PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w24 Agustus hlm. 20-25
  • Piyé Para Pinituwa Nduduhké Rasa Mesakké karo Wong sing Nggawé Dosa Gedhé?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Para Pinituwa Nduduhké Rasa Mesakké karo Wong sing Nggawé Dosa Gedhé?
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • PARA PINITUWA MBANTUNÉ PIYÉ?
  • ”DIÉLIKKÉ ING NGAREPÉ WONG-WONG”
  • ”YÉHUWAH KUWI GAMPANG MESAKKÉ LAN NDUWÉ RASA SAYANG”
  • Carané Para Pinituwa Mbantu Wong sing Ditokké saka Jemaat
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Carané Memperlakukan Wong sing Nggawé Dosa Gedhé
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Carané Yéhuwah Ngatur Jemaat Kristen Liwat Yésus
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Piyé Nèk Nggawé Dosa sing Gedhé?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
w24 Agustus hlm. 20-25

ARTIKEL PELAJARAN 34

LAGU 107 Niru Tresnané Yéhuwah

Piyé Para Pinituwa Nduduhké Rasa Mesakké karo Wong sing Nggawé Dosa Gedhé?

”Gusti Allah apikan karo kowé merga péngin mbantu kowé bèn mertobat.”—RM. 2:4.

INTI

Carané para pinituwa saiki mbantu wong sing wis nggawé dosa gedhé bèn bertobat.

1. Apa waé kemungkinan sing bakal dialami nèk wis nggawé dosa gedhé?

ING artikel sakdurungé wis dibahas piyé Rasul Paulus nangani wong sing nggawé dosa gedhé ing jemaat Korintus. Merga ora bertobat, wong kuwi akhiré ditokké saka jemaat. Tapi kaya sing disebutké ing Roma 2:​4, ana wong-wong sing nggawé dosa gedhé sing isa dibantu bèn bertobat. Nah, piyé carané para pinituwa mbantu wong-wong sing péngin bertobat kuwi?

2-3. Nèk ngerti ana sedulur seiman sing nggawé dosa gedhé, awaké dhéwé kudu piyé lan alesané apa?

2 Nèk ora ngerti ana sing nggawé dosa gedhé, para pinituwa ya ora bakal isa nulungi wong kuwi. Makané, nèk ngerti ana sedulur seiman sing nggawé dosa gedhé, awaké dhéwé kuduné piyé? Kudu ngandhani sik wong kuwi bèn dhèwèké njaluk tulung karo para pinituwa.—Yés. 1:18; Kis. 20:28; 1 Ptr. 5:2.

3 Tapi, piyé nèk wong kuwi ora gelem ngomong karo para pinituwa? Berarti, awaké dhéwé sing kudu ngandhani para pinituwa bèn wong kuwi isa dibantu. Kuwi sakjané bukti nèk awaké dhéwé sayang karo wong kuwi. Nèk wong kuwi terus nglakoni dosané, hubungané karo Yéhuwah bakal semakin rusak. Kuwi ya isa marakké jenengé organisasi dadi èlèk. Makané, merga sayang Yéhuwah lan sayang karo wong kuwi, awaké dhéwé mesthi gelem ngandhani pinituwa.—Mzm. 27:14.

PARA PINITUWA MBANTUNÉ PIYÉ?

4. Wektu nemoni wong sing nggawé dosa gedhé, apa tujuané para pinituwa?

4 Nèk ana sing nggawé dosa gedhé, badan pinituwa bakal milih telu pinituwa sing memenuhi syarat kanggo mbentuk panitia.a Para pinituwa kuwi kudu rendah hati lan sadhar nèk meréka ya nduwé keterbatasan. Mémang, meréka bakal berupaya mbantu wong kuwi bertobat, tapi ora bakal meksa. (PT. 30:19) Para pinituwa ya ngerti nèk ora kabèh wong gelem dibantu kaya Raja Daud sing gelem nampa bantuan. (2 Sam. 12:13) Ana sing mungkin sengaja ora gelem ngrungokké pengingaté Yéhuwah. (PD. 4:​6-8) Tapi, tujuané para pinituwa kuwi sak isa-isané péngin mbantu wong sing nggawé dosa bèn bertobat. Pathokan apa waé sing kudu diéling-éling para pinituwa pas nemoni wong sing nggawé dosa kuwi?

5. Apa sing kudu diéling-éling para pinituwa wektu nemoni wong sing nggawé dosa? (2 Timotius 2:​24-26) (Deloken gambar.)

5 Para pinituwa kudu nganggep wong kuwi kaya domba sing ilang, sing berharga kanggo Yéhuwah. (Luk. 15:​4, 6) Makané wektu nemoni wong sing nggawé dosa, meréka bakal tetep apikan lan omongané ya ora kasar. Meréka ya ora nganggep pertemuan kuwi mung kanggo takon-takon bèn éntuk kabèh faktané. Tapi, meréka kudu nduduhké sifat-sifat sing disebutké ing 2 Timotius 2:​24-26. (Wacanen.) Para pinituwa kudu tetep tenang, apikan, lan alus soalé tujuané péngin mbantu wong kuwi bèn gelem berubah.

Gembala sing lagi angon nggolèki siji dombané sing ilang. Domba kuwi nyangkut ing semak-semak lan sikilé terluka.

Kaya gembala jaman mbiyèn, para pinituwa péngin berupaya nggolèki domba sing ilang (Deloken paragraf 5)


6. Apa waé sing kudu disiapké para pinituwa sakdurungé nemoni wong sing nggawé dosa? (Roma 2:4)

6 Para pinituwa kudu nduwé pandhangan sing padha sik kaya Yéhuwah. Meréka bakal berupaya niru carané Yéhuwah memperlakukan wong sing nggawé dosa. Meréka éling kata-katané Paulus, ”Gusti Allah apikan karo kowé merga péngin mbantu kowé bèn mertobat”. (Wacanen Roma 2:4.) Para pinituwa kudu éling nèk meréka kuwi gembala sing kudu manut arahané Yésus. (Yés. 11:​3, 4; Mat. 18:​18-20) Makané sakdurungé nemoni wong sing nggawé dosa, panitia bakal ndonga, lan éling nèk tujuané kuwi mbantu wong kuwi bertobat. Meréka bakal riset saka Alkitab lan publikasi, terus ndonga bèn Yéhuwah ngekèki pemahaman. Meréka ya bakal mempertimbangkan apa waé sing perlu meréka ngertèni soal latar belakangé wong kuwi, termasuk ngapa kok nganti wong kuwi mikir utawa berbuat kaya ngono.—WB. 20:5.

7-8. Wektu nemoni wong sing nggawé dosa, piyé para pinituwa isa sabar kaya Yéhuwah?

7 Para pinituwa kudu sabar kaya Yéhuwah. Meréka isa ngéling-éling carané Yéhuwah nulungi wong-wong sing nggawé dosa ing jaman mbiyèn. Misalé, Kain dijak mikir soal apa akibaté nèk dhèwèké ora bertobat lan apa berkahé nèk dhèwèké manut. (PD. 4:​6, 7) Terus liwat Nabi Natan, Yéhuwah ngélikké Daud. Natan nyritakké perumpamaan sing akhiré marakké Daud tergerak kanggo bertobat. (2 Sam. 12:​1-7) Yéhuwah ya ”bola-bali ngutus” para nabiné kanggo ngélikké bangsa Israèl wektu meréka ora manut. (Yér. 7:​24, 25) Yéhuwah ora ngentèni umaté bertobat sik lagi dibantu. Bahkan sakdurungé meréka berubah, Yéhuwah wis inisiatif kanggo ngélikké.

8 Para pinituwa saiki ya isa kaya ngono. Menurut 2 Timotius 4:​2, wektu ngejak bernalar wong sing nggawé dosa, meréka kudu ”sabar”. Dadi, bèn wong kuwi akhiré mengko tergerak kanggo nglakoni sing bener, para pinituwa kudu tetep tenang lan ora gampang nesu. Nèk pinituwané ora sabaran utawa malah émosinan, wong kuwi mengko malah ora gelem ngrungokké naséhaté utawa malah ora gelem bertobat.

9-10. Piyé carané para pinituwa ngejak mikir wong sing nggawé dosa kuwi?

9 Para pinituwa kudu mikirké hal-hal sing marakké wong kuwi nggawé dosa. Misalé, apa hubungané karo Yéhuwah wis ora apik merga dhèwèké wis ora tau pelajaran pribadi utawa nginjil? Apa dhèwèké wis jarang ndonga utawa nèk ndonga, dongané mung rutinitas? Nèk ana godhaan kanggo nglakoni sing salah, apa dhèwèké ora berusaha nolak? Piyé pilihané soal kanca lan hiburan? Apa hal-hal kuwi wis mempengaruhi ati lan pikirané? Apa dhèwèké sadhar nèk perbuatané kuwi nglarani atiné Yéhuwah?

10 Para pinituwa isa nakonké pertanyaan-pertanyaan kaya ngono, tapi ora perlu nakonké perincian sing ora perlu meréka ngerti. Nèk carané nakonké tetep apikan, wong sing dosa kuwi isa dadi mikir apa waé sing marakké dhèwèké akhiré nglakoni dosa kuwi. (WB. 20:5) Kaya Natan pas mbantu Daud, para pinituwa ya isa nggunakké perumpamaan kanggo ngejak wong kuwi mikir bèn sadhar karo kesalahané. Isa waé pas pertemuan pertama, wong kuwi wis ngrasa menyesal karo kelakuané. Bahkan, pas kuwi isa waé dhèwèké wis bertobat.

11. Karo wong sing wis nggawé dosa, apa sing dilakukan Yésus?

11 Para pinituwa ngupaya tenanan niru Yésus. Wektu nemoni Saul saka Tarsus, Yésus sing bar diuripké manèh takon, ”Saul, Saul, ngapa kok kowé nganiaya aku?” Liwat pertanyaan kuwi sakjané Yésus lagi mbantu bèn Saul sadhar nèk sing dhèwèké lakukan kuwi salah. (Kis. 9:​3-6) Terus, wektu nyebutké soal wong wédok sing kaya Izebèl, Yésus ngomong, ”Aku wis mènèhi kesempatan bèn wong wédok kuwi mertobat.”—Why. 2:​20, 21.

12-13. Nèk ngekèki kesempatan kanggo bertobat, para pinituwa bakal piyé? (Deloken gambar.)

12 Nèk niru Yésus, para pinituwa ora bakal cepet-cepet nyimpulké nèk wong kuwi ora mungkin isa bertobat. Isa waé ana sing langsung bertobat meskipun lagi ping pisan ketemu karo panitia, tapi sing liyané mungkin butuh luwih akèh waktu. Dadi, para pinituwa isa nemoni wong kuwi beberapa kali. Mungkin bar pertemuan sing pertama, wong kuwi mulai mikirké tenanan apa sing wis disampèkké para pinituwa. Wong kuwi dadi menyesal, terus ndonga njaluk ampun karo Yéhuwah. (Mzm. 32:5; 38:18) Nah pas pertemuan berikuté, mungkin sikapé wis berubah ora kaya pas pertemuan pertama.

13 Bèn akhiré wong kuwi gelem bertobat, para pinituwa kudu apikan lan berupaya memahami perasaané. Meréka berharap lan ndonga bèn Yéhuwah mberkahi upayané meréka lan bèn wong sing nggawé dosa kuwi akhiré menyadari kesalahané lan bertobat.—2 Tim. 2:​25, 26.

Gambar: 1. Telu pinituwa nemoni sedulur lanang. Wektu dijak ngomong pinituwa, sedulur kuwi mléngos. 2. Para pinituwa nemoni sedulur kuwi manèh. Saiki, dhèwèké nggatèkké tenanan pas para pinituwa ngomong.

Kanggo ngekèki kesempatan wong kuwi bertobat, para pinituwa mungkin isa nemoni dhèwèké beberapa kali (Deloken paragraf 12)


14. Wektu ana wong dosa sing bertobat, sapa sing pantes dipuji, lan ngapa?

14 Nèk ana wong dosa sing bertobat kuwi isa marakké bahagia. (Luk. 15:​7, 10) Mémang, para pinituwa wis kerja keras kanggo mbantu wong kuwi bertobat, tapi sapa sing sakjané pantes dipuji? Soal wong sing dosa, Paulus tau nulis, ”Mungkin, Gusti Allah bakal ngéntukké wong-wong kuwi mertobat.” (2 Tim. 2:25) Dadi, sing isa marakké pikiran lan tingkah lakuné wong berubah kuwi Yéhuwah, dudu manungsa. Apa manfaaté nèk bertobat? Paulus njelaské nèk wong kuwi dadi isa nduwé pengetahuan sing bener soal apa sing bener, dadi sadhar, lan bébas saka jeraté Sétan.—2 Tim. 2:26.

15. Apa manèh sing isa dilakukan para pinituwa kanggo mbantu wong sing bertobat kuwi?

15 Nèk ana sing bertobat, panitia bakal ngatur kunjungan penggembalaan kanggo nguwatké imané wong sing bertobat kuwi bèn dhèwèké isa terus nolak godhané Sétan lan nglakoni sing bener. (Ibr. 12:​12, 13) Sing jelas, para pinituwa ora bakal nyritakké-nyritakké karo wong liya soal kesalahané wong kuwi. Tapi, ana hal sing kudu disampèkké karo jemaat.

”DIÉLIKKÉ ING NGAREPÉ WONG-WONG”

16. ”Wong-wong” sing disebutké ing 1 Timotius 5:20 kuwi maksudé sapa?

16 Wacanen 1 Timotius 5:20. Paulus ngandhani pinituwa sing jenengé Timotius, ”Wong sing terus nindakké dosa kudu diélikké ing ngarepé wong-wong.” Nah, ”wong-wong” kuwi maksudé sapa? Kuwi dudu maksudé kabèh sedulur ing jemaat, tapi mung wong-wong sing wis ngerti dosa kuwi. Meréka isa waé saksi mata, utawa sing dicritani langsung karo sing nggawé dosa kuwi. Para pinituwa bakal ngandhani nèk masalah kuwi wis ditangani, lan wong sing nggawé dosa mau wis dinaséhati. Sing dikandhani ya mung wong-wong kuwi thok.

17. Nèk ana akèh sing wis ngerti soal dosa kuwi utawa mengkoné bakal ana akèh sing ngerti, pinituwa bakal nggawé pengumuman apa, lan tujuané apa?

17 Kadhang isa waé sing kudu dikandhani kuwi kabèh sedulur sak jemaat. Kuwi isa kelakon nèk ana akèh sing wis ngerti soal dosa kuwi utawa mengkoné kuwi bakal dingertèni akèh wong. Nèk kaya ngono, pinituwa bakal nggawé pengumuman kanggo jemaat nèk sedulur sing nggawé dosa kuwi wis ditegur. Tujuané kaya sing disebutké Paulus yaiku ”bèn sing liyané wedi nindakké dosa”.

18. Piyé carané nangani nèk sing nggawé dosa gedhé kuwi cah enom terbaptis sing umuré durung nganti 18? (Deloken gambar.)

18 Nah, piyé nèk sing nggawé dosa gedhé kuwi cah enom terbaptis sing umuré durung nganti 18? Badan pinituwa bakal ngatur bèn ana loro pinituwa sing nemoni bocah kuwi bareng karo wong tuwané sing Seksi Yéhuwah.b Para pinituwa bakal nakoni wong tuwané, apa sing wis meréka lakukan kanggo mbantu anaké bertobat. Nèk bocah kuwi manut wong tuwané lan wong tuwané berupaya mbantu dhèwèké, loro pinituwa kuwi isa waé mutuské nèk ora perlu mbentuk panitia. Para pinituwa ngerti nèk sing wis dikèki tanggung jawab kanggo ndhidhik anak kuwi wong tuwa. (PT. 6:​6, 7; WB. 6:20; 22:6; Éf. 6:​2-4) Tapi, para pinituwa ya isih bakal mastèkké ing wong tuwané, apa bocah kuwi éntuk bantuan sing dibutuhké. Tapi, piyé nèk bocah kuwi ora gelem berubah? Nèk ngono, bakal dibentuk panitia kanggo nemoni bocah kuwi bareng karo wong tuwa utawa waliné sing Seksi Yéhuwah.

Loro pinituwa nemoni cah lanang terbaptis bareng karo wong tuwané. Salah siji pinituwa kuwi macakké ayat Alkitab.

Nèk sing nggawé dosa gedhé kuwi cah enom, loro pinituwa bakal nemoni bocah kuwi bareng karo wong tuwané (Deloken paragraf 18)


”YÉHUWAH KUWI GAMPANG MESAKKÉ LAN NDUWÉ RASA SAYANG”

19. Piyé para pinituwa niru Yéhuwah wektu nangani wong sing nggawé dosa gedhé?

19 Para pinituwa sing dadi anggota panitia nduwé tanggung jawab nglindhungi para sedulur bèn ora kena pengaruh sing èlèk. (1 Kor. 5:7) Tapi, meréka ya ngupaya tenanan kanggo mbantu wong sing dosa kuwi bèn gelem bertobat. Merga niru Yéhuwah sing ”gampang mesakké lan nduwé rasa sayang”, wektu melakukan tugas kuwi meréka bakal yakin nèk sedulur kuwi isa berubah. (Yak. 5:11) Rasul Yohanes sing wis lansia ya nduwé pandhangan kaya ngono. Dhèwèké nulis, ”Anak-anakku sing tak tresnani, aku nulis iki marang kowé bèn kowé ora nindakké dosa. Ning nèk ana sing nindakké dosa, ana sing nulungi awaké dhéwé, yaiku Yésus Kristus sing ana bareng karo Bapak lan sing nindakké apa sing bener.”—1 Yoh. 2:1.

20. Apa sing bakal dibahas ing artikel terakhir majalah iki?

20 Sayangé, kadhang ana sedulur sing ora gelem bertobat. Nèk kaya ngono, dhèwèké kudu ditokké saka jemaat. Nah apa sing kudu dilakukan para pinituwa? Kuwi sing bakal dibahas ing artikel terakhir majalah iki.

APA JAWABANÉ?

  • Menurut Roma 2:​4, wektu nemoni wong sing nggawé dosa, apa tujuané para pinituwa?

  • Ana pathokan apa kanggo para pinituwa sing ditulis ing 2 Timotius 2:​24-26?

  • Apa maksudé ”diélikké ing ngarepé wong-wong”?

LAGU 103 Gembala Kuwi Hadiah saka Yéhuwah

a Mbiyèn, panitia iki disebut panitia pengadilan. Tapi, merga tugasé ora mung ngadili, istilah kuwi saiki wis ora dienggo manèh. Saiki disebuté panitia.

b Petunjuk iki ya berlaku kanggo wali sing sah utawa wong liya sing bertanggung jawab dadi wong tuwané bocah kuwi.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim