PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwhf artikel 31
  • Carané Bèn Ora Terus-terusan Cemburu

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Carané Bèn Ora Terus-terusan Cemburu
  • Bantuan kanggo Keluarga
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa cemburu kuwi salah?
  • Apa waé penyebabé cemburu buta?
  • Carané bèn ora gampang cemburu
  • Yusuf Sengsara Merga Kakang-kakangé Iri
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2020
  • Carané Bèn Suami Istri sing Wis Lansia Isa Tetep Harmonis
    Bantuan kanggo Keluarga
  • Carané Bèn Ora Terus-terusan Mikirké Gawéan
    Bantuan kanggo Keluarga
  • Apa Pengaruhé Tèknologi kanggo Suami Istri?
    Gatèkna!—2021
Bantuan kanggo Keluarga
ijwhf artikel 31
Istri sing jèngkèl ndelok bojoné ngobrol karo wong wédok liya pas ngumpul-ngumpul.

BANTUAN KANGGO KELUARGA | PERKAWINAN

Carané Bèn Ora Terus-terusan Cemburu

Perkawinan ora isa bahagia nèk suami istri ora saling percaya. Dadi, piyé bèn suami istri ora terus-terusan curiga lan cemburu?

Ing artikel iki bakal dibahas

  • Apa cemburu kuwi salah?

  • Apa waé penyebabé cemburu buta?

  • Carané bèn ora gampang cemburu

  • Piyé nèk bojoné njenengan cemburu?

  • Rembugen iki

Apa cemburu kuwi salah?

Cemburu kuwi perasaan jèngkèl utawa ora seneng wektu wong liya perhatian karo bojoné awaké dhéwé, utawa bojoné awaké dhéwé luwih perhatian karo wong liya. Awaké dhéwé mungkin ngrasa nèk kuwi bahaya lan suwé-suwé isa dadi masalah. Perasaan kuwi wajar lan ora salah. Soalé nèk wis nikah, suami istri dadi luwih akrab lan bakal berusaha bèn ora ana sing ngrusak perkawinané meréka.

Ayat: ”Wong lanang lan wong wédok kuwi dudu loro manèh, ning siji. . . . Apa sing wis didadèkké siji karo Gusti Allah ora éntuk dipisahké manungsa.”​—Matius 19:6.

”Cemburu kuwi kaya alarm kebakaran. Nèk muni berarti ana bahaya. Dadi, awaké dhéwé kudu langsung bertindak kanggo ngatasi kuwi.”​—Benjamin.

Tapi piyé nèk cemburu buta? Cemburu buta kuwi cemburu merga terus-terusan curiga lan terlalu kuwatir. Nèk bener-bener sayang karo bojo, awaké dhéwé ora bakal kaya ngono. (1 Korintus 13:4, 7) Dr. Robert L. Leahy nulis, ”Merga [cemburu buta], sikap lan tingkah lakuné njenengan isa nggawé hubungané njenengan karo bojo dadi ora bahagia.”a

Apa waé penyebabé cemburu buta?

Mungkin salah siji alesané merga njenengan tau nduwé bojo sing ora setya utawa njenengan wedi nèk bakal kaya wong tuwané njenengan sing cerai merga salah siji ora setya.

”Aku ora gampang percaya karo wong liya. Soalé pas aku isih cilik, bapakku tau selingkuh. Kuwi nggawé aku trauma, bahkan kadhang-kadhang aku nganti ora percaya karo bojoku.”​—Melissa.

Alesan liyané: Nèk kerep ngrasa kurang percaya diri, njenengan bakal terus-terusan curiga nèk wong liya bakal ngrusak perkawinané njenengan. Malah mungkin mulai kuwatir nèk bojoné njenengan bakal seneng karo wong liya lan akhiré ninggalké njenengan.

Apa waé alesané, cemburu buta isa nggawé njenengan terus-terusan nudhuh nèk bojoné njenengan ora setya. Nèk ngono terus, kuwi bahaya kanggo keséhatan lan suami istri ora isa bahagia.

Ayat: ”Cemburu kuwi kaya penyakit sing nggawé balung dadi bosok.”​—Wulang Bebasan 14:30, cathetan ngisor.

Carané bèn ora gampang cemburu

Berupaya kanggo tambah percaya. Daripada terus-terusan curiga nèk bojoné njenengan selingkuh, luwih apik mikirké bukti-buktiné nèk dhèwèké sayang karo njenengan.

”Aku mikirké sifat-sifat apiké bojoku. Bojoku ki mémang wongé perduli, dadi nèk dhèwèké perhatian karo wong liya kuwi mémang tulus lan ora ana motif liyané. Aku kudu terus éling nèk sing dialami wong tuwaku durung tentu tak alami.”​—Melissa.

Istri mau ndelok foto nikahané manèh karo mbukak Alkitab.

Ayat: ”Wong sing nduwé katresnan . . . percaya karo apa waé.”​—1 Korintus 13:4, 7.

Aja langsung nyimpulké. Dr. Leahy nulis, ”Kadhang awaké dhéwé ngrasa nèk sing dipikirké kuwi mesthi bener. Tapi, kadhang awaké dhéwé terlalu cepet nyimpulké, padahal kenyataané ora kaya ngono.”b

”Nèk terlalu curiga terus langsung nyimpulké nèk kuwi bener, kuwi malah isa marahi masalah.”​—Nadine.

Ayat: ”Kowé kudu nduduhké marang kabèh wong nèk kowé masuk akal.”​—Filipi 4:5, cathetan ngisor.

Critakna sing dikuwatirké. Nèk cemburu, critakna perasaané njenengan karo bojo. Terus rembugen apa waé sing isa diupayakké lan sikapé kudu piyé bèn ora nggawé cemburu.

”Pas lagi ngomongké sing dikuwatirké, aja nganti mikir èlèk sik soal bojoné njenengan. Isa waé dhèwèké lagi berusaha bèn ora nggawé njenengan cemburu. Percayaa nèk dhèwèké mikirké perasaané njenengan. Mungkin awaké dhéwé sing terlalu gampang cemburu, utawa terlalu nuntut. Mungkin dhèwèké ya ora ngerti nèk sakjané awaké dhéwé ki péngin luwih digatèkké.”​—Ciara.

Istri lagi nyritakké perasaané karo suami.

Ayat: ”Saben wong kudu mikirké kepentingané wong liya, dudu kepentingané dhéwé.”​—1 Korintus 10:24.

a b Saka buku The Jealousy Cure.

Piyé nèk bojoné njenengan cemburu?

Aja ngrèmèhké perasaané bojoné njenengan. Coba takona, bojoné njenengan kuwi cemburu merga apa. Kaya sing disebutké ing Alkitab, suami ’kudu pangertèn karo bojoné’. (1 Pétrus 3:7) Istri ya kudu ngetrapké pathokan kuwi. Suami utawa istri kudu pangertèn, apa manèh nèk mbiyèn bojoné tau diselingkuhi lan kuwatir nèk bakal diselingkuhi manèh.

Coba pikirna, ’Piyé sikapku karo lawan jenis wektu ketemu langsung utawa ing média sosial? Apa aku seneng nggodha? Nèk bojoku ngerti, piyé perasaané?’ Aja nganti omongan lan tingkah lakuné njenengan nggawé bojoné njenengan ngrasa ora disayang lan nganggep njenengan ora setya.

Rembugen iki

Nèk njenengan utawa bojoné njenengan cemburu, coba pikirna pertanyaan-pertanyaan iki sik. Coba golèka wektu kanggo ngrembug jawabané bareng-bareng. Élinga nèk ”kudu cepet ngrungokké, ora kesusu ngomong”.​—Yakobus 1:19.

  • Situasi apa waé sing isa nggawé njenengan cemburu?

  • Apa tingkah laku bojoné njenengan marahi cemburu? Nèk iya, contoné apa?

  • Apa njenengan cemburu merga alesan liya, misalé merga mbiyèn tau diselingkuhi?

  • Apa njenengan dadi tambah cemburu merga bojoné njenengan kakèhan dolanan média sosial?

  • Njenengan péngin bojoné njenengan ngupayakké apa?

  • Apa sing kudu diupayakké bèn bojoné njenengan yakin nèk njenengan sayang lan setya karo dhèwèké?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim