PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w16 Mei hlm. 21-26
  • Apa Alkitab Isih Terus Ndandani Urip Panjenengan?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Alkitab Isih Terus Ndandani Urip Panjenengan?
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • PANJENENGAN ISA NYENENGKÉ YÉHUWAH
  • APA SEBABÉ ANGÈL DITINDAKKÉ?
  • TERUS NGUPAYA NDANDANI URIP NGANGGO ALKITAB
  • PIKIREN BERKAHÉ
  • ”Nyingkirké Kepribadian sing Lawas”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
  • ”Kowé Kudu Ngubah Pikiranmu”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Apa Panjenengan Perlu Ngabdi marang Yéhuwah Luwih Apik Manèh?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Terus Nganggo ”Kepribadian sing Anyar” Sakwisé Dibaptis
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
w16 Mei hlm. 21-26
Wong lanang padu wektu judhi, dibaptis, ning banjur ngunèk-ngunèkké sedulur seiman ing Balè Ibadah

Apa Alkitab Isih Terus Ndandani Urip Panjenengan?

”Padha salina marga saka budimu kaanyaraké.”​—RM. 12:2.

LAGU: 29, 52

APA JAWABANÉ?

  • Sakwisé dibaptis, apa sebabé awaké dhéwé kudu terus ngupaya ndandani urip?

  • Apa sebabé Gusti Allah péngin awaké dhéwé ngupaya tenanan nglawan pikiran lan tumindak sing salah?

  • Awaké dhéwé kudu ngapa bèn isa terus ngupaya nindakké pathokané Alkitab?

1-3. (a) Pikiran lan tumindak apa sing mbokmenawa isih angèl didandani sakwisé dibaptis? (b) Pitakonan-pitakonan apa waé sing mbokmenawa dipikirké merga angèl nindakké pathokané Alkitab? (Deloken gambar ndhuwur.)

MBIYÈN, Yanto seneng judhi, ngrokok, mabuk, lan nganggo narkoba.[1] (Deloken katrangan ing kaca 26.) Banjur, dhèwèké sinau bab Yéhuwah lan péngin dadi kanca akrabé. Ning, bèn isa nindakké kuwi, dhèwèké kudu ngupaya tenanan ngowahi uripé. Kuwi kabèh isa kelakon merga bantuané Yéhuwah lan kwasané Alkitab.​—Ib. 4:​12.

2 Sakwisé dibaptis, Yanto isih kudu ndandani sipat-sipaté, bèn isa dadi wong Kristen sing luwih apik. (Éf. 4:31, 32) Contoné, dhèwèké gampang nesu. Dhèwèké ora nyangka nèk upaya bèn ora gampang nesu kuwi jebulé angèl banget. Yanto kandha nèk upaya bèn ora gampang nesu kuwi luwih angèl, timbang upaya ora nglakoni manèh tumindak bejat sakdurungé dibaptis. Ning, dhèwèké isa ngowahi uripé merga njaluk bantuané Yéhuwah lan sinau Alkitab.

3 Sakdurungé dibaptis, akèh-akèhé awaké dhéwé kudu tenanan ngowahi urip bèn isa cocog karo pathokané Alkitab. Malah, nganti saiki awaké dhéwé ngerti nèk isih ana sing kudu didandani bèn isa niru Gusti Allah lan Yésus. (Éf. 5:​1, 2; 1 Pt. 2:​21) Contoné, mbokmenawa awaké dhéwé kakèhan sambat, seneng ngrasani, ngèlèk-èlèk wong liya, utawa kuwatir nèk wong liya mikir lan ngomong sing èlèk bab awaké dhéwé. Mbokmenawa awaké dhéwé wis pirang-pirang taun ngupaya, ning tetep waé nindakké kesalahan sing padha, banjur mikir, ’Kok isih angèl banget ya ndandani pikiran lan tumindakku? Aku kudu ngapa ya bèn isa terus ndandani pikiran lan tumindakku bèn cocog karo pathokané Alkitab?’

PANJENENGAN ISA NYENENGKÉ YÉHUWAH

4. Apa sebabé kadhang kala awaké dhéwé ora isa terus nyenengké Yéhuwah?

4 Awaké dhéwé nresnani Yéhuwah, lan saktulusing ati péngin nyenengké Yéhuwah. Ning, kadhang kala ora isa terus nyenengké Yéhuwah merga awaké dhéwé ora sampurna. Kadhang kala, awaké dhéwé rumangsa kaya rasul Paulus sing kandha, ”Aku kepéngin nindakaké sing becik, nanging aku ora bisa nglakoni.”​—Rm. 7:​18, Basa Jawi Padintenan; Yb. 3:2.

5. Sakdurungé dibaptis, awaké dhéwé kudu mandheg nindakké apa? Ning, apa sing kudu terus diupayakké nganti saiki?

5 Sakdurungé dibaptis, awaké dhéwé kudu mandheg nindakké kabèh sing disengiti Yéhuwah. (1 Kr. 6:​9, 10) Ning, awaké dhéwé isih ora sampurna. (Kl. 3:​9, 10) Mula, awaké dhéwé isih isa nggawé salah, senajan wis pirang-pirang taun dibaptis. Mbokmenawa, awaké dhéwé isih nduwé utawa rumangsa angèl nglawan pikiran, perasaan, lan tumindak sing salah. Lan, mbokmenawa kuwi wis diupayakké pirang-pirang taun.

6, 7. (a) Apa sebabé awaké dhéwé tetep isa kekancan karo Yéhuwah senajan ora sampurna? (b) Apa sebabé awaké dhéwé ora perlu ragu-ragu njaluk ngapura marang Yéhuwah?

6 Senajan ora sampurna, awaké dhéwé tetep isa ngabdi lan dadi kanca akrabé Yéhuwah. Terusa ngéling-éling pas sepisanan dadi kancané Yéhuwah. Mung Yéhuwah sing nggatèkké sipat-sipat apik panjenengan, lan péngin panjenengan dadi kancané. (Yo. 6:​44) Senajan ngerti nèk panjenengan bakal nduwé pikiran lan tumindak salah, Yéhuwah tetep péngin panjenengan dadi kanca akrabé.

7 Yéhuwah tresna banget karo awaké dhéwé, nganti ngekèki hadiah sing aji, yaiku putrané, Yésus, kanggo nebus dosané manungsa. (Yo. 3:​16) Nèk nggawé salah, awaké dhéwé isa njaluk ngapura marang Yéhuwah. Awaké dhéwé percaya nèk bakal diapura lan isa tetep dadi kancané Yéhuwah, merga anané tebusan. (Rm. 7:​24, 25; 1 Yo. 2:1, 2) Yésus séda kanggo manungsa sing gelem mertobat. Mula, nèk rumangsa nindakké salah, awaké dhéwé kudu terus ndonga njaluk ngapura marang Yéhuwah. Nèk ora, kuwi kaya ora gelem wisuh wektu tangané awaké dhéwé reged. Yéhuwah gelem lan péngin kekancan, senajan awaké dhéwé ora sampurna. Kuwi bener-bener nrenyuhké ati.​—Wacanen 1 Timotéus 1:​15.

Bèn saya akrab, awaké dhéwé kudu terus ngupaya niru Yéhuwah lan Yésus

8. Apa sebabé awaké dhéwé aja nganti nganggep pikiran lan tumindak salah kuwi mung sepélé?

8 Aja nganti awaké dhéwé nganggep pikiran lan tumindak salah kuwi mung sepélé. Yéhuwah ngandhani syarat-syaraté nèk péngin dadi kanca akrabé. (Ms. 15:​1-5) Bèn saya akrab, awaké dhéwé kudu terus ngupaya niru Yéhuwah lan Yésus. Awaké dhéwé uga kudu ngupaya mbuwang kabèh pikiran lan perasaan sing salah. Ora masalah sepira suwéné wis dibaptis, awaké dhéwé kudu terus ngupaya nduwèni sipat-sipat sing cocog karo Alkitab.​—2 Kr. 13:11.

9. Apa sebabé awaké dhéwé kudu terus nganggo kamanungsan anyar?

9 Rasul Paulus ngandhani wong Kristen, ”Yaiku manawa kowé, ing bab lakumu kang biyèn, kudu ngrucat kamanungsan lawas, kang nemahi rusak awit saka anané hawa-nepsu kang nasaraké, supaya kowé padha [terus, New World Translation] dianyaraké ing roh lan pikiranmu, lan ngrasuk [nganggo] kamanungsan anyar, kang wus tinitahaké manut karo karsaning Allah ing kabeneran lan kasucèn kang nyata.” (Éf. 4:​22-​24) Dadi, awaké dhéwé kudu terus ngupaya ngowahi lan nganggo ”kamanungsan anyar”. Ora masalah sepira suwéné wis ngabdi marang Yéhuwah, awaké dhéwé kudu terus sinau luwih akèh bab sipat-sipaté. Alkitab isa mbantu awaké dhéwé mbuwang sipat-sipat sing èlèk, bèn isa terus niru Yéhuwah.

APA SEBABÉ ANGÈL DITINDAKKÉ?

10. Apa sing kudu ditindakké bèn isa terus ngowahi pikiran lan tumindak sing salah? Pitakonan-pitakonan apa waé sing isa dipikirké?

10 Awaké dhéwé péngin nuruti pathokané Alkitab. Bèn isa terus nuruti, awaké dhéwé kudu ngupaya tenanan. Apa sebabé? Apa Yéhuwah ora isa nggawé upaya kuwi dadi luwih gampang ditindakké?

11-13. Apa sebabé Gusti Allah péngin awaké dhéwé ngupaya tenanan nglawan pikiran lan tumindak sing salah?

11 Nèk mikirké jagat sak isiné, awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah kuwi Mahakwasa. Contoné, Yéhuwah nggawé srengéngé sing gedhé banget kekuwatané. Saben detik, srengéngé ngetokké padhang lan panas akèh banget. Ning, sing dibutuhké kanggo urip ing bumi mung sithik. (Ms. 74:16; Yé. 40:26) Yéhuwah uga ngekèki kekuwatan kanggo para abdiné sing mbutuhké. (Yé. 40:29) Dadi, nèk gelem, sakjané Yéhuwah isa nggawé awaké dhéwé ora perlu ngupaya tenanan nglawan pikiran lan tumindak sing salah. Ning, apa sebabé ora ngono?

12 Yéhuwah ngekèki manungsa kebébasan kanggo milih arep manut karo Yéhuwah apa ora. Nèk manut lan ngupaya nindakké kersané, kuwi tegesé nresnani lan péngin nyenengké Yéhuwah. Iblis kandha nèk Yéhuwah ora nduwé hak kanggo mréntah. Mula, nèk manut karo Yéhuwah, kuwi bukti nèk awaké dhéwé ngakoni wewenangé. Awaké dhéwé isa percaya nèk upayané awaké dhéwé kanggo nyenengké Yéhuwah mesthi diajèni. (Ay. 2:​3-5; WB. 27:11) Senajan ora gampang, nèk awaké dhéwé ngupaya tenanan nglawan pikiran lan tumindak sing salah, kuwi tegesé setya marang Yéhuwah lan ngakoni wewenangé.

13 Yéhuwah kandha nèk awaké dhéwé kudu ngupaya tenanan niru sipat-sipaté. (Kl. 3:​12; wacanen 2 Pétrus 1:​5-7.) Yéhuwah péngin awaké dhéwé mbuwang pikiran lan perasaan sing salah. (Rm. 8:5; 12:9) Wektu ngupaya tenanan nindakké pathokané Alkitab lan kuwi isa kelakon, awaké dhéwé mesthi seneng banget.

TERUS NGUPAYA NDANDANI URIP NGANGGO ALKITAB

14, 15. Apa sing kudu ditindakké bèn nduwèni sipat-sipat sing disenengi Yéhuwah? (Deloken kothak ”Alkitab lan Donga Ndandani Uripé”.)

14 Apa sing kudu ditindakké bèn nduwèni sipat-sipat sing disenengi Yéhuwah? Awaké dhéwé butuh tuntunané Gusti Allah, ora mutuské dhéwé apa sing kudu ditindakké. Rum 12:2 kandha, ”Lan kowé aja madha rupa kaya jagad iki, nanging padha salina marga saka budimu kaanyaraké, satemah kowé bisa nitèni apa kang dadi karsané Gusti Allah, apa kang becik, kang ndadèkaké keparengé Gusti Allah lan kang sampurna.” Dadi, bèn isa nindakké kersané, awaké dhéwé butuh bantuané Yéhuwah. Awaké dhéwé kudu maca Alkitab saben dina, dipikirké tenanan, lan ndonga njaluk roh suciné Yéhuwah. (Lk. 11:13; Gl. 5:​22, 23) Nèk kuwi ditindakké, Yéhuwah isa mbantu awaké dhéwé ngerti carané nyenengké lan niru pikirané Yéhuwah. Pikiran, omongan, lan tumindaké awaké dhéwé isa luwih nyenengké Yéhuwah. Lan, awaké dhéwé dadi ora mikir lan nindakké sing salah. Senajan ngono, awaké dhéwé tetep kudu nglawan pikiran lan tumindak sing salah.​—WB. 4:​23.

Seksi Yéhuwah sing maca-maca manèh wacan Alkitab lan ayat sing isa mbantu

Klumpukna artikel saka wacan Alkitab utawa ayat Alkitab sing isa mbantu nglawan pikiran lan tumindak salah, banjur wacanen bola-bali (Deloken paragraf 15)

15 Sakliyané maca Alkitab saben dina, awaké dhéwé kudu maca wacan Alkitab, kaya Warta Penting lan Sadarlah! Isiné majalah-majalah kuwi ngandhani carané niru sipat-sipaté Yéhuwah, lan nglawan pikiran lan tumindak sing salah. Ing kono, mbokmenawa ana artikel utawa ayat sing isa mbantu awaké dhéwé. Artikel lan ayat kuwi isa diklumpukké bèn isa terus diwaca-waca manèh.

16. Apa sebabé kudu sabar nèk rumangsa durung isa cepet nggawé owah-owahan?

16 Niru sipat-sipaté Yéhuwah kuwi butuh wektu. Panjenengan kudu sabar nèk rumangsa durung isa nggawé akèh owah-owahan kaya sing dikarepké. Pisanan, mbokmenawa awaké dhéwé kudu dipeksa bèn isa ngetrapké Alkitab. Ning bar kuwi, nèk saya akèh mikirké lan nindakké kersané Yéhuwah, awaké dhéwé dadi luwih gampang niru pikirané Yéhuwah lan nindakké sing bener.​—Ms. 37:31; WB. 23:12; Gl. 5:​16, 17.

PIKIREN BERKAHÉ

17. Nèk setya marang Yéhuwah, awaké dhéwé isa ngarep-arep berkah apa?

17 Awaké dhéwé ngarep-arep wektuné kabèh manungsa dadi sampurna lan ngabdi marang Yéhuwah saklawasé. Wektu kuwi, awaké dhéwé ora perlu nglawan pikiran lan tumindak sing salah, lan luwih gampang niru Yéhuwah. Ning, saiki awaké dhéwé isa ngibadah marang Yéhuwah merga anané tebusan. Senajan ora sampurna, awaké dhéwé isa nyenengké Yéhuwah nèk terus ngupaya tenanan mbuwang pikiran lan tumindak sing salah, lan ngetrapké pathokané Alkitab.

18, 19. Apa buktiné nèk Alkitab nduwé kwasa isa ndandani uripé awaké dhéwé?

18 Yanto ngupaya tenanan bèn ora gampang nesu. Dhèwèké mikirké tenanan isiné Alkitab, lan ngupaya tenanan ndandani uripé. Dhèwèké uga nampa sarané para sedulur seiman. Senajan butuh wektu pirang-pirang taun, akhiré dhèwèké isa dadi abdiné jemaat. Saiki, dhèwèké wis 20 taun dadi pinituwa. Ning, nganti saiki dhèwèké kudu terus ngupaya nglawan pikiran lan tumindak sing salah.

19 Kaya Yanto, awaké dhéwé kudu terus ngupaya sipat-sipat sing apik, bèn isa saya akrab karo Yéhuwah. (Ms. 25:14) Nèk awaké dhéwé ngupaya ndandani urip kanggo nyenengké Yéhuwah, kuwi isa kelakon merga bantuané Yéhuwah. Awaké dhéwé percaya nèk Alkitab isa mbantu bèn awaké dhéwé isa terus ndandani urip.​—Ms. 34:9.

^ [1] (paragraf 1) Dudu jenengé asli.

Alkitab lan Donga Ndandani Uripé

Russell kerep sambat nèk para sedulur liyané mesthi ora nindakké sing bener. Maria Victoria seneng ngrasani wong. Linda kuwatir wong liya mikir lan ngomong sing èlèk wektu dhèwèké nginjil. Senajan wis dadi Seksi Yéhuwah, wong telu mau rumangsa angèl ndandani pikiran lan tumindaké. Ning, sakjané isa. Apa sebabé?

Russell: ”Ndonga marang Yéhuwah lan maca Alkitab saben dina isa mbantu aku. Nèk mikirké 2 Pétrus 2:​11 lan saran saka para pinituwa, kuwi isa mbantu ndandani uripku.”

Maria Victoria: ”Aku ndonga tenanan marang Yéhuwah bèn ati-ati nèk ngomong. Aku ya ora kekancan manèh karo wong-wong sing seneng ngrasani. Jabur 64:​2-5 nggawé aku mikir nèk aku ora péngin nganti wong liya ndonga njaluk tulung Yéhuwah merga tak larani. Aku uga bakal dadi conto sing ora apik lan nggawé èlèk jenengé Yéhuwah, nèk terus-terusan ngrasani wong.”

Linda: ”Aku ngupaya persiapan sakdurungé nawakké selebaran, kekancan karo wong-wong sing seneng nginjil nganggo cara werna-werna, lan terus ndonga ngendelké Yéhuwah.”

KATRANGAN TEMBUNG

  • Nglawan pikiran lan tumindak sing salah: Mbokmenawa awaké dhéwé isih mikir lan nindakké sing salah, utawa bola-bali nggawé kesalahan sing padha. Contoné, ora sabar, gampang nesu, utawa ngèlèk-èlèk wong liya. Awaké dhéwé tetep ngupaya nglawan pikiran lan tumindak salah kuwi, bèn isa nyenengké Yéhuwah. Upaya mau dipadhakké kaya wong gelut

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim