PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwbq artikel 184
  • Pathokan ing Alkitab soal Perkawinan

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Pathokan ing Alkitab soal Perkawinan
  • Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Jawaban ing Alkitab
  • Apa pathokané Gusti Allah soal perkawinan?
  • Apa wong sing wis nikah éntuk pisahan utawa cerai?
  • Apa perkawinan kudu sah menurut hukum pamréntah?
  • Tugasé suami istri
  • Apa wong sing wis nikah kudu nduwé anak?
  • Hasilé nèk ngetrapké pathokan ing Alkitab
  • Carané Bèn Urip Bebojoan Ayem Tentrem
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Urip Bebojoan Kuwi Anugrah
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
  • Urip Bebojoan sing Rukun lan Bahagia
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
  • Piyé Bèn Keluarga Bahagia?​—Bagian 1
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
ijwbq artikel 184
Sarapan bareng karo bojoné.

Pathokan ing Alkitab soal Perkawinan

Jawaban ing Alkitab

Pas nikahké manungsa sing pertama, Gusti Allah péngin bèn wong lanang karo bojoné isa saling sayang lan dadi keluarga.​—Purwaning Dumadi 1:27, 28; 2:18.

Gusti Allah péngin wong sing nikah kuwi bahagia. (Wulang Bebasan 5:18) Makané, Dhèwèké ngekèki pathokan ing Alkitab.

Ing artikel iki bakal dibahas:

  • Apa pathokané Gusti Allah soal perkawinan?

  • Apa wong sing wis nikah éntuk pisahan utawa cerai?

  • Apa perkawinan kudu sah menurut hukum pamréntah?

  • Tugasé suami istri

  • Apa wong sing wis nikah kudu nduwé anak?

  • Hasilé nèk ngetrapké pathokan ing Alkitab

  • Ayat-ayat soal perkawinan

Apa pathokané Gusti Allah soal perkawinan?

Kèt awal, Gusti Allah péngin wong lanang lan wong wédok mung nduwé bojo siji. (Purwaning Dumadi 2:24) Mulané ora éntuk poligami, homosèks, utawa kumpul kebo. (1 Korintus 6:9; 1 Tésalonika 4:3) Terus, Yésus ya ngongkon murid-muridé bèn manut karo pathokané Gusti Allah soal perkawinan.​—Markus 10:6-8.

Wong lanang karo wong wédok sing wis nikah kudu tetep setya lan terus urip bareng nganti seumur hidup.​—Markus 10:9.

Apa wong sing wis nikah éntuk pisahan utawa cerai?

Mémang kadhang wong ora isa terus bareng karo bojoné, misalé nèk salah siji kudu lunga ngurus keluargané. Tapi nèk pisahan merga ana masalah, kuwi sing ora éntuk menurut Alkitab. Wong loro kuwi kudu berupaya bèn isa rukun manèh.​—1 Korintus 7:10.

Menurut Alkitab, wong éntuk cerai mung nèk bojoné laku jina. (Matius 19:9) Dadi, nèk wong sing wis nikah pisahan utawa cerai dudu merga laku jina, meréka ora éntuk pacaran utawa nikah manèh karo wong liya.​—Matius 5:32; 1 Korintus 7:11.

Apa perkawinan kudu sah menurut hukum pamréntah?

Gusti Allah péngin umaté manut karo hukum pamréntah soal perkawinan. (Titus 3:1) Makané, perkawinan kudu sah menurut hukum. Nèk perkawinané sah, kuwi ya berarti awaké dhéwé manut karo pathokané Gusti Allah.a

Tugasé suami istri

  • Suami istri kudu piyé? Wong sing wis nikah kudu sayang lan ngajèni bojoné. (Éfésus 5:33) Wong sing wis nikah ya kudu terus setya karo bojoné lan kudu ”mènèhké apa sing dibutuhké bojoné”, termasuk soal sèks. (1 Korintus 7:3; Ibrani 13:4) Terus nèk wis nduwé anak, wong loro kuwi kudu bareng-bareng ndhidhik lan ngopèni anaké.​—Wulang Bebasan 6:20.

    Ibu lagi mbantu anaké nggarap PR, terus bapaké lagi ngrajangi.

    Ing Alkitab ora ditentokké sapa sing kudu kerja lan sapa sing kudu ngurus omah. Kabèh kudu dirembug wong loro.

  • Suami kudu piyé? Menurut Alkitab, ”Wong lanang kuwi kepalané bojoné.” (Éfésus 5:23) Kuwi berarti, suami sing kudu nggawé keputusan kanggo bojo lan anaké.

    Suami istri maca Alkitab bareng karo ngetèh.

    Suami kudu berusaha bèn keluargané isa bahagia, kebutuhané tercukupi, lan isa cedhak karo Gusti Allah. (1 Timotius 5:8) Suami kudu ngajèni bojoné. Carané, dhèwèké kudu ngrungokké pendapaté lan nggatèkké perasaané. (Wulang Bebasan 31:11, 28) Suami ya ora éntuk kasar karo bojoné.​—Kolose 3:19.

  • Istri kudu piyé? Menurut Alkitab, istri ”kudu bener-bener ngajèni bojoné”. (Éfésus 5:33) Nèk ngajèni, berarti dhèwèké gelem manut karo bojoné.

    Suami istri lagi ngétung-étung pengeluaran.

    Istri kudu ndhukung bèn bojoné isa nggawé keputusan sing bener. (Purwaning Dumadi 2:18) Menurut Alkitab, wong wédok sing kaya ngono berharga.​—Wulang Bebasan 31:10.

Apa wong sing wis nikah kudu nduwé anak?

Ora. Mémang, mbiyèn Gusti Allah tau ngongkon umaté bèn nduwé anak. (Purwaning Dumadi 1:28; 9:1) Tapi, saiki ora kaya ngono. Yésus ora tau ngongkon wong sing wis nikah kudu nduwé anak. Murid-muridé ya ora tau ngongkon kaya ngono. Dadi, arep nduwé anak apa ora kuwi keputusané suami istri.

Hasilé nèk ngetrapké pathokan ing Alkitab

Ing Alkitab ana akèh pathokan bèn wong sing wis nikah isa bahagia lan isa ngatasi masalah.

Nèk ngetrapké pathokan ing Alkitab, wong sing wis nikah bakal . . .

  • saling sayang.​—1 Korintus 13:4-7; Kolose 3:14.

  • isa ngatasi masalah.​—1 Korintus 10:24.

  • gelem ngrungokké.​—Yakobus 1:19.

  • ngajèni.​—Roma 12:10.

  • gelem ngapura.​—1 Pétrus 4:8.

  • setya.​—Markus 10:9.

  • tetep sabar.—Éfésus 4:2, 3.

  • saling ndhukung.​—Pengkhotbah 4:9.

  • berusaha bèn tetep akrab karo bojoné.​—Kidung Agung 8:7.

a Nèk soal perkawinan adat, menurut Alkitab piyé? Wacanen Menara Pengawal 15 Oktober 2006, halaman 21, paragraf 12.

Ayat-ayat soal perkawinan

Wulang Bebasan 18:22: ”Wong lanang sing nduwé bojo sing apik kuwi kaya wong sing wis nemokké harta karun.”

Artiné: Perkawinan kuwi anugrah saka Gusti Allah.

Maléakhi 2:15: ”Aja nganti ngianati wong wédok sing mbok nikahi pas kowé isih enom.”

Artiné: Meskipun wis suwé nikah, kudu tetep setya lan ngajèni bojoné.

Markus 10:9: ”Apa sing wis didadèkké siji karo Gusti Allah ora éntuk dipisahké manungsa.”

Artiné: Wong nikah kuwi kanggo seumur hidup.

Ibrani 13:4: ”Perkawinan kudu dianggep berharga karo kabèh wong.”

Artiné: Nèk nganggep perkawinan kuwi berharga, bakal berusaha bèn terus setya.

1 Korintus 7:28: ”Wong sing nikah bakal ngalami akèh kesusahan.”

Artiné: Wong sing wis nikah mesthi ngadhepi masalah. Makané, kuwi kudu diatasi bareng-bareng.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim