PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w25 Juni hlm. 26-31
  • Seumur Hidup Terus Belajar saka Guru sing Hébat

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Seumur Hidup Terus Belajar saka Guru sing Hébat
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • CONTO SING APIK SAKA WONG TUWAKU
  • AWAL-AWAL NGLAYANI SEPENUH WAKTU
  • NGLAYANI DADI UTUSAN INJIL
  • NGLAYANI ING EROPA, TERUS ING AFRIKA
  • NGLAYANI ING TIMUR TENGAH
  • NGLAYANI MANÈH ING AFRIKA
  • Berkahé Yéhuwah Ngluwihi sing Tak Bayangké
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
  • Yéhuwah Wis ’Nggawé Aku Berhasil’
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • Akèh Pelajaran lan Berkah sing Ora Tak Bayangké saka Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Aku Puas lan Bahagia Nglayani Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
w25 Juni hlm. 26-31
Franco Dagostini.

PENGALAMAN

Seumur Hidup Terus Belajar saka Guru sing Hébat

DICRITAKKÉ KARO FRANCO DAGOSTINI

SELAMA nglayani dadi perintis lan utusan injil, aku karo bojoku ngadhepi akèh bahaya. Misalé, kudu ngliwati pos pemeriksaan sing dijaga tentara bersenjata, ngliwati grombolan wong démo sing ngobongi apa-apa, angin topan, perang sipil, lan kudu ngungsi. Tapi kami ora tau menyesal. Yéhuwah selalu ndhukung lan mberkahi kami. Kami ya éntuk akèh banget pelajaran berharga saka Yéhuwah, Guru sing Hébat.—Ayb. 36:22; Yés. 30:20.

CONTO SING APIK SAKA WONG TUWAKU

Akhir 1950-an, wong tuwaku pindhah saka Italia ing Kindersley, Saskatchewan, Kanada. Ora suwé bar kuwi, meréka mulai ngerti ajaran sing bener lan kami sak keluarga mulai nglayani Yéhuwah. Pas aku isih cilik, kami kerep nginjil bareng sedina muput. Pas umur wolu, aku tau ngomong, ”Aku iki perintis ékstra lho.”

Franco pas isih cilik bareng karo wong tuwa lan kakang adhiné.

Karo keluargaku, kira-kira taun 1966

Wong tuwaku ora sugih, tapi meréka dadi conto sing apik soal réla berkorban kanggo Yéhuwah. Misalé taun 1963, bèn isa teka ing pertemuan internasional ing Pasadena, Kalifornia, Amerika Serikat, meréka ngedol akèh barangé. Taun 1972 kami pindhah ing Trail, British Columbia, Kanada, sing adohé kira-kira 1.000 kilomèter. Tujuané kanggo nginjil karo wong-wong sing nganggo basa Italia. Bapakku kerja dadi tukang resik-resik. Dhèwèké ora gelem nampa gawéan sing gajiné gedhé merga péngin fokus ing kegiatan nginjil.

Aku bersyukur banget wong tuwaku dadi conto sing apik kanggo kami anaké papat. Saka meréka, aku belajar nèk ngutamakké Kerajaané Gusti Allah, Yéhuwah bakal ngopèni aku. Kuwi ora bakal tak lalèkké seumur hidupku.—Mat. 6:33.

AWAL-AWAL NGLAYANI SEPENUH WAKTU

Taun 1980, aku nikah karo Debbie, sedulur sing semangat nglayani Yéhuwah. Kami péngin dadi perintis. Dadi, telung sasi bar nikah, Debbie mulai merintis. Terus setaun bar nikah, kami pindhah ing jemaat cilik sing butuh luwih akèh penginjil. Bar kuwi, aku ya mèlu merintis.

Franco lan Debbie pas nikah.

Pas nikah, 1980

Beberapa waktu bar kuwi, kami mulai ora semangat lan péngin pindhah jemaat waé. Tapi kami ngomong sik karo pinituwa wilayah. Dhèwèké ngekèki naséhat sing terus terang tapi apikan. Dhèwèké ngomong, ”Kuwi kabèh bergantung kalian, arep fokus ing hal-hal sing èlèk utawa nggolèki hal-hal sing apik.” Naséhat kuwi bener-bener pas banget kanggo kami. (Mzm. 141:5) Kami langsung ngetrapké lan kagèt merga ternyata mémang ana akèh hal sing apik. Akèh sedulur, termasuk cah-cah enom lan sing bojoné ora seiman, padha péngin berbuat akèh kanggo Yéhuwah. Kami dadi belajar: Kudu selalu nggolèki hal-hal sing apik, lan nèk ana situasi sing ora nyenengké, kudu ngentèni bèn Yéhuwah waé sing ngrampungké. (Mi. 7:7) Kami akhiré semangat manèh, lan situasi sing kami adhepi ya dadi luwih apik.

Ing sekolah perintisé kami sing pertama, para instrukturé wis tau nglayani ing luar negri. Meréka nduduhi foto-foto lan nyritakké tantangan lan berkah-berkah sing meréka rasakké wektu nglayani. Kuwi marakké kami ya péngin. Dadi bar kuwi, kami mulai bercita-cita dadi utusan injil.

Parkiran Balai Ibadah sing bar dikeruk saljuné.

Ing Balai Ibadah ing British Columbia, 1983

Bèn cita-cita kuwi isa ndang kelakon, taun 1984 kami pindhah ing Quebec, sing adohé kira-kira 4.000 kilomèter saka British Columbia. Kami kudu belajar basa Prancis lan adaptasi karo budaya sing anyar. Tantangan liyané, kami kerep kentèkan dhuwit. Pernah wektu kuwi kami mung mangan kentang terus. Kuwi waé éntuké saka petani sing ngijinké kami njupuki sisa ing ladhangé. Tapi, Debbie dadi kréatif banget nggawé masakan saka kentang. Meskipun akèh tantangan, kami isa terus menikmati pelayanan. Kami ya ndelok dhéwé nèk Yéhuwah bener-bener ngopèni.—Mzm. 64:10.

Wektu kuwi, kami ngerti-ngerti ditélpon lan diundang nglayani ing Bètel Kanada. Kami seneng tapi ya rada kecéwa, soalé sakjané kami ndaftaré kanggo Sekolah Giléad. Tapi kami tetep nampa undangan kuwi. Pas tekan ing Bètel, kami takon karo Panitia Cabang sing jenengé Sedulur Kenneth Little. Kami takon, ”Lha terus mengko nèk kami diundang ing Giléad piyé?” Sedulur Kenneth njawab, ”Mengko waé nèk wis ana undangané lagi dipikirké.”

Seminggu bar kuwi, kami éntuk undangané. Dadi, kami kudu nggawé keputusan. Sedulur Kenneth ngandhani kami, ”Ora soal endi sing mbok pilih, mengko ana wektuné mungkin kowé bakal mikir nèk pilihan sing sijiné luwih apik timbang sing mbok pilih saiki. Kabèh padha apiké. Yéhuwah isa mberkahi loro-loroné.” Akhiré, kami nampa undangan kanggo Sekolah Giléad. Sakwisé bertaun-taun, kami ngrasakké dhéwé nèk sing diomongké Sedulur Kenneth kuwi bener. Omongané kerep tak enggo ngandhani sedulur-sedulur sing bingung pas arep milih tugas.

NGLAYANI DADI UTUSAN INJIL

(Kiwa) Ulysses Glass

(Tengen) Jack Redford

Kami seneng banget mèlu Sekolah Giléad kelas ke-83 sasi April 1987, ing Brooklyn, New York. Siswané ana 24. Terus, instruktur utamané Sedulur Ulysses Glass karo Jack Redford. Sekolahé limang sasi lan kami lulus tanggal 6 September 1987. Terus, kami ditugaské ing Haiti bareng karo John lan Marie Goode.

Franco karo Debbie nginjil ing pantai ing Haiti.

Ing Haiti, 1988

Kèt taun 1962, ing Haiti wis ora ana utusan injil manèh. Soalé wektu kuwi meréka padha diusir saka negara kuwi. Nah, telung minggu bar wisuda Giléad, kami mulai nglayani ing Haiti. Kami gabung ing jemaat cilik ing pegunungan sing isiné 35 penginjil. Kami isih enom, durung berpengalaman, lan mung dhèwèkan ing omah utusan injil. Wong-wong ing Haiti padha mlarat banget lan akèh-akèhé ora isa maca. Selama nglayani ing kono, kami wis tau ngadhepi akèh bahaya. Misalé, kerusuhan, konflik politik, démo, lan angin badai.

Kami akèh belajar saka para sedulur ing Haiti. Meskipun situasiné angèl, meréka isa tetep bahagia, sayang Yéhuwah, lan terus semangat nginjil. Ana sedulur wédok lansia sing ora isa maca, tapi isa apal luwih saka 150 ayat Alkitab. Keadaan sing kami delok saben dina malah marakké kami makin semangat kanggo nyritakké nèk mung Kerajaané Gusti Allah sing isa ngrampungi kabèh masalahé manungsa. Kami seneng banget, soalé wong-wong sing tau kami bantu belajar Alkitab akhiré padha dadi perintis biasa, perintis istiméwa, lan pinituwa.

Pas ing Haiti, kami sempet beberapa kali mbahas Alkitab karo cah lanang sing jenengé Trevor, sing ya dadi misionarisé gréja Mormon. Beberapa taun bar kuwi, dhèwèké ngirimi aku surat. Dhèwèké crita nèk arep dibaptis ing pertemuan wilayah sing arep diadakké bar kuwi. Dhèwèké ya péngin bali ing Haiti kanggo nglayani dadi perintis istiméwa ing dhaérah sing mbiyèn dhèwèké layani wektu dadi misionarisé Mormon. Selama bertaun-taun, dhèwèké nglayani ing kono bareng karo bojoné.

NGLAYANI ING EROPA, TERUS ING AFRIKA

Franco ing ruangané.

Nglayani ing Slovenia, 1994

Merga situasi ing Eropa wis luwih aman dienggo nginjil, makané kami ditugaské ing kana. Taun 1992 kami tekan ing Ljubljana, Slovenia. Kuwi cedhak dhaérah asalé wong tuwaku, sakdurungé meréka pindhah ing Italia. Wektu kuwi, isih ana perang ing dhaérah-dhaérah bekas Yugoslavia. Nah, sing ngawasi kegiatan nginjil ing kono kuwi kantor cabang ing Wina (Austria), Zagreb (Kroasia), lan Beograd (Serbia). Saiki, ing saben negara kuwi nduwé fasilitas Bètel dhéwé-dhéwé.

Ing Slovenia, kami kudu menyesuaikan diri karo budaya lan basa sing anyar. Bahkan wong-wong ing kono waé ngakoni nèk basané angèl. Tapi kami kagum karo para sedulur sing selalu siap manut nèk ana perubahan saka organisasi. Kami ya ndelok dhéwé piyé Yéhuwah mberkahi upayané meréka. Kami dadi diélingké manèh pelajaran sing penting: Nèk ana sesuatu sing ora bener, Yéhuwah bakal ngluruské kuwi nèk wis wektuné. Ana akèh sing kami pelajari selama ing Slovenia, tapi hal-hal sing wis kami pelajari sakdurungé ya memperlengkapi kami selama nglayani ing kéné.

Isih ana akèh perubahan sing kami alami. Taun 2000 kami ditugaské ing Pantai Gading, Afrika Barat. Terus merga perang sipil, sasi November 2002 kami ngungsi ing Sierra Leone. Perang sipil sing kelakon ing kono selama 11 taun lagi waé rampung. Ora gampang rasané ngerti-ngerti dikon pindhah saka Pantai Gading. Tapi, apa sing wis kami pelajari selama ing kono isa marakké kami tetep bahagia.

Saiki, kami fokusé nggatèkké wong-wong sing péngin ngerti ajaran sing bener lan para sedulur sing wis setya bertaun-taun selama perang. Meréka mlarat banget, tapi seneng berbagi. Ana siji sedulur wédok sing ngekèki Debbie beberapa pakaian. Awalé, Debbie pekéwuh mèh nampa. Tapi sedulur kuwi ngomong, ”Selama perang, sedulur-sedulur saka negara liya wis mbantu kami. Nah, saiki gilirané kami.” Aku karo Debbie dadi péngin niru meréka.

Kami akhiré bali ing Pantai Gading, tapi ternyata ana kerusuhan manèh. Dadi sasi November 2004 kami kudu ngungsi. Kami numpak hèlikopter, terus aku karo Debbie masing-masing mung nggawa sak tas. Benginé, kami turu ing lantai ing pangkalan militèr Prancis. Sésuké, kami mangkat manèh numpak hèlikopter. Kami tekan ing kantor cabang Swiss pas tengah wengi. Tapi, Panitia Cabang lan instruktur Sekolah Pelatihan Pelayanan bareng karo bojoné nyambut kami. Meréka meluk kami, ngekèki panganan sing isih anget, lan akèh banget coklat Swiss. Kami bener-bener ngrasa disayangi.

Franco nyampèkké ceramah ing Balai Ibadah ing Pantai Gading.

Nyambut para pengungsi ing Pantai Gading, 2005

Sakwisé kuwi, kami éntuk penugasan sementara ing Ghana. Bar situasiné wis luwih aman, kami bali manèh nglayani ing Pantai Gading. Sing marakké kami isa terus bertahan kuwi merga para sedulur sing apikan lan seneng mbantu. Meskipun hal-hal kaya ngono kuwi wis biasa ing antarané umaté Yéhuwah, aku karo Debbie bertékad ora bakal nganggep kuwi sesuatu sing biasa waé. Malah kami dadi sadhar nèk selama masa-masa sing sulit kuwi, kami éntuk pelatihan sing berharga saka Yéhuwah.

NGLAYANI ING TIMUR TENGAH

Franco karo Debbie ngunjungi reruntuhan bangunan kuna ing Timur Tengah.

Ing Timur Tengah, 2007

Taun 2006 kami éntuk surat saka kantor pusat lan ditugaské kanggo nglayani ing Timur Tengah. Kuwi berarti kami bakal ngrasakké tantangan lan pengalaman anyar, lan ya kudu belajar basa lan budaya anyar. Ing kono ana akèh konflik politik lan agama. Tapi ing jemaat ana akèh sedulur sing basané béda-béda lan tetep bersatu merga manut arahané organisasi. Para sedulur ya padha kendel meskipun ditentang keluarga, kanca sekolah, kanca kerja, lan tangga-tangga. Kami dadi éntuk akèh pelajaran sing berharga.

Taun 2012 kami teka ing pertemuan istiméwa ing Tel Aviv, Israel. Iki pertama kaliné Seksi Yéhuwah ngadakké pertemuan sing hadiriné akèh banget sejak Péntakosta 33 M. Kuwi bener-bener peristiwa sing bakal terus diéling-éling.

Selama nglayani ing Timur Tengah, kami pernah dikon ngunjungi negara sing kegiatan nginjilé dilarang. Kami nggawa beberapa publikasi, mèlu nginjil, lan teka ing pertemuan-pertemuan wilayah. Meskipun kudu ngliwati akèh pos pemeriksaan sing dijaga tentara bersenjata, kami tetep ngrasa aman merga terus ngati-ati lan ing endi-endi dikancani beberapa sedulur.

NGLAYANI MANÈH ING AFRIKA

Franco ngetik ing laptopé.

Lagi nyiapké ceramah ing Kongo, 2014

Taun 2013 kami ditugaské nglayani ing kantor cabang ing Kinshasa, Kongo. Negara kuwi luas banget lan indah. Tapi, ana akèh kemiskinan lan perang. Awalé, kami mikir adaptasiné mengko mesthi luwih gampang merga wis tau manggon ing Afrika. Tapi ternyata bahkan kanggo lunga ing endi-endi ora gampang. Soalé dalan-dalan lan jembatan waé durung dibangun. Tapi kami ya ndelok ana akèh hal apiké. Misalé, para sedulur sing pantang menyerah lan terus bahagia meskipun ngadhepi kesulitan ékonomi. Meréka ya seneng nginjil lan terus rajin teka ing pertemuan rohani. Kami ndelok dhéwé nèk kegiatan nginjil ya terus maju merga dhukungan lan berkahé Yéhuwah. Ana akèh pelajaran penting sing kami éntuk selama bertaun-taun nglayani ing Kongo. Kami ya dadi éntuk akèh sedulur sing kaya keluarga.

Franco nginjil, mlaku ing désa-désa bareng karo para sedulur.

Nginjil ing Afrika Selatan, 2023

Ing akhir taun 2017, kami ditugaské ing Afrika Selatan. Iki kantor cabang sing paling gedhé sing pernah kami layani. Ing kéné, kami ya éntuk tugas sing bener-bener anyar. Sepisan manèh, mémang isih ana akèh sing kudu kami pelajari. Tapi, hal-hal sing mbiyèn kami pelajari ya bermanfaat kanggo tugas sing saiki. Ing Bètel kami isa kenal karo akèh sedulur sing wis setya nglayani Yéhuwah selama puluhan taun. Terus, meskipun asalé saka akèh budaya lan suku, anggota keluarga Bètel ing kéné isa terus rukun lan bersatu. Kuwi kabèh merga meréka berupaya nduwé sifat-sifat sing apik lan ngetrapké pathokan ing Alkitab, lan Yéhuwah ya mberkahi meréka.

Selama bertaun-taun, aku karo Debbie wis ngrasakké akèh tugas sing nyenengké. Kami kudu adaptasi karo budaya sing macem-macem lan belajar basa anyar. Meskipun ora selalu gampang, kami ngrasakké kasih sayangé Yéhuwah liwat para sedulur lan organisasiné. (Mzm. 144:2) Kami nganggep nèk sing wis kami pelajari selama nglayani sepenuh waktu kuwi sakjané pelatihan dienggo kami.

Aku bersyukur banget merga wong tuwaku wis ngajari aku, bojoku selalu ndhukung aku, lan para sedulur ing sak donya ya terus ngekèki conto sing apik. Aku karo Debbie bertékad seumur hidup péngin terus belajar lan dilatih karo Yéhuwah, Guru sing Hébat.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim