PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwhf artikel 18
  • Piyé Bèn Ana Luwih Akèh Wektu kanggo Bojo?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Bèn Ana Luwih Akèh Wektu kanggo Bojo?
  • Bantuan kanggo Keluarga
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Ngapa kok isa ora akrab?
  • Terus kudu piyé?
  • Sing isa dirembug
  • Apa Pengaruhé Tèknologi kanggo Suami Istri?
    Gatèkna!—2021
  • Carané Bèn Ora Terus-terusan Mikirké Gawéan
    Bantuan kanggo Keluarga
  • Carané Bèn Suami Istri sing Wis Lansia Isa Tetep Harmonis
    Bantuan kanggo Keluarga
  • Njaga ”Geni saka Yah” Tetep Murub
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
Delok Kabèh
Bantuan kanggo Keluarga
ijwhf artikel 18
Suami istri masak bareng.

BANTUAN KANGGO KELUARGA | PERKAWINAN

Piyé Bèn Ana Luwih Akèh Wektu kanggo Bojo?

Ana akèh suami istri sing ngrasa nèk meskipun lagi berduaan, wong loro kuwi ora isa akrab. Ngapa kok isa kaya ngono?

  • Ngapa kok isa ora akrab?

  • Terus kudu piyé?

  • Kandhané para suami istri

  • Sing isa dirembug

Ngapa kok isa ora akrab?

  • Kekeselen

    ”Kadhang-kadhang bojoku kekeselen, utawa nèk ora, aku sing kekeselen. Nèk lagi kesel, aku biasané dadi gampang émosi, dadi mendhing nonton TV waé. Nèk wis ngono, ya ora sida omong-omongan.”​—Anna.

  • Sibuk karo HP-né dhéwé-dhéwé

    ”Meskipun lagi berduaan, tapi nèk wektuné malah dienggo ndelok-ndelok média sosial utawa Internètan ya padha waé ora omong-omongan.”​—Katherine.

  • Hobiné béda

    ”Bar mulih kerja, bojoku biasané sibuk karo hobiné. Ya mémang dhèwèké wis sedina kerja, dadi dhèwèké ya butuh hiburan. Tapi sakjané aku péngin isa omong-omongan karo dhèwèké.”​—Jane.

  • Gawéan

    ”Merga tèknologi, saiki dadi isa kerja saka omah. Tapi akibaté, pas aku kuduné omong-omongan karo bojoku, aku malah mbalesi e-mail utawa SMS soal gawéan.”​—Mark.

Terus kudu piyé?

  • Kudu ana luwih akèh wektu kanggo bojo.

    Ayat: ”Mastèkké endi sing luwih penting.”​—Filipi 1:10.

    Kanggo dipikirké: Apa buktiné nèk njenengan nganggep hubungané njenengan karo bojo kuwi luwih penting daripada gawéan lan hobi? Apa njenengan kerep omong-omongan karo bojo, utawa omong-omongan nèk pas kober thok?

    Saran: Nggawé jadwal bèn isa berduaan karo bojo.

    ”Aku seneng banget nèk bojoku nggawé rencana bèn isa berduaan karo aku. Aku ngrasa nèk dhèwèké sayang banget karo aku lan ora péngin adoh saka aku. Aku ya dadi tambah sayang karo dhèwèké.”​—Anna.

  • Aja nyekel HP terus.

    Ayat: ”Kabèh ana wektuné.”​—Pengkhotbah 3:1.

    Kanggo dipikirké: Apa njenengan kerep mbalesi chat utawa ndelok HP pas lagi omong-omongan karo bojo?

    Saran: Mangan bareng saben dina, ora kétang sepisan, terus HP-né disèlèhké sing adoh. Pas lagi mangan bareng, isa crita soal dina kuwi.

  • Nèk isa, blanja utawa nggarap gawéan omah bareng-bareng.

    Ayat: ”Wong loro bareng-bareng luwih apik timbang dhèwèkan, merga padha nampa luwih akèh manfaat saka kerja kerasé.”​—Pengkhotbah 4:9, cathetan ngisor.

    Kanggo dipikirké: Apa njenengan kerep nggarap gawéan omah dhéwé-dhéwé?

    Saran: Coba nggarap gawéan omah bareng-bareng, meskipun sakjané isa digarap dhèwèkan.

    ”Gawéan omah misalé blanja, cuci piring, nglempiti klambi, nyapu halaman, kuwi mendhing digarap wong loro waé bèn sisan isa berduaan.”​—Nina.

  • Aja meksa

    Ayat: ”Kowé kudu nduduhké marang kabèh wong nèk kowé seneng ngalah.”​—Filipi 4:5.

    Kanggo dipikirké: Apa buktiné nèk njenengan ora seneng meksa bojo?

    Saran: Diomongké bareng-bareng soal apa sing dibutuhké wong loro. Terus nggawé kesepakatan bèn loro-loroné isa seneng.

    ”Aku ki wongé gampang kesel, ora kaya bojoku. Dadi nèk bojoku péngin olahraga utawa dolan, ya wis bèn aku ngentèni ing omah waé. Dadi, aku karo bojoku padha-padha seneng.”​—Daniela.

    Kandhané para suami istri

    Jamin karo Kendra.

    ”Nèk mangan bareng, kuwi isa sisan karo omong-omongan utawa karo guyon. Suami karo istri isa bener-bener akrab, ora mung kaya kanca sak kamar.”​—Jamin karo Kendra.

    Monica karo Shawn.

    ”Mesthi kan kudu mangan, ta? Dadi mendhing mangan bareng waé. Mbiyèn pas isih cilik, aku kerep mangan bareng karo wong tuwaku. Kuwi dadi kenangan sing nyenengké banget kanggo aku. Makané aku saiki ya péngin kerep mangan bareng karo bojoku.”​—Monica karo Shawn.

Sing isa dirembug

Pertama, njenengan isa njawab pertanyaan-pertanyaan iki dhéwé-dhéwé. Bar kuwi, njenengan isa ngrembug jawabané bareng-bareng.

  • Apa njenengan kerep omong-omongan karo bojo?

  • Apa bojoné njenengan berupaya bèn isa tetep akrab karo njenengan? Nèk iya, coba pujinen.

  • Apa isih ana sing menurut njenengan kudu diupayakké bojoné njenengan?

  • Apa njenengan kerep mbalesi chat utawa mbukak HP pas bojoné njenengan lagi ngomong?

  • Apa buktiné nèk njenengan padha-padha ora seneng meksa?

  • Seminggu iki, apa sing kudu diupayakké bèn isa luwih akrab manèh?

Kesimpulan: Bèn Isa Luwih Akrab karo Bojo

  • Kudu ana luwih akèh wektu kanggo bojo.

  • Aja nyekel HP terus.

  • Nèk isa, blanja utawa nggarap gawéan omah bareng-bareng.

  • Aja meksa.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim