PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w17 Januari hlm. 26-31
  • Nglatih Para Sedulur sing Setya

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nglatih Para Sedulur sing Setya
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • DAWUD MBANTU SALOMO BÈN SIAP
  • SENENG NGLATIH LIYANÉ
  • NGAJÈNI SEDULUR SING LUWIH TUWA
  • KITA KABÈH NDUWÉ BAGÉAN
  • Menghargai Sedulur-Sedulur sing Luwih Enom
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • Menghargai Sedulur-Sedulur sing Lansia
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • Apa Panjenengan Perlu Ngajari Liyané?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
w17 Januari hlm. 26-31
Sedulur lanang sing luwih tuwa urun rembug ing pakumpulan, angon jemaat bareng karo sedulur sing luwih enom, lan ngrungokké urun rembugé sedulur sing luwih enom

Nglatih Para Sedulur sing Setya

”Iku pitayakna [pasrahna] marang wong-wong kang padha bisa dipracaya, kang uga bisa mulang marang wong liya.”​—2 TM. 2:2.

LAGU: 42, 53

APA JAWABANÉ?

  • Apa sing Raja Dawud tindakké wektu ngerti nèk sing bakalé mbangun baité Yéhuwah yaiku Salomo?

  • Apa sebabé sedulur sing luwih tuwa perlu mbantu sing luwih enom bèn isa nindakké tugas luwih akèh?

  • Piyé kuduné sikapé sedulur sing luwih enom wektu nindakké tugas saka sedulur sing luwih tuwa?

1, 2. Piyé pandhangané wong-wong bab gawéané?

WEKTU kenalan, kita biyasané takon, ”Panjenengan nyambut gawé ing ngendi?” Pitakonan kuwi nduduhké nèk biyasané wong dianggep penting apa ora kuwi didelok saka gawéané.

2 Wong-wong sing dicritakké ing Alkitab kadhang kala uga disebutké apa gawéané. Contoné, ”Matéus juru-mupubéya [tukang pajeg]”, ”Tukang samak, sing jeneng Simon”, lan ”Lukas, dokter kang kinasih”. (Mt. 10:3; PR. 10:6; Kl. 4:14) Alkitab uga nyebutké tugasé abdiné Yéhuwah. Contoné, Raja Dawud, nabi Élia, lan rasul Paulus. Wong-wong kuwi ngajèni tugas sing diparingi Yéhuwah. Semono uga, kita kudu ngajèni tugas apa waé kanggo ngabdi.

3. Apa sebabé para sedulur sing luwih tuwa perlu nglatih sedulur sing luwih enom? (Deloken gambar ing ndhuwur.)

3 Awaké dhéwé seneng lan ngajèni tugas kanggo ngabdi ing pakumpulan sarta péngin terus nindakké tugas kuwi. Ning, nèk wis mundhak tuwa, wong-wong wis ora isa tumindak akèh manèh kaya wektu isih enom. (Ko. 1:4) Kuwi ora gampang kanggo umaté Yéhuwah. Saiki, pakumpulané Yéhuwah terus maju lan nggunakké tèknologi modhèren kanggo mbantu sak akèh-akèhé wong ngerti kabar apik. Ning, kadhang kala para sedulur sing wis tuwa kangèlan sinau cara sing anyar kuwi. (Lk. 5:39) Sakliyané kuwi, nèk saya tuwa biyasané saya suda kekuwatané. (WB. 20:29) Mula, para sedulur sing luwih tuwa isa nglatih sing luwih enom kanggo nindakké tanggung jawab luwih akèh ing pakumpulané Yéhuwah. Kuwi migunani banget lan dadi bukti katresnan.​—Wacanen Jabur 71:18.

4. Apa sebabé ora gampang kanggo masrahké tugas? (Deloken kothak ”Apa Sebabé Ora Gampang kanggo Masrahké Tugas.”)

4 Ora gampang kanggo masrahké tugas marang sedulur sing luwih enom. Apa manèh nèk kuwi tugas sing paling disenengi. Mbokmenawa sedulur sing luwih tuwa kuwatir nèk asilé bakal ora apik, nèk dudu dhèwèké sing nindakké. Sakliyané kuwi, isa waé dhèwèké rumangsa ora nduwé wektu kanggo nglatih liyané. Ning, para sedulur sing luwih enom uga perlu sabar nèk durung diwènèhi tanggung jawab luwih akèh.

5. Pitakonan-pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing wulangan iki?

5 Apa sebabé para sedulur sing luwih tuwa kudu mbantu sing luwih enom bèn isa nindakké tanggung jawab luwih akèh? Piyé carané? (2 Tm. 2:2) Lan, apa sebabé sedulur sing luwih enom kudu nduwé sikap sing bener sarta gelem sinau wektu kerja bareng karo sing luwih tuwa lan nduwé pengalaman luwih akèh? Ayo dirembug dhisik piyé carané Raja Dawud mbantu putrané bèn siap nindakké gawéan sing penting banget.

DAWUD MBANTU SALOMO BÈN SIAP

6. Apa sing dipéngini Raja Dawud? Apa sing dadi kersané Yéhuwah?

6 Wis pirang-pirang taun, Dawud ngalami tentangan lan kudu pindhah-pindhah panggonan. Banjur, sakwisé dadi raja, Dawud manggon ing panggonan sing kepénak. Mula, dhèwèké ngomong karo nabi Natan, ”Kula punika ngenggèni karaton kajeng èrès, mangka pethi prajanjianipun Pangéran Yéhuwah kok wonten ing sangandhaping téndha.” Dawud péngin banget mbangun bait sing éndah kanggo Yéhuwah. Natan ngomong karo Dawud, ”Kawula aturi nindakaken punapa ingkang wonten ing salebeting panggalih dalem, awit Gusti Allah nunggil kaliyan panjenengan dalem.” Ning, dudu kuwi sing dadi kersané Yéhuwah. Yéhuwah ngandhani Dawud liwat Natan, ”Dudu sira kang bakal ngedegaké padaleman kagem Ingsun, kang bakal Sundalemi.” Bar kuwi, Dawud lagi ngerti nèk sing bakal mbangun bait kanggo Yéhuwah yaiku salah siji anaké. Ning, Yéhuwah janji nèk Dawud bakal terus diberkahi. Piyé tanggepané Dawud?​—1 Bb. 17:1-4, 8, 11, 12; 29:1.

7. Piyé tanggepané Dawud marang kersané Yéhuwah?

7 Senajan kepénginané ora kelakon lan isa waé dadi gela, Dawud tetep tenanan ndhukung proyèk sing bakal digarap karo Salomo. Dawud ora kuwatir bab sapa sing bakal dialem merga wis mbangun bait. Dawud mbantu nglumpukké wesi, tembaga, pérak, emas, lan kayu. Dawud uga mbantu ngatur wong-wong sing nyambut gawé. Bareng wis dadi, bait kuwi diarani baité Salomo, dudu baité Dawud. Dawud ora mung ndhukung, ning uga nggedhèkké atiné Salomo. Dawud kandha, ”Mulané saiki, hé putraningsun, Pangéran Yéhuwah muga nganthi marang sira, satemah sira kelakon bisa ngedegaké padalemaning Pangéran Yéhuwah, Gusti Allahira, kayadéné kang wus kapangandikakaké tumrap sira.”​—1 Bb. 22:11, 14-16.

8. Apa sebabé Dawud mikir nèk Salomo ora isa mbangun bait kuwi? Ning apa sing Dawud tindakké?

8 Wacanen 1 Babad 22:5. Dawud isa waé nganggep nèk Salomo ora isa nggarap proyèk sing penting kuwi. Bait kuwi ”gedhéné kudu ngleluwihi”, ning Salomo ”isih timur [enom] lan pengalamané kurang”. Ning, Dawud ngerti nèk Yéhuwah bakal mbantu Salomo. Dadi, Dawud nindakké apa waé kanggo mbantu Salomo nggarap proyèk sing gedhé banget kuwi.

SENENG NGLATIH LIYANÉ

Sedulur lanang sing luwih tuwa seneng ndelok sedulur sing luwih enom sing wis dilatih mandhu wulangan warta penting

Kita seneng wektu ndelok sedulur sing luwih enom nindakké tugas luwih akèh (Deloken paragraf 9)

9. Piyé kuduné perasaané para sedulur sing luwih tuwa bab masrahké tugas marang liyané? Wènèhana gambaran.

9 Para sedulur sing luwih tuwa ora perlu rumangsa ora seneng wektu arep masrahké tugas marang sing luwih enom. Sing paling penting kuwi gawéan ing pakumpulané Yéhuwah isa rampung. Nglatih sedulur sing luwih enom malah isa mbantu ngrampungi gawéan ing pakumpulané Yéhuwah. Coba dipikir, wektu isih cilik, panjenengan mbokmenawa ndelok bapak panjenengan sing lagi nyetir mobil. Wektu panjenengan mundhak gedhé, bapak nerangké carané nyetir. Akiré, panjenengan éntuk SIM lan isa nyetir mobil dhéwé. Senajan ngono, bapak isih sok mènèhi saran. Kadhang kala panjenengan gentènan nyetir karo bapak. Ning wektu bapak wis mundhak tuwa, panjenengan sing luwih kerep nyetir mobil. Apa bapak rumangsa ora seneng? Ora, dhèwèké malah seneng isa disetiri numpak mobil. Semono uga, sedulur sing luwih tuwa seneng wektu ndelok sedulur sing wis dilatih isa nampa tanggung jawab luwih akèh ing pakumpulané Yéhuwah.

10. Piyé perasaané Musa bab nduwé hak istiméwa lan éntuk kamulyan?

10 Kita aja nganti mèri karo sedulur liya. Kita isa sinau saka tanggepané Musa wektu ana wong Israèl sing mulai tumindak kaya nabi. (Wacanen Wilangan 11:24-29.) Yusak péngin nyegah wong-wong kuwi, ning Musa kandha, ”Yagéné nganti samono anggonmu mbélani aku? Sokur manawa umaté Sang Yéhuwah kabèh padha dadi nabi, marga padha kaparingan Rohé Pangéran Yéhuwah!” Musa ngerti nèk Yéhuwah sing maringi roh suci marang wong-wong kuwi. Musa ora nggolèk kamulyan kanggo awaké dhéwé. Ning, malah péngin kabèh abdiné Yéhuwah uga éntuk hak istiméwa saka Yéhuwah. Kaya Musa, apa awaké dhéwé mèlu seneng wektu sedulur liya éntuk tugas kanggo ngabdi?

11. Apa kandhané salah siji sedulur bab masrahké tugas marang liyané?

11 Akèh sedulur sing wis puluhan taun mempeng ngabdi marang Yéhuwah lan nglatih sedulur sing luwih enom kanggo nindakké tugas luwih akèh. Gatèkna pengalamané Peter. Dhèwèké wis dadi abdi kusus saksuwéné 74 taun. Kuwi klebu ngabdi ing kantor cabang Eropa saksuwéné 35 taun. Ing kono, Peter wis suwé dadi pengawas kanggo Departemèn Dinas. Banjur, tugas kuwi diwènèhké marang Paul, sedulur sing luwih enom sing wis dilatih karo Peter. Piyé perasaané Peter? Dhèwèké kandha, ”Aku seneng banget merga para sedulur sing wis dilatih isa éntuk hak istiméwa sing luwih gedhé lan tenanan nindakké gawéané.”

NGAJÈNI SEDULUR SING LUWIH TUWA

12. Saka contoné Réhabéam, apa piwulangé kanggo kita?

12 Wektu anaké Salomo sing jenengé Réhabéam dadi raja, Réhabéam njaluk saran karo wong-wong sing luwih tuwa bab carané nindakké tugas anyaré. Réhabéam ora nampa saran kuwi, ning malah manut sarané bocah-bocah sak barakané. Akibaté dadi cilaka. (2 Bb. 10:6-11, 19) Apa piwulangé kanggo kita? Kita perlu njaluk saran saka para sedulur sing luwih tuwa lan nduwé pengalaman luwih akèh. Sedulur sing luwih enom aja rumangsa kudu niru plek cara sing mbiyèn digunakké kanggo nindakké tugas-tugas ing pakumpulan. Ning, uga tetep kudu ngajèni pandhangané sedulur sing luwih tuwa lan aja langsung mikir nèk carané kuwi wis ora kanggo.

13. Piyé sedulur sing luwih enom isa kerja bareng karo sedulur sing luwih tuwa?

13 Kadhang kala, sedulur sing luwih enom diwènèhi tugas kanggo ngawasi gawéané sedulur sing luwih tuwa lan nduwé akèh pengalaman. Senajan ngono, sedulur sing luwih enom perlu sinau saka sedulur sing luwih tuwa. Ing conto mau, sakwisé Paul nggentèni Peter dadi pengawas Departemèn Dinas, Paul kandha, ”Aku njaluk saran saka Peter, lan aku uga ngandhani sedulur liya ing departemèn iki bèn nindakké kaya ngono.”

Paulus mulang Timotéus lan Timotéus gelem sinau tenanan

14. Apa sing isa disinau saka carané Timotéus lan rasul Paulus ngabdi bareng?

14 Rasul Paulus wis ngabdi pirang-pirang taun bareng karo Timotéus sing luwih enom. (Wacanen Filipi 2:20-22.) Paulus kandha marang wong-wong ing Korintus, ”Aku banjur kongkonan Timotéus anakku kang kinasih lan kang setya ana ing Gusti, dakkon nemoni kowé. Iku kang bakal ngelingaké kowé bab lakuku ana ing Sang Kristus Yésus, kaya kang dakwulangaké ana ing ngendi-endi ing saben pasamuwan.” (1 Kr. 4:17) Saka ayat kuwi kita ngerti nèk Paulus lan Timotéus isa ndhukung siji lan sijiné wektu ngabdi bareng. Paulus mulang Timotéus bab cara-cara sing diwulangké Yésus lan Timotéus gelem sinau tenanan. Paulus nresnani Timotéus lan yakin nèk Timotéus bakal ngurusi kebutuhan rohaniné para sedulur ing Korintus. Para pinituwa isa niru Paulus wektu nglatih para sedulur lanang kanggo nangani tugas ing jemaat.

KITA KABÈH NDUWÉ BAGÉAN

15. Piyé Rum 12:3-5 isa mbantu kita wektu ana owah-owahan?

15 Saiki, pakumpulané Yéhuwah ing bumi saya maju lan ngalami akèh owah-owahan. Ana owah-owahan sing ana pengaruhé kanggo kita lan ora gampang dilakoni. Mula, kita perlu andhap asor lan terus mikirké apa sing paling apik kanggo Kratoné Gusti Allah, timbang mikirké kepénginané dhéwé. Kuwi isa mbantu kita tetep rukun wektu ngabdi bebarengan karo para sedulur. Paulus nulis marang wong-wong Kristen ing Roma, ”Aku pitutur marang saben wong ing antaramu: Kowé aja nganti mikir prakara-prakara kang ngluwihi kang prayoga kokpikir.” Banjur, Paulus nerangké nèk saben anggota jemaat kuwi nduwé bagéan dhéwé-dhéwé, kaya bagéan saka awaké manungsa sing kabèh ana gunané.​—Rm. 12:3-5.

Kabèh umaté Yéhuwah péngin ndhukung Kratoné Gusti Allah lan nindakké kersané Yéhuwah

16. Apa sing isa ditindakké saben wong Kristen bèn isa tetep rukun ngabdi bebarengan ing pakumpulané Yéhuwah?

16 Kabèh umaté Yéhuwah péngin ndhukung Kratoné Gusti Allah lan nindakké kersané Yéhuwah. Para sedulur sing luwih tuwa isa nglatih sing luwih enom. Wektu nindakké tugas sing luwih akèh, para sedulur sing luwih enom perlu prasaja lan tetep ngajèni sing luwih tuwa. Sakliyané kuwi, para sedulur wédok perlu ndhukung bojoné nindakké tugas senajan kahanané malih. Kuwi kaya Priskila sing setya ngabdi bebarengan karo bojoné, yaiku Akwila.​—PR. 18:2.

17. Yésus nglatih para muridé kanggo nindakké apa?

17 Yésus kuwi conto sing paling apik bab nglatih liyané. Yésus ngerti nèk para muridé perlu neruské gawéané. Senajan ngerti nèk para muridé ora sampurna, Yésus yakin nèk para muridé isa terus martakké injil ngungkuli apa sing wis Yésus tindakké. (Yo. 14:12) Yésus tenanan nglatih para muridé, lan para muridé isa nginjil ing saben panggonan sing diparani.​—Kl. 1:23.

18. Gawéan apa sing isa awaké dhéwé tindakké sukmbèn? Tugas apa sing isa awaké dhéwé tindakké saiki?

18 Yéhuwah wis nguripké Yésus manèh sarta maringi luwih akèh tugas lan wewenang sing ”ngungkuli luhuré sakèhing pamaréntah lan panguwasa sarta pamisésa tuwin karajan”. (Éf. 1:19-21) Semono uga, nèk kita tetep setya ning mati sakdurungé Armagédhon, Yéhuwah bakal nguripké manèh lan kita isa nindakké akèh gawéan sing nyenengké ing donya anyar. Lan saiki kita kabèh nduwé hak istiméwa kanggo nginjil lan mbantu wong-wong bèn dadi muridé Yésus. Mula, ora masalah enom utawa tuwa, kita kabèh isa terus ’sregep nglakoni ayahané Gusti’.​—1 Kr. 15:58.

APA SEBABÉ ORA GAMPANG KANGGO MASRAHKÉ TUGAS

1

Kuwatir ora dialem merga gawéan kuwi.

Élinga nèk kabèh kamulyan kuwi mung kanggo Yéhuwah.​—Ms. 115:1.

2

Ora gelem masrahké tugas sing disenengi.

Élinga nèk nglatih wong liya kuwi isa nggawé seneng.​—PR. 20:35.

3

Kuwatir nèk asilé ora apik.

Élinga nèk Yéhuwah isa mbantu wong liya nindakké gawéan kuwi.​—Ms. 37:5.

4

Isih péngin nangani tugas kuwi.

Élinga nèk mung Yéhuwah sing isa nindakké kabèh perkara.​—Yé. 45:6, 7.

5

Rumangsa ora nduwé wektu kanggo nglatih liyané.

Élinga nèk nglatih wong liya saiki, sukmbèn isa dadi ngirit wektu.—Éf. 5:15, 16.

KATRANGAN TEMBUNG

  • Masrahké tugas: Nglatih wong liya kanggo nindakké gawéan lan tugas-tugas kita. Kita kudu terus ndhukung wong sing diwènèhi tugas kuwi. Kita péngin dhèwèké isa nindakké tugas kuwi luwih apik timbang sing kita tindakké

  • Nindakké tanggung jawab luwih akèh: Gelem nampa lan tenanan nindakké tugas sarta gawéan sing luwih akèh. Uga gelem dilatih lan didhukung karo wong sing wis tau nindakké tugas kuwi sakdurungé

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim