu-ragu lan akhiré ora percaya manèh.—Wacanen Yakobus 5:19.
3. Menurut Éfésus 6:13, 14, ngapa kok kudu terus manut karo apa sing bener?
3 Wacanen Éfésus 6:13, 14. Sedhéla manèh, Sétan bakal mempengaruhi kabèh bangsa bèn padha nglawan Yéhuwah. (Why. 16:13, 14) Malah, Sétan ya bakal semakin ngupaya tenanan nyesatké umaté Yéhuwah. (Why. 12:9) Makané, kèt saiki, awaké dhéwé kudu isa nitèni bédané sing bener karo sing ora bener, lan ngupaya bèn isa terus manut karo sing bener. (Rm. 6:17; 1 Ptr. 1:22) Kuwi bakal bermanfaat banget mengko pas sengsara gedhé.
4. Apa sing arep dibahas ing artikel iki?
4 Lha terus, bèn isa nitèni sing bener saka Alkitab lan manut arahan saka organisasi, kudu nduwé sifat apa? Bèn isa terus manut karo apa sing bener, awaké dhéwé kudu piyé? Kuwi arep dibahas ing artikel iki.
BÈN ISA NITÈNI APA SING BENER, KUDU NDUWÉ SIFAT APA?
5. Apa hubungané wedi karo Yéhuwah lan isa nitèni apa sing bener?
5 Wedi karo Yéhuwah. Kuwi berarti wedi nggawé Yéhuwah ora seneng. Wong isa wedi karo Yéhuwah nèk sayang banget karo Yéhuwah. Makané, merga péngin nggawé Yéhuwah seneng, awaké dhéwé berusaha tenanan kanggo nitèni bédané sing bener saka Yéhuwah karo sing ora bener saka Sétan. (WB. 2:3-6; Ibr. 5:14) Aja nganti ora sayang karo Yéhuwah merga wedi karo manungsa. Kerep-kerepé, apa sing nggawé manungsa seneng kuwi ora nggawé Yéhuwah seneng.
6. Merga wedi manungsa, sepuluh mata-mata dadi ora percaya karo apa sing bener. Piyé critané?
6 Nèk luwih wedi manungsa timbang Yéhuwah, awaké dhéwé isa dadi ragu-ragu lan mulai ora percaya karo sing bener. Gatèkna contoné 12 pemimpin suku sing dikon Yéhuwah dadi mata-mata ing tanah sing dijanjèkké. Ana sepuluh mata-mata sing ngomong ngéné karo wong Israèl, ”Awaké dhéwé ora bakal isa nglawan wong-wong kuwi, merga wong-wong kuwi luwih kuwat timbang awaké dhéwé.” (Wi. 13:27-31) Ya mémang, kétoké wong Kanaan kuwi luwih kuwat timbang wong Israèl. Tapi, nèk ngomong wong Israèl ora isa ngalahké mungsuh-mungsuhé, kuwi padha waé ora percaya karo Yéhuwah sing mahakuwasa. Sepuluh mata-mata kuwi kuduné fokusé ing karepé Yéhuwah. Meréka ya kuduné ngrenungké sing wis dilakukan Yéhuwah ora suwé sakdurungé. Nah, nèk ngrenungké kuwi, meréka isa ngerti nèk sakjané wong Kanaan kuwi ora ana apa-apané timbang Yéhuwah. Nèk sepuluh mata-mata kuwi sayang Yéhuwah, meréka kuduné ora wedi karo wong Kanaan. Tapi, Yosua karo Kalèb ngomong ngéné, ”Nèk Yéhuwah seneng karo awaké dhéwé, Dhèwèké mesthi bakal nggawa awaké dhéwé menyang tanah [kuwi]. Dhèwèké ya mesthi bakal mènèhké kuwi marang awaké dhéwé.” (Wi. 14:6-9) Kuwi bukti nèk Yosua karo Kalèb beriman lan péngin nggawé Yéhuwah seneng.
7. Bèn isa wedi tenan karo Yéhuwah, kudu piyé? (Deloken gambar.)
7 Bèn isa wedi tenan karo Yéhuwah, saben arep nggawé pilihan, isa mikirké apa sing marakké Yéhuwah seneng. (Mzm. 16:8) Pas maca kisah ing Alkitab, pikirna, ’Nèk aku sing ngalami kuwi, aku mèh piyé?’ Misalé, bayangna nèk njenengan wektu kuwi ana ing tengah-tengahé wong Israèl. Pas sepuluh mata-mata ngomong nèk bangsa Israèl ora bakal isa ngalahké Kanaan, apa njenengan arep percaya laporan kuwi, terus mèlu-mèlu wedi? Utawa, njenengan nganggep nèk kuwi kesempatan kanggo mbuktèkké nèk njenengan sayang lan péngin nggawé Yéhuwah seneng? Akèh-akèhé wong Israèl ora isa nitèni nèk sing diomongké Yosua karo Kalèb kuwi sing bener. Akibaté, Yéhuwah ora ngéntukké meréka mlebu Tanah Perjanjian.—Wi. 14:10, 22, 23.
Njenengan milih arep percaya karo sapa? (Deloken paragraf 7)
8. Sifat apa sing kudu terus diupayakké, lan ngapa kok kudu terus ngupayakké kuwi?
8 Rendah hati. Mung wong rendah hati sing dikandhani Yéhuwah soal ajaran sing bener lan gelem dibantu bèn isa memahami kuwi. (Mat. 11:25; Kis. 8:30, 31) Tapi, kudu ngati-ati bèn aja nganti dadi sombong. Nèk sombong, mengko dadi nganggep nèk pendapat utawa pandhangané kuwi sing paling bener, seolah-olah padha beneré kaya pathokan ing Alkitab lan arahané organisasi.
9. Piyé bèn isa terus rendah hati?
9 Bèn isa terus rendah hati, kudu éling nèk awaké dhéwé ora ana apa-apané timbang Yéhuwah. (Mzm. 8:3, 4) Terus, ya kudu ndonga bèn Yéhuwah mbantu awaké dhéwé dadi luwih rendah hati lan gelem diajari. Liwat Alkitab lan organisasi, awaké dhéwé bakal ngerti pikiran lan pandhangané Yéhuwah. Yéhuwah bakal mbantu bèn awaké dhéwé isa nganggep nèk pikiran lan pandhangané Yéhuwah kuwi luwih penting timbang pendapaté awaké dhéwé. Wektu maca Alkitab, golèka bukti-bukti nèk Yéhuwah seneng karo wong rendah hati, lan ora seneng karo wong sing sombong, angkuh, lan rumangsa hébat. Terus, nèk éntuk tugas utawa wewenang ing organisasi sing marakké dadi kétok luwih menonjol, malah kudu luwih rendah hati.
CARANÉ BÈN ISA TERUS MANUT KARO APA SING BENER
10. Mbiyèn, Yéhuwah ngekèki arahan kanggo umaté kuwi liwat sapa?
10 Terus percaya karo arahan saka organisasi. Mbiyèn, Yéhuwah nèk ngekèki arahan kanggo bangsa Israèl kuwi liwat Musa lan Yosua. (Yos. 1:16, 17) Wektu bangsa Israèl ngakoni nèk Musa lan Yosua kuwi wakilé Yéhuwah, bangsa Israèl diberkahi. Atusan taun bar kuwi, wektu wis ana jemaat Kristen, Yéhuwah ngekèki arahan liwat 12 rasul. (Kis. 8:14, 15) Terus bar kuwi, sing ya dadi wakilé Yéhuwah kuwi para pinituwa liyané ing Yérusalèm. Merga manut arahané wakil-wakilé Yéhuwah kuwi, ”jemaat-jemaat dadi saya kuwat imané, lan saben dina jumlahé wong-wong sing percaya dadi saya akèh”. (Kis. 16:4, 5) Saiki, awaké dhéwé ya bakal diberkahi Yéhuwah nèk manut arahan saka organisasiné. Tapi, piyé perasaané Yéhuwah nèk awaké dhéwé nolak utawa ora gelem ngajèni wong-wong sing wis Dhèwèké lantik? Ayo mbahas peristiwa sing kelakon wektu bangsa Israèl arep mlebu Tanah Perjanjian.
11. Apa sing dialami karo wong-wong sing ora trima nèk Musa sing dipilih Yéhuwah mimpin bangsa Israèl? (Deloken gambar.)
11 Wektu kuwi, pas lagi perjalanan arep ing Tanah Perjanjian, ana wong-wong lanang penting sing nantang Musa lan ora trima nèk Musa sing dipilih Yéhuwah kanggo mimpin. Meréka ngomong, ”Bangsa iki [ora mung Musa] suci lan Yéhuwah ana ing tengah-tengahé bangsa iki.” (Wi. 16:1-3) Ya mémang, menurut Yéhuwah ”bangsa” kuwi suci. Tapi, sing wis dipilih Yéhuwah kanggo mimpin kuwi Musa. (Wi. 16:28) Dadi sakjané, wektu meréka protès karo Musa, kuwi padha karo protès karo Yéhuwah. Meréka kuduné mikirké karepé Yéhuwah, tapi meréka malah mikirké karepé dhéwé. Meréka péngin nduwé kekuasaan lan dianggep penting. Akhiré, wong-wong sing mbrontak kuwi karo para pendhukungé dipatèni Yéhuwah. (Wi. 16:30-35, 41, 49) Saiki, Yéhuwah ya ora seneng karo wong-wong sing ngrèmèhké arahan organisasiné.
Njenengan milih arep ndhukung sapa? (Deloken paragraf 11)
12. Ngapa kok isa terus percaya karo organisasiné Yéhuwah?
12 Awaké dhéwé isa terus percaya karo organisasiné Yéhuwah. Soalé, Pengurus Pusat kuwi fokus utamané péngin nggawé Yéhuwah seneng. Nèk misalé ana penyesuaian soal pemahaman ing Alkitab utawa ana arahan anyar soal carané kegiatan nginjil diorganisasi, Pengurus Pusat ora ragu-ragu nggawé perubahan. (WB. 4:18) Sakdurungé nggawé keputusan kuwi, Pengurus Pusat mesthi mastèkké pathokané ing Alkitab. Alkitab kuwi sing dadi pathokané kabèh umaté Yéhuwah.
13. ”Pathokané ajaran sing bener” kuwi apa, lan kuwi kudu diapakké?
13 ”Terus manut karo pathokané ajaran sing bener.” (2 Tim. 1:13) ”Pathokané ajaran sing bener” kuwi maksudé kabèh ajaran Kristen sing ana ing Alkitab. (Yoh. 17:17) Kabèh kepercayaané Seksi-Seksi Yéhuwah dhasaré saka kuwi. Organisasiné Yéhuwah ya ngajari bèn awaké dhéwé manut karo pathokan kuwi. Selama ngupayakké kuwi, awaké dhéwé mesthi bakal diberkahi.
14. Critakna piyé beberapa sedulur ing jaman mbiyèn mulai ora percaya ”pathokané ajaran sing bener”.
14 Apa akibaté nèk mulai ora manut ”pathokané ajaran sing bener”? Ayo ndelok peristiwa pas jamané para rasul. Wektu kuwi, ana beberapa sedulur sing nyebarké berita nèk dinané Yéhuwah wis teka. Kétoké, ana surat sing dikira saka Rasul Paulus sing nyebutké soal kuwi. Beberapa sedulur ing Tésalonika kuwi ora ngecèk sik, tapi langsung percaya lan malah nyebar-nyebarké. Sakjané, nèk meréka kèlingan sing diajarké Paulus sakdurungé, meréka ora bakal kapusan. (2 Tés. 2:1-5) Paulus ngekèki naséhat bèn para sedulur ora langsung percaya karo kabèh informasi. Nah, bèn para sedulur sukmbèn ora kapusan manèh, Paulus nulis surat sing bagéan penutupé isiné: ”Iki salam saka aku, Paulus, sing tak tulis dhéwé. Aku mesthi nulis kaya ngéné ing saben suratku bèn kowé ngerti nèk aku sing nulis surat-surat kuwi.”—2 Tés. 3:17.
15. Piyé bèn ora kapusan berita-berita sing kétoké bener? Kèkana conto. (Deloken gambar.)
15 Apa sing isa dipelajari saka kata-katané Paulus kanggo wong Tésalonika? Wektu krungu sesuatu sing ora sesuai karo sing wis dipelajari saka Alkitab, utawa krungu berita sing héboh, aja langsung terpengaruh. Para sedulur ing bekas Uni Soviet tau éntuk surat sing kétoké saka kantor pusat, tapi sakjané kuwi ternyata saka para mungsuh. Isi suraté kuwi ngongkon bèn para sedulur misah saka organisasi. Surat kuwi kétoké asli. Tapi, sedulur-sedulur sing setya ora kapusan. Meréka ngerti nèk isi surat kuwi ora sesuai karo sing wis meréka pelajari. Saiki ya kaya ngono. Para mungsuh kadhang-kadhang nganggo internèt utawa média sosial kanggo nyebarké berita sing marakké awaké dhéwé bingung lan ora bersatu. Daripada ”bingung utawa ora tenang”, awaké dhéwé isa mikirké, ’Berita kuwi cocog ora ya karo sing wis tak pelajari ing Alkitab?’—2 Tés. 2:2; 1 Yoh. 4:1.
Aja gampang terpengaruh informasi sing kétoké bener (Deloken paragraf 15)a
16. Menurut Roma 16:17, 18, nèk ana sing mulai nyebarké keterangan sing ora bener ing jemaat, awaké dhéwé kudu piyé?
16 Terus bersatu karo umaté Yéhuwah sing setya. Yéhuwah péngin awaké dhéwé bersatu wektu nglayani Dhèwèké. Isa bersatuné kuwi nèk terus manut karo apa sing bener. Nèk ana sing nyebarké keterangan sing ora bener ing jemaat, kuwi isa marakké jemaat dadi ora rukun. Makané, Yéhuwah ngongkon awaké dhéwé ”ngedohi wong-wong kuwi”. Lha ngapa? Soalé, kuwi isa marakké awaké dhéwé dadi ora percaya manèh karo apa sing bener lan ora setya karo Yéhuwah.—Wacanen Roma 16:17, 18.
17. Apa waé manfaaté nèk isa nitèni lan terus manut karo apa sing bener?
17 Nèk isa nitèni apa sing bener lan terus manut karo kuwi, awaké dhéwé bakal terus akrab karo Yéhuwah lan imané ya tambah kuwat. (Éf. 4:15, 16) Awaké dhéwé ora bakal kejebak siasat lan ajaran palsu saka Sétan, lan bakal dilindhungi Yéhuwah selama sengsara gedhé. Mulané, ayo terus manut apa sing bener bèn ”Gusti Allah sing nggawé ayem mberkahi kowé”.—Flp. 4:8, 9.
LAGU 122 Kuwat lan Setya Ngabdi
a PENJELASAN GAMBAR: Adegan ulang. Beberapa puluh taun mbiyèn, para sedulur ing bekas Uni Soviet éntuk surat sing kétoké saka kantor pusat tapi sakjané saka para mungsuh. Jaman saiki, para mungsuh ya isa waé nggunakké internèt utawa média sosial kanggo nyebarké berita sing ora bener soal organisasiné Yéhuwah.