PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w25 Juni hlm. 20-25
  • Mbantu Sing Sinau Alkitab Bèn Akhiré Gelem Nglayani Yéhuwah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Mbantu Sing Sinau Alkitab Bèn Akhiré Gelem Nglayani Yéhuwah
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • MBANTU SING SINAU ALKITAB NGERTI TANTANGAN SING MARAKKÉ ORA NDANG MAJU
  • MBANTU SING SINAU ALKITAB BÈN SEMAKIN SAYANG KARO YÉHUWAH
  • MBANTU SING SINAU ALKITAB NGERTI APA SING KUDU DIUTAMAKKÉ
  • MBANTU SING SINAU ALKITAB NGATASI TANTANGAN
  • YAKIN KARO SING SINAU ALKITAB
  • Mbantu Sing Sinau Alkitab Bèn Isa Dibaptis
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • Carané Mbantu Wong sing Sinau Bèn Isa Dibaptis—Bagéan Loro
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
  • Carané Mbantu Wong sing Sinau Alkitab Bèn Isa Dibaptis—Bagéan Siji
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
  • ”Padha Lungaa lan Dadèkna Wong-Wong . . . Muridku”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
w25 Juni hlm. 20-25

ARTIKEL PELAJARAN 27

LAGU 79 Bantu Sing Sinau Terus Manut

Mbantu Sing Sinau Alkitab Bèn Akhiré Gelem Nglayani Yéhuwah

’Kowé kudu nduwé iman sing kuwat lan kendel.’—1 KOR. 16:13.

INTI

Carané mbantu sing sinau Alkitab bèn nduwé iman sing kuwat lan kendel kanggo nglayani Yéhuwah.

1-2. (a) Apa sing mungkin marakké sing sinau Alkitab ora ndang nggawé keputusan kanggo nglayani Yéhuwah? (b) Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?

ANA wong-wong sing sinau Alkitab tapi ora ndang nggawé keputusan kanggo nglayani Yéhuwah. Alesané, mungkin merga wedi dimungsuhi kanca utawa keluargané. Utawa, mungkin rumangsa nèk ora bakal isa manut kabèh pathokané Yéhuwah. Nèk njenengan sakdurungé dadi Seksi Yéhuwah ya tau ngrasa kaya ngono, njenengan mesthi ngerti sing meréka rasakké.

2 Yésus ngerti nèk alesan-alesan kuwi mau isa marakké wong ora ndang nggawé keputusan nglayani Yéhuwah. (Mat. 13:​20-22) Tapi, Yésus terus mbantu wong-wong sing kaya ngono bèn ora ragu-ragu manèh. Carané: (1) mbantu meréka ngerti tantangan sing marakké ora ndang maju, (2) berupaya bèn meréka tambah sayang karo Yéhuwah, (3) mbantu meréka bèn ngerti apa sing kudu diutamakké, lan (4) mbantu meréka ngatasi tantangané. Nah, piyé carané ngetrapké cara-carané Yésus kuwi wektu mulang nganggo buku Bahagia Saklawasé?

MBANTU SING SINAU ALKITAB NGERTI TANTANGAN SING MARAKKÉ ORA NDANG MAJU

3. Apa sing mungkin marakké Nikodémus ora ndang dadi muridé Yésus?

3 Ana pemimpiné wong Yahudi sing jenengé Nikodémus. Sakwisé kira-kira enem sasi Yésus nglayani ing bumi, Nikodémus sakjané wis percaya nèk Yésus kuwi utusané Gusti Allah. Tapi dhèwèké ragu-ragu kanggo dadi muridé Yésus. (Yoh. 3:​1, 2) Dhèwèké waniné ketemu Yésus mung pas bengi-bengi soalé ”wedi karo wong Yahudi”. (Yoh. 7:13; 12:42) Nikodémus mungkin wedi kélangan jabatan utawa kekayaané nèk dadi muridé Yésus.a

4. Piyé carané Yésus mbantu Nikodémus bèn ngerti apa sing dikarepké Gusti Allah?

4 Nikodémus sakjané ngerti isiné hukum Taurat, tapi isih durung paham apa sing dikarepké Yéhuwah saka dhèwèké. Nah, Yésus mbantuné piyé? Yésus gelem nyedhiakké wektu kanggo nemoni Nikodémus bahkan pas bengi-bengi. Yésus ya terus terang ngandhani nèk bèn isa dadi muridé, Nikodémus kudu bertobat, dibaptis nganggo banyu, lan beriman karo Anaké Gusti Allah.—Yoh. 3:​5, 14-21.

5. Piyé carané mbantu sing sinau Alkitab bèn ngerti tantangan sing marakké dhèwèké ora ndang maju-maju?

5 Mungkin sing sinau Alkitab wis ngerti akèh soal Alkitab, tapi isih butuh dibantu bèn ngerti tantangan sing marakké dhèwèké ora ndang maju-maju. Mungkin merga sibuk kerja utawa ditentang keluargané. Dadi kaya Yésus, njenengan isa nyedhiakké wektu kanggo meréka. Carané sederhana waé, misalé ngejak dolan utawa wédangan. Nèk suasanané santai, mungkin dhèwèké bakal luwih leluasa nyritakké perasaané. Njenengan ya dadi ngerti kesulitané. Bar kuwi, kèkana saran-saran bèn dhèwèké ngerti apa sing kudu diubah. Élingna nèk tujuané kuwi dudu nggawé njenengan seneng tapi nggawé Yéhuwah seneng.

6. Piyé carané mbantu sing sinau Alkitab bèn yakin nèk dhèwèké isa ngetrapké sing wis dipelajari? (1 Korintus 16:13)

6 Biasané, sing sinau Alkitab bakal wani ngetrapké sing dipelajari nèk yakin Yéhuwah bakal mbantu. (Wacanen 1 Korintus 16:13.) Guru sekolah sing apik ora mung ngekèki muridé pengetahuan, tapi ya nyemangati bèn muridé percaya diri karo kemampuané. Nah padha kaya ngono, awaké dhéwé ora mung ngajari sing sinau Alkitab soal karepé Gusti Allah, tapi ya ngyakinké nèk dhèwèké mesthi isa melakukan kuwi merga dibantu Yéhuwah. Nah, apa manèh sing kudu dilakukan?

MBANTU SING SINAU ALKITAB BÈN SEMAKIN SAYANG KARO YÉHUWAH

7. Piyé Yésus mbantu wong-wong bèn semakin sayang karo Yéhuwah?

7 Yésus ngerti nèk wong sayang Yéhuwah mesthi bakal ngetrapké sing wis dipelajari. Yésus kerep ngajari murid-muridé hal-hal sing isa marakké meréka semakin sayang karo Yéhuwah. Misalé, dhèwèké ngajari nèk Yéhuwah kuwi kaya bapak sing selalu ngekèki hal-hal sing apik kanggo anaké. (Mat. 7:​9-11) Ana wong-wong sing ngrungokké Yésus wektu kuwi mungkin ora tau ngrasakké disayang bapaké. Dadi, wektu Yésus nyritakké perumpamaan soal bapak sing sayang lan gelem nyambut manèh anaké sing bali padahal anaké kuwi kelakuané bejat, wong-wong dadi isa ngrasakké nèk Yéhuwah sayang banget lan péngin mbantu meréka.—Luk. 15:​20-24.

8. Piyé carané mbantu bèn sing sinau Alkitab semakin sayang karo Yéhuwah?

8 Wektu mulang, njenengan isa kerep-kerep nandheské soal sifat-sifaté Yéhuwah. Saben sinau, bantunen bèn dhèwèké paham buktiné Yéhuwah sayang karo dhèwèké saka sing lagi dipelajari. Wektu mbahas soal tebusan, tandhesna nèk Yéhuwah ngekèki tebusan ora mung merga sayang karo kabèh manungsa, tapi merga bener-bener sayang karo dhèwèké. (Rm. 5:8; 1 Yoh. 4:10) Nèk paham sepira gedhéné sayangé Yéhuwah karo dhèwèké, sing sinau Alkitab ya bakal semakin menyayangi Yéhuwah.—Gal. 2:20.

9. Apa sing marakké Michael akhiré gelem nglayani Yéhuwah?

9 Gatèkna pengalamané Michael saka Indonesia. Sakjané, kèt cilik dhèwèké wis diajari Alkitab, tapi ora ndang dibaptis dadi Seksi Yéhuwah. Pas umur 18, Michael kerja dadi sopir truk ing luar negeri. Bar kuwi, dhèwèké nikah lan kerja manèh ing luar negeri, tapi anak bojoné tetep ing Indonesia. Anak karo bojoné mulai belajar karo Seksi Yéhuwah lan nggawé kemajuan. Bar ibuné mati, Michael mutuské bali ing Indonesia kanggo ngopèni bapaké. Michael ya gelem belajar Alkitab. Wektu mbahas buku Bahagia Saklawasé Pelajaran 27 ing bagian ”Sinau Luwih Akèh”, Michael tersentuh bar ngrenungké piyé perasaané Yéhuwah wektu ndelok Yésus menderita. Michael nganti nangis. Dhèwèké dadi paham sepira sayangé Yéhuwah lan Yésus karo dhèwèké. Kuwi marakké dhèwèké bersyukur lan akhiré tergerak kanggo dibaptis.

MBANTU SING SINAU ALKITAB NGERTI APA SING KUDU DIUTAMAKKÉ

10. Piyé Yésus mbantu murid-muridé bèn ngutamakké nglayani Yéhuwah? (Lukas 5:​5-11) (Deloken gambar.)

10 Meskipun wis ngerti nèk Yésus kuwi Mésias sing dijanjèkké, murid-muridé Yésus isih kudu dibantu bèn ngerti apa sing kudu diutamakké. Wektu kuwi, Pétrus karo Andréas wis dadi muridé Yésus selama beberapa waktu. Meréka karo Yakobus lan Yohanes nduwé bisnis perikanan sing suksès. Tapi bar kuwi, Yésus ngundang meréka kanggo ngetutké Yésus nginjil ing endi-endi. Pétrus karo Andréas gelem ”ninggalké gawéané”. (Mat. 4:​18, 19; Mrk. 1:​16-20) Wektu nggawé keputusan kuwi, meréka mesthi ya mastèkké nèk keluargané tetep kopèn selama meréka mèlu Yésus. Apa sing marakké meréka gelem ngutamakké nglayani bareng Yésus timbang nggolèk dhuwit akèh? Menurut Lukas 5:​5-11 (Wacanen.) Yésus nggawé mukjijat sing marakké meréka yakin nèk Yéhuwah bakal selalu nyedhiakké sing dibutuhké.

Pas Yésus ngundang kanggo dadi muridé, loro nelayan langsung mudhun saka prau. Tapi, para nelayan liyané tetep ing prau karo ndandani jala.

Apa sing isa dipelajari saka carané Yésus mbantu murid-muridé bèn ngerti apa sing kudu diutamakké? (Deloken paragraf 10-11)c


11. Apa sing isa dicritakké bèn imané sing sinau Alkitab isa tambah kuwat?

11 Meskipun ora isa nggawé mukjijat kaya Yésus, tapi awaké dhéwé tetep isa nguwatké imané sing sinau Alkitab kanggo ngutamakké Yéhuwah. Misalé, isa crita pengalaman pas awal-awal mulai teka ing pertemuan ibadah. Merga kuwi, mungkin njenengan kudu nemoni bos lan njelaské nèk kèt wektu kuwi njenengan ora isa kerja lembur nèk jamé ngepasi jadwal pertemuan ibadah. Pas nyritakké kuwi, njenengan ya isa nyritakké piyé imané njenengan dikuwatké merga wis ngrasakké dhéwé nèk Yéhuwah mberkahi pas njenengan ngutamakké Dhèwèké.

12. (a) Wektu mandhu sinau Alkitab, apa manfaaté nèk ngejak sedulur sing béda-béda? (b) Bèn isa mbantu sing sinau Alkitab ngutamakké Yéhuwah, apa manèh sing isa njenengan gunakké? Kèkana conto.

12 Sing sinau Alkitab ya isa dikuwatké imané nèk ngrungokké pengalamané sedulur-sedulur liyané. Makané wektu mandhu sinau Alkitab, ajaken sedulur-sedulur saka macem-macem latar belakang. Kongkonen meréka nyritakké piyé awalé isa kenal Yéhuwah lan apa sing wis dilakukan kanggo ngutamakké Yéhuwah. Sakliyané kuwi, nontona bareng vidéo-vidéo saka buku Bahagia Saklawasé ing bagian ”Sinau Luwih Akèh” utawa ”Bahan Tambahan”. Misalé, pas mbahas Pelajaran 37, tandhesna pokok-pokok penting saka vidéo Yéhuwah Nyukupi Kebutuhanku.

MBANTU SING SINAU ALKITAB NGATASI TANTANGAN

13. Piyé Yésus mbantu murid-muridé bèn ora kagèt wektu ditentang?

13 Yésus wis bola-bali ngandhani nèk murid-muridé bakal dimungsuhi bahkan karo keluarga. (Mat. 5:11; 10:​22, 36) Ora suwé sakdurungé mati, Yésus ngandhani murid-muridé nèk meréka isa waé dipatèni merga nglayani Yéhuwah. (Mat. 24:9; Yoh. 15:20; 16:2) Makané, Yésus ngongkon meréka ngati-ati wektu nginjil. Misalé, nèk ana sing ngèlèk-èlèk kepercayaané, ya aja kepancing kanggo debat. Omongané ya kudu tetep alus bèn isa terus nginjil.

14. Piyé carané mbantu sing sinau Alkitab bèn siap wektu ditentang? (2 Timotius 3:12)

14 Kaya Yésus, kandhanana sing sinau Alkitab hal-hal sing mungkin bakal diomongké utawa dilakukan kanca utawa keluargané sing ora seneng. (Wacanen 2 Timotius 3:12.) Mungkin merga berupaya manut pathokan ing Alkitab, ana kanca kerjané sing ngécé. Bahkan, keluargané ya isa waé ngèlèk-èlèk kepercayaané. Aja nunda-nunda kanggo mbahas soal iki. Soalé, kuwi isa nyiapké dhèwèké bèn ora kagèt wektu ditentang lan ngerti apa sing kudu dilakukan utawa diomongké.

15. Nèk sing nentang kuwi keluargané, njenengan mbantuné piyé?

15 Nèk sing nentang kuwi keluargané, ajaken sing sinau Alkitab mikir ngapa kok keluargané ora seneng. Mungkin keluargané wedi nèk dhèwèké disesatké, utawa mungkin meréka mikir Seksi Yéhuwah kuwi wong sing ora bener. Élingna nèk Yésus waé ya tau dingonokké karo keluargané. (Mrk. 3:21; Yoh. 7:5) Kandhanana sing sinau Alkitab bèn terus sabar lan apikan karo kabèh wong termasuk keluargané.

16. Njenengan isa ngandhani apa waé wektu sing sinau Alkitab arep nyritakké kepercayaané?

16 Tapi, piyé nèk keluargané ana sing berminat? Isa waé sing sinau Alkitab dadi péngin langsung nyritakké kabèh sing dhèwèké pelajari. Tapi nèk ngono, mengko keluargané dadi bingung lan akhiré wegah ngrungokké manèh. Makané, njenengan isa ngélingké bèn nèk crita kuwi sithik-sithik waé lan dilanjutké kesempatan liya. (Kol. 4:6) Terus, njenengan ya isa ngongkon dhèwèké nduduhké situs jw.org bèn keluargané isa nggolèki dhéwé hal-hal sing péngin meréka ngerti soal Seksi Yéhuwah.

17. Piyé carané mbantu sing sinau Alkitab bèn isa njawab nèk mungkin ana sing takon soal Seksi Yéhuwah? (Deloken gambar.)

17 Bèn sing sinau Alkitab isa nyiapké jawaban sing sederhana, bahasen sèri artikel ing jw.org ”Pertanyaan soal Seksi-Seksi Yéhuwah”. (2 Tim. 2:​24, 25) Terus, ing akhir saben pelajaran buku Bahagia Saklawasé, bahasen bagian ”Nèk Ana sing Ngomong” utawa ”Nèk Ana sing Takon”. Kongkonen sing sinau Alkitab njelaské kepercayaané nganggo kata-katané dhéwé. Aja ragu-ragu ngekèki dhèwèké saran. Nèk kerep latihan, dhèwèké bakal luwih siap kanggo njelaské kepercayaané.

Sedulur wédok ngejak latihan sing sinau Alkitab bèn siap nginjil. Latihané nganggo selebaran ”Naséhaté Sapa sing Isa Dipercaya?”

Bèn sing sinau Alkitab siap nginjil, ajaken latihan sik (Deloken paragraf 17-18)d


18. Piyé carané mbantu sing sinau Alkitab bèn isa dadi penginjil sing durung dibaptis? (Matius 10:27)

18 Yésus ngongkon murid-muridé martakké kabar apik kanggo wong akèh. (Wacanen Matius 10:27.) Sakjané, nèk sing sinau Alkitab ndang mèlu nginjil, dhèwèké bakal ngrasakké bantuané Yéhuwah lan dadi semakin ngendelké Yéhuwah. Piyé carané mbantu dhèwèké bèn péngin dadi penginjil? Wektu ing jemaat diumumké bakal ana kegiatan nginjil khusus, misalé mbagèkké undangan Peringatan utawa pertemuan gabungan wilayah, kandhanana carané memenuhi syarat dadi penginjil. Jelasna ngapa kok biasané pas ana kegiatan kaya ngono, nginjil dadi luwih gampang. Semangatana kanggo ndaftar bèn éntuk tugas siswa ing pertemuan ibadah tengah pekan. Mengko ing kono dhèwèké isa belajar carané njelaské kepercayaané.

YAKIN KARO SING SINAU ALKITAB

19. Apa buktiné Yésus yakin karo murid-muridé, lan piyé carané niru Yésus?

19 Sakdurungé mati lan munggah swarga, Yésus ngandhani nèk murid-muridé bakal bareng-bareng manèh karo Yésus. Tapi murid-murid ora paham nèk sing dimaksud Yésus kuwi meréka ya bakal munggah swarga. Tapi meskipun meréka durung paham kabèh sing diomongké Yésus, termasuk soal harapan munggah swarga, Yésus yakin nèk meréka mesthi bakal terus setya. (Yoh. 14:​1-5, 8; 16:12) Kaya Yésus, awaké dhéwé ya kudu yakin nèk sing sinau Alkitab mesthi péngin nggawé Yéhuwah seneng.

Nèk sing sinau Alkitab ndang mèlu nginjil, dhèwèké bakal ngrasakké bantuané Yéhuwah lan dadi semakin ngendelké Dhèwèké

20. Apa buktiné Sedulur Shifa yakin karo Alin?

20 Gatèkna pengalamané Sedulur Shifab ing Malawi. Dhèwèké mandhu sinau Alkitab karo mbak-mbak sing agamané Katolik, jenengé Alin. Bar rampung mbahas Pelajaran 14 buku Bahagia Saklawasé, Shifa takon pendapaté Alin soal nggunakké patung pas ngibadah. Alin malah dadi émosi terus njawab, ”Kuwi terserah aku.” Shifa mikir nèk Alin bakal mandheg sinau. Tapi, Shifa yakin nèk suatu saat Alin bakal paham lan ngetrapké sing dipelajari kuwi. Makané, dhèwèké terus mbantu Alin belajar Alkitab. Beberapa bulan bar kuwi, pas mbahas Pelajaran 34, Shifa takon pertanyaan, ”Selama njenengan sinau Alkitab lan kenal karo Yéhuwah, apa waé berkahé?” Shifa crita, ”Wektu kuwi, Alin nyritakké hal-hal apik sing wis dhèwèké rasakké. Salah sijiné termasuk isa ngerti hal-hal sing marakké Gusti Allah ora seneng, lan Alin ngomong nèk Seksi Yéhuwah wis dadi conto soal kuwi.” Ora suwé bar kuwi, Alin ora nggunakké patung manèh wektu ngibadah lan akhiré dibaptis. Awaké dhéwé ya kudu yakin nèk sing sinau Alkitab mesthi péngin melakukan sing bener.

21. Piyé carané mbantu sing sinau Alkitab bèn akhiré nglayani Yéhuwah?

21 Meskipun sing isa marakké sing sinau Alkitab nggawé kemajuan kuwi Yéhuwah, tapi awaké dhéwé ya nduwé tugas kanggo mbantu. (1 Kor. 3:7) Makané aja mung ngajari soal karepé Gusti Allah, tapi upayakna bèn sing sinau Alkitab semakin sayang Yéhuwah. Bantunen bèn ngerti apa sing kudu diutamakké kanggo mbuktèkké nèk mémang sayang Yéhuwah. Ajarana carané ngendelké Yéhuwah wektu ngadhepi tantangan. Nèk awaké dhéwé yakin dhèwèké mesthi péngin nggawé Yéhuwah seneng, dhèwèké bakal luwih termotivasi kanggo akhiré nglayani Yéhuwah.

APA JAWABANÉ?

  • Piyé carané mbantu sing sinau Alkitab bèn ngerti tantangan sing marakké ora ndang maju?

  • Piyé carané mbantu sing sinau Alkitab bèn semakin sayang karo Yéhuwah?

  • Piyé carané mbantu sing sinau Alkitab bèn ngerti apa sing kudu diutamakké?

LAGU 55 Umat-Ku Aja Wedi

a Loro setengah taun sakwisé nemoni Yésus, Nikodémus isih dadi anggota Mahkamah Agung Yahudi. (Yoh. 7:​45-52) Menurut beberapa ahli sejarah, Nikodémus lagi dadi muridé Yésus sakwisé Yésus mati.—Yoh. 19:​38-40.

b Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

c PENJELASAN GAMBAR: Pétrus lan kanca-kancané ninggalké bisnisé bèn isa mèlu nginjil bareng Yésus.

d PENJELASAN GAMBAR: Sedulur wédok nglatih sing sinau Alkitab kanggo nginjil.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim