Brais Seara/Moment via Getty Images
KUDU TERUS JAGA-JAGA
Apa Kekeringan Mémang Wis Diramalké ing Alkitab?
”Ing Tiongkok saiki lagi panas banget. Saking panasé nganti marahi kekeringan sing parah.”—The Guardian, 7 September 2022.
”Wis limang taun iki ing Afrika ana kekeringan.”—UN News, 26 Agustus 2022.
”Luwih saka setengahé Benua Eropa bakalé ana kekeringan. Iki bakal dadi kekeringan sing paling parah.”—BBC News, 23 Agustus 2022.
Para ahli ngomong nèk masalah kekeringan iki bakal dadi tambah parah. Nah, nèk menurut Alkitab piyé?
Ramalan ing Alkitab
Ing Alkitab wis diramalké:
”Ing endi-endi bakal ana kelaparan.”—Lukas 21:11.
Merga kekeringan, biasané bahan pangan dadi langka, terus wong-wong akhiré susah lan malah ana akèh sing mati merga kelaparan. Kuwi sesuai karo sing diramalké ing Alkitab.—Wahyu 6:6, 8.
Ngapa kok tambah parah
Menurut Alkitab:
”Wong sing mlaku ora isa ngarahké langkahé.”—Yérémia 10:23.
Maksudé, nèk manungsa ”ora isa ngarahké langkahé” dhéwé, berarti sakjané manungsa ya ora isa mréntah manungsa liyané. Makané, aturan pamréntah manungsa biasané malah marahi akèh masalah, misalé kekeringan.
Para ilmuwan setuju nèk manungsa kuwi sing marahi pemanasan global. Makané, ing endi-endi saiki dadi ana kekeringan.
Merga srakah, manungsa nggawé peraturan-peraturan sing ora bener. Akibaté, alamé dadi rusak. Misalé hutané dadi gundhul, akèh polusi, terus sumber-sumber banyu ya tercemar.
Tapi, ing Alkitab ana janji sing apik saka Gusti Allah.
Ana harapan apa?
Ing Alkitab Gusti Allah janji nèk sukmbèn ora ana manèh kekeringan. Piyé carané?
1. Gusti Allah ”bakal nyingkirké wong-wong sing lagi ngrusak bumi”. (Wahyu 11:18) Berarti, sukmbèn ora ana manèh wong-wong sing jahat lan srakah sing ngrusak lingkungan.—2 Timotius 3:1, 2.
2. ”Lemah sing gersang bakal dadi kolam.” (Yésaya 35:1, 6, 7) Sukmbèn, Gusti Allah bakal nggawé bumi iki dadi subur lan ora ana sing gersang.
3. ”Njenengan ngopèni bumi, nggawé tanahé subur lan ngasilké buah sing akèh.” (Mazmur 65:9) Sukmbèn ing bumi bakal ana akèh panganan lan banyu sing resik.