PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 85
  • Kelaparan Merga Perang lan Perubahan Iklim

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Kelaparan Merga Perang lan Perubahan Iklim
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Ramalan ing Alkitab
  • Saran lan harapan ing Alkitab
  • Kelaparan Merga Perang ing Ukraina
    Topik Liyané
  • Ana Keterangan Apa ing Alkitab soal Kelaparan?
    Topik Liyané
  • Peristiwa-Peristiwa Taun 2023 sing Nggawé Kuwatir
    Topik Liyané
  • Ngapa Kok Saiki Rega-Rega Padha Mundhak?
    Topik Liyané
Delok Kabèh
Topik Liyané
mrt artikel 85
Tangan sing lagi nyekel biji-bijian. Ing sekitaré ana tangan-tangan sing njaluk tapi ora kebagian.

hadynyah/E+ via Getty Images

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Kelaparan Merga Perang lan Perubahan Iklim

Merga perang ing Ukraina lan perubahan iklim, jumlah bahan pangan semakin berkurang. Malah ing beberapa dhaérah susah banget kanggo éntuk bahan pangan.

  • ”Jumlah bahan pangan semakin sithik merga ana perang, perubahan iklim, ènergi [gas, listrik, bahan bakar] sing tambah larang, lan liya-liyané.”​—Sekretaris-Jéndral PBB António Guterres,17 Juli 2023.

  • ”Rusia wis ora mèlu perjanjian èkspor gandum saka Ukraina. Para ahli ngomong nèk kuwi bakal nyebabké rega-rega bahan pangan tambah larang lan saya akèh sing kelaparan, terutama ing negara-negara miskin kaya ing wilayah Afrika Utara lan Timur Tengah.”​—Atalayar.com, 23 Juli 2023.

Ing Alkitab ana ramalan soal kelaparan lan harapan ing masa depan.

Ramalan ing Alkitab

  • Yésus ngramalké, ”Bangsa bakal nglawan bangsa, lan kerajaan nglawan kerajaan. Bakal ana kelaparan.”​—Matius 24:7.

  • Ing buku Wahyu ana ramalan soal jaran papat lan sing nunggang. Sing nunggang jaran abang nggambarké perang. Terus ing mburiné ana sing nunggang jaran ireng sing nggambarké kelaparan. Kuwi berarti bahan panganan bakal langka lan regané larang. Ing buku Wahyu disebutké, ”Aku ndelok ana jaran ireng, lan sing numpak jaran kuwi nyekel timbangan. Aku krungu ana swara . . . sing ngomong, ’Sak liter gandum regané sak dinar, lan telung liter barli regané sak dinar.’”—Wahyu 6:5, 6.

Ramalan-ramalan kuwi wis kelakon saiki ing ”akhir jaman”. (2 Timotius 3:1) Bèn ngerti apa waé sing kelakon ing ”akhir jaman”, deloken vidéo Keadaan Donya Kèt Taun 1914. Nèk péngin ngerti apa maksudé ramalan soal jaran papat ing buku Wahyu, wacanen artikel ”Jaran Papat lan sing Nunggang—Sapa Waé Kuwi?”

Saran lan harapan ing Alkitab

  • Ing Alkitab ana saran-saran sing isa bermanfaat pas bahan pangan lagi langka lan regané lagi larang. Contoné ana ing artikel ”Sing Isa Ditindakké Wektu Penghasilané Berkurang”.

  • Ing Alkitab ya ana harapan. Gusti Allah janji nèk sukmbèn ”bakal ana akèh pangan ing bumi” lan ora ana manèh sing kelaparan. (Mazmur 72:16) Apa janji kuwi isa dipercaya? Wacanen artikel ”Harapan ing Masa Depan”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim