PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 114
  • Menurut Alkitab, Ngapa Kok Saiki Ana Akèh Kejahatan?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Menurut Alkitab, Ngapa Kok Saiki Ana Akèh Kejahatan?
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Keterangan ing Alkitab soal kejahatan
  • Apa Waé Tandhané ”Akhir Jaman”?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Yésus Bakal Nyingkirké Kejahatan
    Topik Liyané
  • Apa Kelakuané Wong-Wong Saiki Mémang Wis Diramalké ing Alkitab?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
Topik Liyané
mrt artikel 114
Toko sing kacané pecah. Ing njeroné ana wong-wong sing njarah barang-barang.

Yan Zabolotnyi/stock.adobe.com

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Menurut Alkitab, Ngapa Kok Saiki Ana Akèh Kejahatan?

Ing Haiti, ana akèh gèng sing kejem lan seneng ngrusak barangé wong liya. Ing Afrika Selatan, Meksiko, lan negara-negara liyané ing Amerika Latin, ya ana akèh kejahatan sing nggawé wong-wong uripé susah. Meskipun ana dhaérah sing tingkat kejahatané ora parah kaya negara-negara mau, tapi wong-wong tetep ngrasa kuwatir merga krungu berita soal pencurian utawa wong-wong sing seneng ngrusak lan mbakar barangé wong liya.

Kenapa kok saiki ana akèh wong sing seneng nglanggar hukum? Ing Alkitab ana keterangan apa soal kuwi?

Keterangan ing Alkitab soal kejahatan

Ing Alkitab wis disebutké nèk kejahatan bakal dadi ”tandhané akhir jaman”. (Matius 24:3) Yésus ngomong kaya ngéné:

  • ”Merga akèh sing nglanggar hukum, akèh wong suwé-suwé ora nduwé katresnan manèh.”—Matius 24:12.

Ing Alkitab ya disebutké ”nèk ing akhir jaman”, wong-wong ’ora isa ngendhalèni dhiri, kejem, lan sengit karo apa sing apik’. (2 Timotius 3:1-5) Sifat-sifat kuwi sing marakké saiki dadi ana akèh kejahatan.

Tapi, keadaané ora bakal ngéné terus. Ing Alkitab ana janji nèk sukmbèn ora bakal ana manèh kejahatan.

  • ”Sedhéla manèh, wong sing jahat ora bakal ana manèh. Nèk mbok gatèkké panggonané, dhèwèké wis ora ana manèh ing kono. Tapi wong sing wataké alus bakal terus manggon ing bumi. Wong-wong kuwi bakal seneng merga ngrasa ayem banget.”—Mazmur 37:10, 11.

Nèk péngin ngerti janji-janji liyané ing Alkitab lan ramalan-ramalan sing wis kelakon saiki, wacanen artikel:

”Harapan ing Masa Depan”

”Apa Waé Tandhané ’Akhir Jaman’?”

”Apa Kelakuané Wong-Wong Saiki Mémang Wis Diramalké ing Alkitab?”

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim