PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 98
  • Piyé Nèk Nilaiku Èlèk?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Nèk Nilaiku Èlèk?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Sing isa mbok tindakké
  • Piyé Carané Aku Isa Nduwé Hubungan sing Apik karo Guruku?
    Pitakonané Cah Enom
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 98
Bocah-bocah lagi mulih sekolah. Cah wédok kétok sedhih merga bijiné èlèk.

PITAKONANÉ CAH ENOM

Piyé Nèk Nilaiku Èlèk?

”Ana kanca-kanca sak kelasku sing ora tau nggawa buku lan malah ngrungokké lagu wektu ana guru sing lagi nerangké. Ning, bocah-bocah kuwi tetep ora trima wektu nilainé èlèk. Terus, ya ana bocah-bocah sing wis bener-bener sinau kaya aku, ning nilai ulangané tetep èlèk. Anèh banget! Aku bingung kenapa nilaiku tetep èlèk, padahal aku terus-terusan sinau nganti bengi.”​—Yolanda.

Apa kowé tau ngalami kaya ngono? Éntuk nilai sing èlèk kuwi isa nggawé kowé ngrasa sedhih, apa manèh nèk kuwi terus-terusan.

Cah enom sing nilainé èlèk biasané wis ora perduli manèh karo nilainé. Sing liyané malah ora gelem sekolah manèh. Kowé isa waé ya péngin nindakké sing padha, ning ana cara kanggo ngatasi masalah kuwi. Coba gatèkna limang cara bèn kowé isa éntuk nilai sing luwih apik.

  • Sing isa mbok tindakké

  • Kandhané kanca-kancamu

Sing isa mbok tindakké

  • Aja mbolos. Mungkin kowé wis ngerti nèk mbolos kuwi salah. Ning, sakliyané salah, kerep mbolos ya isa nggawé nilaimu tambah èlèk.

    ”Kanca-kanca ing sekolahku sing ora perduli karo nilainé biasané sering mbolos, lan kuwi nggawé nilainé bocah-bocah kuwi tambah èlèk.”​—Matthew.

    Pathokané Alkitab: ”Apa sing disebar wong, ya kuwi sing bakal dipanèn.”​—Galatia 6:7.

  • Kudu nggatèkké saben pelajaran. Ora mbolos kuwi sakjané wis apik. Ning, wektu ing sekolah, kowé ya kudu nggatèkké saben pelajaran. Wektu gurumu lagi mulang, kowé kudu nggatèkké lan nggawé cathetan. Nèk ana sing ora mudheng, takona karo gurumu.

    ”Wektu pelajaran aku sering takon karo guruku merga aku ngerti nèk guruku bakal nerangké luwih jelas wektu ana muridé sing ora mudheng.”​—Olivia.

    Pathokané Alkitab: ”Gatèkna caramu ngrungokké.”​—Lukas 8:18.

  • Aja nyonto. Nyonto kuwi tumindak ora jujur. Kuwi isa ditindakké nganggo akèh cara. Salah sijiné yaiku ngepèk jawabané kancamu. Kuwi ora mung tumindak ora jujur, ning ya nggawé kowé dadi males sinau.

    ”Wektu kowé ora isa ngerjakké soal, aja ngepèk jawabané kancamu. Kuwi malah nambahi masalahmu. Kowé dadi ora isa sinau carané ngrampungké masalah lan dadi biasa njagakké wong liya.”​—Jonathan.

    Pathokané Alkitab: ”Aku kabèh péngin tumindak jujur ing kabèh perkara.”​—Ibrani 13:18.

  • Nggarap PR. Nèk isa, garapen PR-mu sakdurungé nindakké kegiatan liya, misalé dolan.a Nèk PR-mu wis mbok garap, kowé isa nindakké kegiatan liyané tanpa beban.

    ”Wektu tekan omah, aku biasané péngin ndang turu utawa ngrungokké lagu. Ning, aku ngupaya nggarap PR dhisik, bar kuwi lagi ngaso. Merga nindakké kuwi, nilaiku dadi luwih apik.”​—Calvin.

    Pathokané Alkitab: ”Mastèkké perkara-perkara endi sing luwih penting.”​—Filipi 1:10.

  • Njaluk bantuan. Aja isin nampa bantuan saka wong liya. Njaluka bantuan saka wong tuwamu. Kowé ya isa njaluk bantuan saka gurumu soal carané isa éntuk nilai sing luwih apik. Sakliyané kuwi, kowé mungkin ya isa mèlu lès.

    ”Kowé isa langsung njaluk bantuané gurumu kanggo ngajari pelajaran sing kowé ora mudheng lan soal carané bèn nilaimu tambah apik. Gurumu mesthi seneng karo upayamu lan bakal mbantu kowé.”​—David.

    Pathokané Alkitab: ”Rancangan . . . bakal kaleksanan manawa dikanthèni juru pirembug akèh.”​—Wulang Bebasan 15:22.

Cah wédok main gitar.

Kaya ajar main alat musik, bèn bijiné apik ya kudu berupaya. Tapi kowé mesthi bakal ngrasa puas

Kandhané kanca-kancamu

Alexandra.

”Élinga nèk kesempatan kanggo suksès ing sekolah kuwi mung sepisan. Mula, kowé kudu ngupaya tenanan.”​—Alexandra.

Elijah.

”Kowé isa ngandhani gurumu soal cita-citamu. Mbiyèn pas isih sekolah, aku takon karo guruku apa sing kudu tak tindakké bèn nilaiku isa luwih apik. Aku mungkin kudu rémidi utawa malah éntuk tugas tambahan, ning kuwi ora masalah.”​—Elijah.

Mackenzie.

”Njaluka bantuan. Gurumu mesthi gelem mbantu nèk ngerti kowé ngupaya bèn isa éntuk nilai sing luwih apik.”​—Mackenzie.

Kesimpulan: Piyé nèk nilaiku èlèk?

  1. Aja mbolos.

  2. Kudu nggatèkké saben pelajaran.

  3. Aja nyonto.

  4. Nggarap PR.

  5. Njaluk bantuan.

a Bèn ngerti saran liyané soal carané isa sinau luwih apik, deloken artikel ”Pertanyaan Anak Muda . . . Bagaimana Supaya PR-ku Bisa Cepat Selesai?”

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim