PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w25 Desember hlm. 14-19
  • Ayo Niru Sifat Rendah Hatiné Yéhuwah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ayo Niru Sifat Rendah Hatiné Yéhuwah
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • YÉHUWAH GAMPANG DICEDHAKI
  • YÉHUWAH KUWI PANGERTÈN LAN ORA KAKU
  • YÉHUWAH KUWI SABAR
  • YÉHUWAH NGANGGEP PENTING WONG SING DIRÈMÈHKÉ
  • Piyé Bèn Pandhangané Awaké Dhéwé Padha Kaya Yéhuwah lan Yésus?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Rendah Hati Ngakoni Nèk Ana Hal-Hal sing Awaké Dhéwé Ora Ngerti
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Bahagia Merga Seneng Ngekèki
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Nggawé Keputusan sing Mbuktèkké Nèk Ngendelké Yéhuwah
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
w25 Desember hlm. 14-19

ARTIKEL PELAJARAN 50

LAGU 48 Manuta Yah Saben Dina

Ayo Niru Sifat Rendah Hatiné Yéhuwah

”Kowé kudu niru Gusti Allah merga kowé anak-anaké sing ditresnani.”—ÉF. 5:1.

INTI

Papat cara niru sifat rendah hatiné Yéhuwah.

1. Ngapa kok sifat rendah hatiné Yéhuwah kuwi luar biasa?

SIFAT rendah hatiné Yéhuwah kuwi luar biasa. Soalé, akèh-akèhé wong jaman saiki nèk wis nduwé kuwasa biasané ora rendah hati. Tapi nèk Yéhuwah, meskipun mahakuwasa, Dhèwèké rendah hati. (Mzm. 113:​5-8) Yéhuwah kuwi sing paling rendah hati. Dhèwèké babar blas ora nduwé sifat sombong. Ing artikel iki bakal dibahas papat cara Yéhuwah nduduhké sifat rendah hatiné lan piyé Yésus niru sifat rendah hatiné Yéhuwah. Nèk mempelajari papat hal kuwi, mengko awaké dhéwé isa tambah cedhak karo Yéhuwah lan isa dadi tambah rendah hati.

YÉHUWAH GAMPANG DICEDHAKI

2. Saka Mazmur 62:​8, apa sing isa dipelajari soal Yéhuwah? (Deloken gambar.)

2 Wong sing sombong biasané ora gampang dicedhaki. Merga nganggep wong liya luwih rendah, meréka biasané kasar karo wong liya. Makané, wong liya wegah cedhak-cedhak karo meréka. Tapi, Yéhuwah babar blas ora kaya ngono. Yéhuwah malah ngundang kabèh wong nyritakké kabèh sing dirasakké lan dipikirké liwat donga. (Wacanen Mazmur 62:8.) Kaya bapak sing perduli, sing bener-bener péngin ngerti sing dirasakké lan dikuwatirké anak-anaké, Yéhuwah ya péngin banget ngrungokké dongané umaté. Bahkan, donga-donga kaya ngono akèh sing ditulis ing Alkitab. Kuwi bukti nèk Yéhuwah bener-bener gampang dicedhaki. (Yos. 10:​12-14; 1 Sam. 1:​10-18) Tapi, piyé nèk kadhang ngrasa ora pantes ndonga karo Yéhuwah merga tau nggawé akèh kesalahan?

Bapak ngrungokké tenanan anaké lanang sing lagi njelaské nèk dhèwèké bar mecahké vas bunga pas dolanan pesawat-pesawatan. Bapaké ora kétok nesu.

Merga niru Yéhuwah sing rendah hati, bapak gelem ngrungokké anaké lanang sing bar mecahké vas wektu dolanan (Deloken paragraf 2)


3. Ngertiné saka endi nèk Yéhuwah péngin njenengan ora wedi kanggo ndonga?

3 Meskipun ngrasa ora pantes disayang Yéhuwah, yakina nèk Yéhuwah péngin njenengan terus ndonga karo Dhèwèké. Ngertiné saka endi? Ing perumpamaané Yésus soal anak sing ilang, Yéhuwah dipadhakké kaya Bapak sing penyayang. Bar melakukan akèh kesalahan, anaké lanang ngrasa nèk ora bakal diampuni lan ditampa manèh karo bapaké. Tapi pas anak kuwi mulih, bapaké piyé? Yésus ngomong, ”Pas [anak kuwi] isih adoh, . . . bapaké mlayu, ngrangkul, terus ngambung dhèwèké.” (Luk. 15:​17-20) Yéhuwah kaya bapak kuwi. Wektu umaté sing sedhih banget merga menyesali kesalahané ndonga karo Dhèwèké, Yéhuwah langsung nggatèkké tenanan. (KP. 3:​19, 20) Kaya bapak sing ngrasa mesakké terus langsung mlayu marani anaké mau, Yéhuwah ya ngyakinké nèk Dhèwèké sayang lan berupaya menghibur. (Yés. 57:15) Kerep-kerepé Yéhuwah melakukan kuwi liwat para pinituwa, anggota keluarga sing seiman, lan sedulur seiman. (Yak. 5:​14, 15) Yéhuwah péngin umaté terus cedhak karo Dhèwèké.

4. Apa buktiné nèk Yésus gampang dicedhaki?

4 Yésus niru Bapaké. Kaya Yéhuwah, Yésus kuwi rendah hati. Makané pas ing bumi, wong-wong ora sungkan nyedhaki Yésus. Meréka ya ora wedi takon-takon karo Yésus. (Mrk. 4:​10, 11) Terus, pas Yésus takon karo meréka, meréka ya ora ragu-ragu nyampèkké pendapaté. (Mat. 16:​13-16) Bahkan wektu melakukan kesalahan, meréka ora wedi bakal disenèni. Meréka ngerti nèk Yésus apikan, gampang mesakké, lan sabar. (Mat. 17:​24-27) Merga Yésus bener-bener niru Bapaké, murid-muridé ya dadi luwih kenal karo Yéhuwah. (Yoh. 14:9) Meréka dadi ngerti nèk Yéhuwah kuwi rendah hati lan gampang dicedhaki, ora kaya para pemimpin agama sing kasar, sombong, lan ora perduli karo wong liya.

5. Nèk rendah hati, ngapa kok isa dadi gampang dicedhaki?

5 Awaké dhéwé niru Yéhuwah. Nèk ora rendah hati, isa dadi gampang mèri, ngrasa luwih unggul, lan ora seneng ngampuni. Hal-hal kuwi marakké wong liya ora gelem cedhak karo awaké dhéwé. Tapi nèk rendah hati, mengko bakal apikan, sabar, lan seneng ngampuni. Hal-hal kuwi marakké wong dadi péngin nyedhak lan kancanan karo awaké dhéwé. (Kol. 3:​12-14) Sing terutama kudu gampang dicedhaki kuwi para pinituwa. Bèn para pinituwa gampang dicedhaki, meréka kudu kerep ana bareng para sedulur. Kuwi berarti, timbang teka ngibadah liwat konferénsi vidéo, isa ngupayakké kanggo teka ing Balai Ibadah. Terus, para pinituwa ya isa ngupaya janjian karo para sedulur kanggo nginjil ing omah-omah. Hasilé, para sedulur bakal luwih kenal karo para pinituwa lan isa leluasa crita wektu butuh bantuan.

YÉHUWAH KUWI PANGERTÈN LAN ORA KAKU

6-7. Kèkana conto piyé Yéhuwah nduduhké nèk ora kaku.

6 Merga sombong, akèh wong saiki rumangsa sing paling ngerti sak kabèhé nganti ora gelem nampa saran saka wong liya. Tapi, Yéhuwah kuwi rendah hati. Meskipun ngerti sing paling apik kanggo manungsa, Yéhuwah ora kaku. Dhèwèké gelem ngrungokké pendapaté manungsa lan gelem ngubah keputusané. Misalé, wektu kuwi Miriam karo Harun protès soal Musa. Tapi Musa kan wakilé Yéhuwah, dadi sing meréka lakukan kuwi sakjané padha waé ora ngajèni Yéhuwah. Akibaté, Yéhuwah nesu, terus ngukum Miriam nganggo kusta. Bar kuwi, Harun njaluk tulung karo Musa. Terus Musa njaluk bèn Yéhuwah marèkké Miriam. Piyé tanggepané Yéhuwah? Wong nèk sombong mesthi ora bakal berubah pikiran. Tapi Yéhuwah rendah hati lan ora kaku, makané gelem ngrungokké Musa lan marèkké Miriam.—Wi. 12:​1-15.

7 Yéhuwah ya nduduhké nèk Dhèwèké ora kaku wektu gelem ngrungokké Raja Hizkia. Liwat Nabi Yésaya, Yéhuwah wis ngandhani nèk Hizkia bakal mati. Hizkia nangis, terus njaluk dimarèkké. Yéhuwah ngrungokké dongané lan ngandhani nèk umuré bakal ditambahi 15 taun manèh. (2 Raj. 20:​1, 5, 6) Merga rendah hati lan ora kaku, Yéhuwah dadi gampang mesakké lan gelem ngrungokké.

8. Apa waé contoné Yésus niru Bapaké? (Markus 3:​1-6)

8 Yésus niru Bapaké. Wektu ing bumi, kapan pun Yésus ndelok ana sing butuh bantuan, mesthi langsung mbantu. Bahkan pas dina Sabat, Yésus gelem marèkké wong meskipun menurut para pemimpin agama kuwi ora éntuk. Kuwi bukti nèk Yésus pangertèn lan ora kaku. (Wacanen Markus 3:​1-6.) Saiki, Yésus ya ora kaku wektu ngekèki arahan kanggo jemaat-jemaat. Misalé, nèk ana sing melakukan dosa gedhé, Yésus tetep sabar karo wong kuwi makané tetep dikèki kesempatan kanggo ngubah kelakuané.—Why. 2:​2-5.

9. Apa waé contoné awaké dhéwé niru Yéhuwah? (Deloken gambar.)

9 Awaké dhéwé niru Yéhuwah. Nèk rendah hati, kudu ngupaya pangertèn, ora kaku, lan seneng ngalah. (Yak. 3:17) Misalé, wong tuwa ora bakal berharap sing muluk-muluk saka anaké. Contoné ing Alkitab kuwi Yakub. Ing Purwaning Dumadi 33:​12-14, Yakub nduduhké nèk bener-bener mikirké kesanggupané anak-anaké. Wong tuwa sing ora seneng nuntut ya ora bakal mbandhing-mbandhingké anak sing siji karo anak liyané. Para pinituwa ya kudu seneng ngalah. Misalé, pas rapat, terus keputusan sing disetujui akèh-akèhé wong kuwi ora padha kaya sing dikarepké, tapi kuwi ora nglanggar pathokan ing Alkitab, ya kudu gelem ngalah lan ndhukung keputusan kuwi. (1 Tim. 3:​2, 3) Sakliyané kuwi, nèk ana perbédaan pendapat, awaké dhéwé kabèh isa berupaya memahami pandhangan lan perasaané wong liya. (Rm. 14:1) Dadi, kabèh wong ing jemaat kudu ’nduduhké nèk seneng ngalah’.—Flp. 4:5.

Gambar: Bapak nginjil ing omah-omah karo anak-anaké sing isih cilik. 1. Dhèwèké senyum pas anaké lanang nawakké brosur ”Bahagia Saklawasé”. 2. Bar kuwi, dhèwèké senyum pas anaké wédok ngekèki kartu kontak jw.org.

Bapak sing ora berharap muluk-muluk saka anaké soal nginjil (Deloken paragraf 9)


YÉHUWAH KUWI SABAR

10. Apa waé buktiné Yéhuwah sabar?

10 Wong sing sombong biasané ora sabaran lan ora gelem nunggu. Tapi Yéhuwah ora kaya ngono. Ora ana liyané sing sabaré kaya Yéhuwah. Misalé, pas jamané Nuh, Yéhuwah gelem ngentèni nganti 120 taun sakdurungé ngukum wong jahat. (PD. 6:3) Nuh dadi isa nggedhèkké anak-anaké lan akhiré mbangun bahterané isa dibantu keluargané. Terus, wektu arep ngancurké Sodom lan Gomora, Yéhuwah gelem sabar ngrungokké Abraham sing bola-bali takon. Nèk misalé sombong, mungkin Yéhuwah bakal ngomong, ”Wis ora usah takon-takon. Aku ngerti kudu piyé”. Tapi merga Yéhuwah rendah hati, Yéhuwah sabar karo Abraham.—PD. 18:​20-33.

11. Kaya sing disebutké ing 2 Pétrus 3:​9, ngapa kok Yéhuwah isih terus sabar nganti saiki?

11 Nganti saiki, Yéhuwah ya isih terus sabar. Dhèwèké gelem nunggu wektu sing wis Dhèwèké tentokké kanggo nyingkirké donya iki. Kuwi dilakukan Yéhuwah merga ”ora péngin ana wong sing disingkirké. Dhèwèké péngin kabèh wong bertobat”. (Wacanen 2 Pétrus 3:9.) Merga Yéhuwah sabar, ana jutaan wong sing akhiré isa kenal lan dadi kancané Yéhuwah, lan berharapé bakal tambah luwih akèh manèh. Tapi, Yéhuwah ora bakal terus-terusan sabar. Meskipun Yéhuwah sayang karo manungsa, wong jahat ora bakal terus-terusan dijarké sak karepé dhéwé. Nèk wis wektuné, meréka bakal disingkirké.—Hab. 2:3.

12. Apa buktiné nèk Yésus sabar kaya Yéhuwah?

12 Yésus niru Bapaké. Selama éwonan taun, Yésus ya sabar kaya Yéhuwah. Selama wektu kuwi, Yésus wis ndelok Sétan terus-terusan nudhuh Yéhuwah lan umaté sing setya. (PD. 3:​4, 5; Ayb. 1:11; Why. 12:10) Yésus ya wis ndelok akèh wong menderita. Hal-hal kuwi mesthi marakké Yésus ndang selak péngin ”nyingkirké kabèh tumindaké Iblis”. (1 Yoh. 3:8) Tapi, Yésus gelem nunggu wektuné nganti Yéhuwah ngongkon dhèwèké melakukan kuwi. Salah siji alesané Yésus sabar ngentèni kuwi merga Yésus rendah hati. Dhèwèké ngerti nèk mung Yéhuwah sing berhak nentokké kapan wektuné kanggo melakukan kuwi.—Kis. 1:7.

13. Apa buktiné nèk Yésus sabar karo para rasulé lan apa alesané?

13 Pas ing bumi, Yésus ya sabar karo para rasulé. Meskipun para rasulé bola-bali padu soal sapa sing paling penting, Yésus terus sabar lan ora nyerah mbantu meréka. (Luk. 9:46; 22:​24-27) Yésus yakin nèk murid-muridé bakal dadi luwih rendah hati. Apa njenengan ya tau bola-bali nggawé kesalahan sing padha? Njenengan mesthi bersyukur banget merga nduwé Raja sing sabar lan ora nyerah mbantu njenengan.

14. Piyé bèn isa luwih sabar?

14 Awaké dhéwé niru Yéhuwah. Bèn pikiran lan perbuatan isa saya mirip karo Yéhuwah, awaké dhéwé kudu ”nduwé pikirané Kristus”. (1 Kor. 2:16) Bèn isa nduwé pikirané Kristus, kudu rajin maca kisahé Yésus sing ditulis ing papat Injil. Terus, ya kudu nyisihké wektu kanggo ngrenungké sing dilakukan Yésus lan ngapa kok dhèwèké nganti melakukan kuwi. Sakliyané kuwi, ya kudu ndonga njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa luwih rendah hati lan sabar kaya Yésus. Semakin mirip pikirané karo Kristus, mengko ya dadi isa sabar kaya Yéhuwah. Sabaré ora mung karo wong liya tapi ya karo diri sendiri.—Mat. 18:​26-30, 35.

YÉHUWAH NGANGGEP PENTING WONG SING DIRÈMÈHKÉ

15. Apa buktiné nèk Yéhuwah ”ngangkat wong cilik”? (1 Samuèl 2:8)

15 Wacanen 1 Samuèl 2:8. Yéhuwah sing Mahakuwasa ing alam semesta iki gelem ”ngangkat wong cilik”. Ing Alkitab ana wong-wong jaman mbiyèn sing bahkan mungkin awaké dhéwé ora terlalu ngerti soal meréka, tapi kisahé meréka ditulis ing Alkitab. Misalé, wong wédok sing jenengé Débora. Dhèwèké kuwi pembantu sing wis ngabdi selama kira-kira 125 taun ing keluargané Ishak lan Yakub. Meskipun awaké dhéwé ora ngerti akèh soal Débora iki, tapi Yéhuwah mastèkké bèn Musa nulis nèk Débora iki wong sing disayangi. (PD. 24:59; 35:​8, cathetan ngisor) Atusan taun bar kuwi, gembala sing isih enom sing jenengé Daud dipilih Yéhuwah kanggo dadi rajané Israèl. (2 Sam. 22:​1, 36) Terus, ora suwé sakwisé Yésus lair, sing pertama dikandhani sik nèk Mésias wis lair ing Bètlehèm kuwi para gembala. Yéhuwah nganti ngongkon malaékaté kanggo ngandhani meréka. (Luk. 2:​8-11) Terus, wektu Yusuf lan Maria nggawa Yésus ing bait, Yéhuwah ngekèki kesempatan istiméwa kanggo loro lansia, yaiku Siméon lan Hana, kanggo ndelok Kristus. (Luk. 2:​25-30, 36-38) Kuwi kabèh bukti nèk Yéhuwah bener-bener menghargai wong sing dianggep ora penting.

16. Piyé Yésus niru Yéhuwah wektu memperlakukan wong liya?

16 Yésus niru Bapaké. Kaya Yéhuwah, Yésus ora ngrèmèhké wong-wong sing ora dianggep penting karo wong liya. Yésus gelem mulang ’wong biasa lan sing sekolahé ora dhuwur’ soal Kerajaané Gusti Allah. (Kis. 4:13; Mat. 11:25) Terus wektu marèkké wong lara, Yésus ora mung nambani larané, tapi ya nggawé wong kuwi ngrasa disayangi lan diajèni. (Luk. 5:13) Ing bengi sakdurungé mati, Yésus ya ngwijiki sikilé para rasulé padahal kuwi sakjané tugasé budhak. (Yoh. 13:5) Terus sakdurungé munggah swarga, Yésus ngekèki kabèh muridé, termasuk awaké dhéwé, tugas sing penting banget yaiku mbantu wong-wong bèn isa urip saklawasé.—Mat. 28:​19, 20.

17. Apa buktiné nèk nganggep penting wong liya? (Deloken gambar.)

17 Awaké dhéwé niru Yéhuwah. Nèk gelem nginjil karo kabèh wong ora soal latar belakangé, werna kulité, utawa tingkat pendidikané, kuwi bukti nèk awaké dhéwé nganggep penting wong liya. Sakliyané kuwi, meskipun nduwé luwih akèh tugas tambahan utawa isa melakukan sesuatu luwih apik timbang para sedulur, ya kudu tetep nduduhké nèk sayang lan ngajèni meréka. (Flp. 2:3) Yéhuwah seneng nèk awaké dhéwé rendah hati lan terus ngupaya ”luwih dhisik ngajèni liyané”.—Rm. 12:10; Zéf. 3:12.

Loro sedulur wédok mandhu pelajaran Alkitab karo wong wédok sing dipenjara.

Gelem nyritakké kabar apik karo sapa waé kuwi bukti niru Yéhuwah sing rendah hati (Deloken paragraf 17)a


18. Apa manfaaté nèk terus niru sifat rendah hatiné Yéhuwah?

18 Nèk ngupaya niru Yéhuwah kanggo rendah hati, mengko ya bakal dadi wong sing luwih gampang dicedhaki, luwih sabar, luwih pangertèn lan ora kaku. Kaya Yéhuwah, mengko ya isa menghargai kabèh wong. Élinga, nèk tambah cedhak karo Yéhuwah lan tambah rendah hati, awaké dhéwé bakal dadi tambah berharga kanggoné Yéhuwah.—Yés. 43:4.

APA JAWABANÉ?

  • Ngapa kok nèk rendah hati isa marakké dadi luwih gampang dicedhaki?

  • Ngapa kok nèk rendah hati isa marakké dadi luwih pangertèn lan ora kaku?

  • Ngapa kok nèk rendah hati isa marakké dadi luwih sabar?

LAGU 159 Pujinen Yah Saben Dina

a PENJELASAN GAMBAR: Sedulur-sedulur wédok ngajari wong-wong wédok ing penjara soal Alkitab.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim