PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwhf artikel 19
  • Manfaaté Permainan Kréatif

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Manfaaté Permainan Kréatif
  • Bantuan kanggo Keluarga
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Sing perlu njenengan ngertèni
  • Sing isa njenengan tindakké
  • Piyé Nèk Anakku Bosen?
    Bantuan kanggo Keluarga
  • Anak-Anak lan Média Sosial—Bagéan 1: Apa Anakku Éntuk Nganggo Média Sosial?
    Bantuan kanggo Keluarga
  • Laporan soal Bahayané Média Sosial kanggo Cah-Cah Enom
    Topik Liyané
Bantuan kanggo Keluarga
ijwhf artikel 19
Anak-anak nggawé istana pasir ing pantai dikancani karo bapaké.

BANTUAN KANGGO KELUARGA | NDHIDHIK ANAK

Manfaaté Permainan Kréatif

”Permainan kréatif” kuwi maksudé kegiatan sing isa ngasah otak lan daya imajinasi bèn anak-anak isa berkembang lan nduwé ketrampilan.

Contoné:

  • Nggambar

  • Masak-masakan

  • Bermain peran

  • Nyanyi

  • Dolanan bongkar pasang

  • Dolanan nganggo barang-barang sing ana ing sekitaré (misalé kerdus sing digawé dadi mobil-mobilan)

Ing akèh negara, permainan kréatif wis ora umum. Anak-anak luwih akèh nonton TV, dolanan HP, utawa nduwé kegiatan sing wis dijadwalké.

Apa waé sing kudu digatèkké?

  • Sing perlu njenengan ngertèni

  • Sing isa njenengan tindakké

Sing perlu njenengan ngertèni

  • Permainan kréatif isa mbantu anak berkembang. Anak-anak dadi luwih séhat, kréatif, lan ora isinan. Kuwi ya nglatih anak-anak dadi luwih sabar, isa nggawé keputusan sing apik, ora nesunan, lan bèn isa kerjasama karo kanca-kancané. Dadi, permainan kréatif kuwi mbantu anak-anak tumbuh déwasa.

  • Kerep nggunakké perangkat èlèktronik kuwi ora apik. Nèk kerep nggunakké perangkat èlèktronik, anak-anak isa dadi kecanduan. Anak-anak sing kerep nggunakké perangkat èlèktronik isa waé dadi obésitas lan angèl diatur. Dadi, nèk nduwé anak sing durung sekolah, aja nggunakké perangkat èlèktronik mung bèn anaké anteng.

  • Akèh kegiatan ora mesthi apik. Nèk wong tuwa terlalu akèh ngèki kegiatan, anak-anak dadi ora bébas dolanan, padahal kuwi penting kanggo anak-anak bèn berkembang lan kréatif.

Sing isa njenengan tindakké

  • Sedhiakna permainan sing kréatif. Nèk isa, anak-anak bèn dolanan ing njaba bèn isa ngerti alam sekitaré. Anak-anak bèn dolanan nganggo permainan kréatif utawa nglakoni kegiatan sesuai hobiné.a

    Coba pikirna: Permainan kréatif apa sing isa nglatih ketrampilané anakku, terus manfaaté apa kanggo anakku sukmbèn?

    Kandhané Alkitab: ”Olahraga kuwi [ana] manfaaté.”​—1 Timotius 4:8.

  • Batasi penggunaan perangkat èlèktronik. Coba pikirna apa anak-anak mémang perlu nonton TV, dicekeli HP utawa tablèt bèn anteng. Ana dokter anak sing nyaranké nèk anak-anak sing umuré durung nganti rong taun aja nonton TV utawa nggunakké perangkat èlèktronik, terus anak-anak sing umuré loro nganti limang taun sedina aja nggunakké perangkat èlèktronik luwih saka sak jam.b

    Coba pikirna: Sepira suwéné anak-anakku éntuk nggunakké perangkat èlèktronik? Apa aku kudu ngancani anakku? Apa ana kegiatan liya sing ora nggunakké perangkat èlèktronik?

    Kandhané Alkitab: ”Kowé kudu terus nggatèkké tumindakmu. Kowé kudu tumindak kaya wong sing wicaksana, dudu kaya wong sing ora wicaksana. Gunakna wektumu kanggo nindakké apa sing penting.”—Éfésus 5:15, 16.

  • Pikirna pengaruhé kegiatan sing dijadwalké. Mémang ana kegiatan-kegiatan sing bermanfaat bèn anak-anak nduwé ketrampilan. Tapi nèk kegiatané terlalu akèh, biasané kuwi marahi strès. Sing isa strès ora mung anaké, tapi ya wong tuwané sing kudu ngeterké. Dadi, kudu pinter-pinter nggunakké wektu kaya saran ing Éfésus 5:15, 16 mau.

    Coba pikirna: Apa kegiatané anakku wis terlalu akèh? Nèk iya, apa isa dikurangi?

    Kandhané Alkitab: ”Mastèkké endi sing luwih penting.”​—Filipi 1:10.

a Nèk dolanané nganggo dolanan gawéan pabrik, biasané anak-anak dadi ora isa kréatif. Tapi anak-anak isa luwih kréatif nèk dolanan nganggo barang-barang sing sederhana, misalé nganggo kerdus utawa dolanan bongkar pasang.

b Sing dimaksud iki nggunakké perangkat èlèktronik dienggo hiburan. Nèk perangkat èlèktroniké dienggo video call, sinau, utawa ngibadah kuwi ora masalah.

Kesimpulan: Piyé bèn permainané anak-anak isa bermanfaat?

  • Sedhiakna permainan sing kréatif. Nggolèk kegiatan sing nggawé anak-anak dadi kréatif.

  • Batasi penggunaan perangkat èlèktronik. Nèk anaké njenengan durung sekolah, coba pikirna apa mémang perlu dikèki perangkat èlèktronik bèn anteng.

  • Pikirna pengaruhé kegiatan sing dijadwalké. Nèk kegiatané terlalu akèh, anak lan wong tuwa isa dadi strès.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim