PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w24 Agustus hlm. 14-19
  • Carané Memperlakukan Wong sing Nggawé Dosa Gedhé

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Carané Memperlakukan Wong sing Nggawé Dosa Gedhé
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • CARANÉ NANGANI WONG SING WIS NGGAWÉ DOSA GEDHÉ ING JEMAAT KORINTUS
  • CARANÉ MEMPERLAKUKAN WONG SING BERTOBAT
  • NIRU YÉHUWAH SING ADIL LAN GAMPANG MESAKKÉ
  • Carané Para Pinituwa Mbantu Wong sing Ditokké saka Jemaat
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Piyé Para Pinituwa Nduduhké Rasa Mesakké karo Wong sing Nggawé Dosa Gedhé?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Nggawé Keputusan sing Mbuktèkké Nèk Ngendelké Yéhuwah
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
  • Manfaat saka Tebusané Yésus
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
w24 Agustus hlm. 14-19

ARTIKEL PELAJARAN 33

LAGU 130 Kudu Seneng Ngampuni

Carané Memperlakukan Wong sing Nggawé Dosa Gedhé

”Nèk ana sing nindakké dosa, ana sing nulungi.”—1 YOH. 2:1.

INTI

Sing isa dipelajari saka carané nangani wektu ana sedulur sing nggawé dosa gedhé ing jemaat Korintus.

1. Yéhuwah péngin manungsa nggawé pilihan apa?

WEKTU nyiptakké manungsa, Yéhuwah ngekèki meréka kebébasan kanggo milih. Makané, awaké dhéwé isa bébas milih arep berbuat apa. Nah, Yéhuwah pénginé manungsa nggawé pilihan apa? Sing terutama, nglayani Yéhuwah lan dadi anggota keluargané. Yéhuwah sayang karo manungsa lan ngerti sing paling apik kanggo meréka. Dhèwèké péngin manungsa akrab karo Dhèwèké lan isa urip saklawasé.—PT. 30:​19, 20; Gal. 6:​7, 8.

2. Piyé perasaané Yéhuwah karo wong-wong sing nggawé dosa tapi durung bertobat? (1 Yohanes 2:1)

2 Yéhuwah mémang ora tau meksa manungsa kanggo nglayani Dhèwèké. Kuwi keputusan masing-masing. Tapi, nèk wong sing wis terbaptis nglanggar hukumé Yéhuwah, nggawé dosa gedhé, lan ora bertobat, wong kuwi kudu ditokké saka jemaat. (1 Kor. 5:13) Meskipun ngono, Yéhuwah isih berharap banget wong kuwi bali manèh nglayani Dhèwèké. Buktiné, Yéhuwah nyedhiakké tebusan. Tebusan isa marakké wong sing nggawé dosa nduwé kesempatan kanggo diampuni. (Wacanen 1 Yohanes 2:1.) Merga sayang, Yéhuwah nganti njaluk tulung banget karo wong-wong sing wis nggawé dosa bèn meréka bertobat.—Za. 1:3; Rm. 2:4; Yak. 4:8.

3. Apa sing bakal dipelajari ing artikel iki?

3 Yéhuwah péngin awaké dhéwé niru pandhangané soal dosa lan wong sing nggawé dosa. Ing artikel iki bakal dibahas: (1) Piyé carané nangani wektu ana sedulur sing nggawé dosa gedhé ing jemaat Korintus? (2) Rasul Paulus ngekèki petunjuk apa wektu wong sing nggawé dosa kuwi bertobat? (3) Saka kisah kuwi, apa sing isa dipelajari saka sikapé Yéhuwah karo wong sing wis nggawé dosa gedhé?

CARANÉ NANGANI WONG SING WIS NGGAWÉ DOSA GEDHÉ ING JEMAAT KORINTUS

4. Ing jemaat Korintus lagi ana masalah apa? (1 Korintus 5:​1, 2)

4 Wacanen 1 Korintus 5:​1, 2. Pas perjalanan utusan injilé sing ketelu, Paulus krungu nèk ana masalah ing jemaat Korintus sing lagi waé dibentuk. Ana sedulur ing jemaat kuwi sing nglakoni hubungan sèks karo ibu tiriné. Kuwi kelakuan sing ora lumrah, lan bahkan wong sing ora nyembah Yéhuwah waé ya ngerti nèk kuwi bejat. Tapi, para sedulur ngejarké waé lan malah bangga merga kuwi. Ana sing mikir nèk kuwi malah bukti meréka niru Yéhuwah sing gampang mesakké lan ora kejem karo manungsa sing ora sampurna. Tapi, Yéhuwah sengit banget karo perbuatan bejat kaya ngono, apamanèh nèk kuwi dilakukan ing antarané umaté. Kelakuan kaya ngono isa marakké wong sing dudu penyembahé Yéhuwah mikir èlèk soal umaté Yéhuwah. Kuwi ya isa marakké sedulur liyané mèlu-mèlu kelakuané. Makané, Paulus ngekèki petunjuk apa kanggo jemaat Korintus?

5. Para sedulur ing jemaat Korintus dikon Paulus ngapa? Lha ngapa? (1 Korintus 5:13) (Deloken gambar.)

5 Wacanen 1 Korintus 5:13. Liwat roh suciné, Yéhuwah ngongkon Paulus nulis surat, sing isiné njelaské nèk wong dosa sing ora bertobat kuwi kudu ditokké saka jemaat. Kuwi berarti para sedulur kudu piyé? Paulus ngomong nèk meréka kudu ”mandheg bergaul” karo wong kuwi. Paulus ya ngomong nèk bahkan ”mangan bareng” waé ora éntuk. (1 Kor. 5:11) Biasané, wong nèk mangan bareng kuwi mesthi ngobrol, terus suwé-suwé dadi akrab. Dadi, apa manfaaté nèk para sedulur ora bergaul karo wong kuwi? Meréka ora kena pengaruhé sing èlèk. (1 Kor. 5:​5-7) Sakliyané kuwi, wong sing nggawé dosa kuwi bakal ngrasa bersalah, sadhar nèk wis nggawé Yéhuwah lara ati, lan akhiré tergerak kanggo bertobat.

Rasul Paulus nulis surat ing gulungan.

Liwat roh suciné, Yéhuwah ngongkon Paulus nulis surat sing isiné njelaské nèk wong sing dosa lan ora bertobat kudu ditokké saka jemaat (Deloken paragraf 5)


6. Piyé tanggepané para sedulur bar maca suraté Paulus, terus wong sing nggawé dosa kuwi akhiré piyé?

6 Paulus mungkin penasaran piyé tanggepané para sedulur ing Korintus bar nampa suraté. Akhiré, Paulus krungu kabar saka Titus sing ngandhani nèk para sedulur gelem manut lan ngetokké wong sing dosa kuwi saka jemaat. (2 Kor. 7:​6, 7) Beberapa bulan sakwisé Paulus ngirimké suraté sing pertama, wong sing nggawé dosa kuwi bertobat. Tingkah lakuné wis berubah lan dhèwèké mulai manut pathokané Yéhuwah. (2 Kor. 7:​8-11) Nah saiki, para sedulur ing jemaat kudu piyé?

CARANÉ MEMPERLAKUKAN WONG SING BERTOBAT

7. Apa manfaaté disiplin kanggo wong sing nggawé dosa kuwi? (2 Korintus 2:​5-8)

7 Wacanen 2 Korintus 2:​5-8. Paulus ngomong nèk hukuman utawa disiplin kanggo ’wong sing nggawé dosa kuwi wis cukup’. Dadi, para sedulur ora perlu terus-terusan ngukum wong kuwi. Soalé bar ditokké saka jemaat, wong kuwi wis sadhar, terus bertobat.—Ibr. 12:11.

8. Paulus ngekèki naséhat apa?

8 Paulus ya ngomong, ’Kowé kudu ngapura, menghibur, lan nggawé dhèwèké ngrasa disayangi.’ Kuwi berarti, wong kuwi ora mung éntuk bali nggabung ing jemaat manèh, tapi liwat omongan, sikap, lan perbuatan, para sedulur kudu nduduhké nèk bener-bener ngampuni lan menyayangi wong kuwi. Nèk kuwi dilakukan, para sedulur mbuktèkké nèk meréka seneng wong kuwi bali manèh ing jemaat.

9. Ngapa kok ana sing ora trima sedulur kuwi ditampa manèh ing jemaat?

9 Mémang ora dicritakké ing kisahé, tapi mungkin ana beberapa sedulur sing ora trima wong kuwi ditampa manèh ing jemaat. Meréka mungkin nesu soalé wong kuwi wis nggawé masalah ing jemaat. Ana sing mungkin isih lara ati merga wis disakiti. Terus, ya ana sing ngrasa nèk kuwi ora adil. Meréka mungkin ngrasa nèk selama iki kanggo manut pathokané Yéhuwah kuwi angèl, tapi saiki malah kudu nyambut wong sing wis nglanggar pathokané Yéhuwah. (Bandhingna Lukas 15:​28-30.) Nah, ngapa kok para sedulur kudu mbuktèkké nèk bener-bener sayang karo sedulur sing wis bertobat kuwi?

10-11. Apa akibaté nèk para pinituwa ora gelem ngampuni wong sing wis bertobat?

10 Coba bayangna, apa akibaté nèk wong sing wis bener-bener bertobat péngin bali ing Yéhuwah, tapi malah dialang-alangi karo para pinituwa? Utawa, pas wong kuwi bali, para sedulur ora gelem nyambut dhèwèké? Paulus ngomong nèk wong kuwi isa ”nyerah merga sedhih banget”. Dhèwèké isa putus asa, bahkan mungkin wegah nglayani Yéhuwah manèh.

11 Sing luwih parah, nèk para sedulur ora gelem ngampuni wong sing wis bertobat kuwi, hubungané meréka karo Yéhuwah isa rusak. Lha ngapa? Soalé, kuwi berarti meréka ora niru Yéhuwah sing seneng ngampuni, tapi malah niru Sétan sing kejem lan ora gampang mesakké. Malah, meréka isa waé digunakké Sétan kanggo nggawé wong sing wis bertobat kuwi dadi ora gelem nglayani Yéhuwah manèh.—2 Kor. 2:​10, 11; Éf. 4:27.

12. Nèk niru Yéhuwah, berarti para sedulur kudu piyé?

12 Nèk niru Yéhuwah dudu Sétan, para sedulur ing jemaat Korintus bakal memperlakukan wong sing wis bertobat, nganggo carané Yéhuwah. Daud ngomong nèk ”[Yéhuwah] kuwi apikan lan gelem ngapura”. (Mzm. 86:5) Mikha nulis, ’Apa ana Gusti Allah sing kaya Njenengan, sing ngapura salah lan ora ngéling-éling pelanggaran?’ (Mi. 7:18) Terus Yésaya ngomong, ”Muga-muga wong sing jahat ora nindakké kejahatan manèh lan ora nggawé rencana jahat manèh. Muga-muga wong kuwi mertobat lan bali marang Yéhuwah, . . . sing bakal mesakké karo wong kuwi, merga [Dhèwèké] bakal bener-bener ngapura wong kuwi.”—Yés. 55:7.

13. Ngapa kok wis sak mesthiné para sedulur gelem nampa wong kuwi? (Deloken kothak ”Kapan Wong Kuwi Ditampa Manèh?”)

13 Nèk niru Yéhuwah, para sedulur ing jemaat Korintus kudu nyambut lan mbuktèkké nèk meréka seneng wong kuwi bali manèh ing jemaat. Paulus ngomong nèk kuwi bukti meréka ”manut karo kabèh petunjuk”. (2 Kor. 2:9) Meskipun ditokkéné lagi beberapa bulan, tapi wong kuwi wis nduduhké nèk bener-bener bertobat. Dadi, para pinituwa ora perlu nunda-nunda kanggo nampa wong kuwi manèh ing jemaat.

Kapan Wong Kuwi Ditampa Manèh?

Kétoké, wong lanang sing disebutké ing 1 Korintus bab 5 ditampa manèh ora suwé sakwisé ditokké saka jemaat. Lha ngertiné saka endi?

Gatèkna nèk loro suraté Paulus kanggo jemaat ing Korintus kuwi ditulis ing taun sing padha. Surat 1 Korintus ditulis pas perjalanan utusan injilé Paulus sing ketelu, mungkin pas awal taun 55 M. Terus, surat 2 Korintus mungkin ditulis ing akhir taun 55 M.

Terus ya gatèkna nèk ing surat 1 Korintus, Paulus ngèki petunjuk wong Kristen ing Korintus soal ngekèki bantuan kemanusiaan kanggo para sedulur ing Yudéa sing lagi kelaparan. Ing surat 2 Korintus, Paulus ngongkon meréka ndang ngirimké sumbangané. Merga kuwi masalah sing mendesak, Paulus mesthi nulis surat sing keloro ora suwé sakwisé surat sing pertama.—1 Kor. 16:1; 2 Kor. 9:5.

Ana alesan liyané Paulus cepet-cepet nulis suraté sing keloro. Dhèwèké krungu kabar nèk wong kuwi wis bertobat. Jaman semono, kanggo ngirim surat kuwi butuh wektu. Makané, Paulus langsung cepet-cepet nulis suraté sing keloro bèn isa ngandhani apa sing kudu dilakukan para sedulur ing Korintus.

Sedulur-sedulur ing jemaat Korintus seneng nyambut wong sing wis ditampa manèh.

Saka keterangan-keterangan kuwi, masuk akal disimpulké nèk Paulus ngongkon bèn wong sing wis bertobat kuwi ditampa manèh ora suwé, mungkin mung beberapa bulan, sakwisé dhèwèké ditokké saka jemaat.

NIRU YÉHUWAH SING ADIL LAN GAMPANG MESAKKÉ

14-15. Apa sing isa dipelajari saka carané nangani kasus ing jemaat Korintus? (2 Pétrus 3:9) (Deloken gambar.)

14 Keterangan soal carané nangani kasus ing jemaat Korintus kuwi ditulis ing Alkitab ”kanggo mulang awaké dhéwé”. (Rm. 15:4) Saka kisah kuwi, apa pelajarané? Yéhuwah ora bakal meneng waé nèk ing jemaat ana sing nggawé dosa gedhé. Yéhuwah mémang gampang mesakké, tapi kuwi ora berarti Yéhuwah ngejarké wong sing ora bertobat isa terus bergaul karo umaté sing setya. Kuwi ya ora berarti umaté isa bébas sak karepé dhéwé. Pathokané Yéhuwah soal sing bener lan sing salah ora bakal berubah. (Yud. 4) Malah, nèk Yéhuwah ngejarké wong sing ora bertobat tetep ing jemaat, berarti Yéhuwah ora mesakké karo para sedulur liyané. Soalé, kuwi bahaya kanggo para sedulur.—WB. 13:20; 1 Kor. 15:33.

15 Terus, Yéhuwah ya péngin bèn kabèh wong isa dislametké. Nèk ana wong sing nggawé dosa tapi bar kuwi berubah lan péngin nglayani Yéhuwah manèh, Yéhuwah bakal ngrasa mesakké karo wong kuwi. (Yèh. 33:11; wacanen 2 Pétrus 3:9.) Makané, wektu wong lanang ing Korintus mau bertobat lan berubah, liwat Rasul Paulus, Yéhuwah ngongkon para sedulur ngampuni lan nampa dhèwèké manèh ing jemaat.

Ing Balai Ibadah, sedulur wédok meluk sedulur wédok sing bar ditampa manèh. Sing liyané mèlu seneng.

Merga niru Yéhuwah sing sayang lan gampang mesakké, para sedulur seneng nyambut wong-wong sing wis ditampa manèh ing jemaat (Deloken paragraf 14-15)


16. Saka sing wis dipelajari, piyé perasaané njenengan?

16 Saka sing wis dipelajari, apa njenengan ya dadi ngerti nèk Yéhuwah kuwi penyayang, seneng karo apa sing bener, lan adil? (Mzm. 33:5) Apa kuwi marakké njenengan dadi péngin muji Yéhuwah? Kabèh manungsa, termasuk awaké dhéwé, kuwi dosa lan butuh diampuni. Makané, mesthi bersyukur banget merga Yéhuwah wis ngekèki tebusan bèn dosa-dosané awaké dhéwé diampuni. Merga ngerti nèk Yéhuwah bener-bener sayang lan péngin sing paling apik kanggo umaté, awaké dhéwé mesthi dadi ayem banget.

17. Apa sing bakal dibahas ing artikel-artikel berikuté?

17 Nèk saiki ana sing nggawé dosa gedhé, piyé para pinituwa ing jemaat isa niru Yéhuwah sing penyayang wektu mbantu wong kuwi bertobat? Terus, nèk ana sing ditokké saka jemaat utawa ana sing ditampa manèh, para sedulur liyané kudu piyé? Kuwi bakal dibahas ing artikel-artikel berikuté.

APA JAWABANÉ?

  • Yéhuwah pénginé kabèh wong nggawé pilihan apa?

  • Wektu ing jemaat Korintus ana sing nggawé dosa lan ora bertobat, Paulus ngekèki petunjuk apa?

  • Wektu wong kuwi bertobat, Paulus ngongkon para sedulur liyané kudu ngapa?

LAGU 109 Tresna saka Ati

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim